Anda di halaman 1dari 1

Nama

Kelas
No

:Abdul Maimun Z
:XII MIPA 1
:02

BARITAN
Baritan inggih punika salah satunggaling kebudayaan saking daerah pesisir kabupaten
pemalang,jawa tengah.Biasanipun baritan dipun laksanakaken wonten teng kongsi/TPI
(tempat pelelangan ikan) teng desa Asemdoyong utawi desa Tanjungsari.Tradisi niki
dilaksanakaken awujud saking raos sukur wonten ing ngarsanipun Allah SWT ingkang
sampun maringi rezeki ingkang melimpah saking hasil melautipun.Biasanipun baritan diikuti
kaliyan sedaya nelayan ing pemalang lan kaliyan masyarakat ingkang purun.
Tradisi menika biasane dipunlaksanakaken wonten teng wulan mulud dinten
selasa/jumat kliwon utawi 1 syuro(tahun baru hijriyah).Baritan menika dilaksanakaken kanthi
cara nglarung hasil bumi,jajanan pasar,lan buah-buahan wonten teng tengah laut.Ingkang
dados menarik,saliyane hasil bumi,jajanan pasar lan buah-buahan ugi nglarung endas
kebo.Upacara menika biasane dipun laksanakaken kanthi waktu 3 dinten 3 wengi.
Tradisi baritan menika uga kangge donga para nelayan supados anggenipun melaut
saged selamet lan mboten wonten alangan punapakemawon.Tradisi baritan menika
setunggaling saking kebudayaan nelayan ingkang wonten teng daerah pesisir pantai utara
jawa.
Upacara adat baritan wonten teng kalangan masyarakat pesisir pantai pemalang
sampun dados kebiasaan saking jaman rumiyin lan dados kebutuhan ingkang wajib
dilaksanakaken wonten teng setiap tahunipun. Biasane upacara baritan dipun pimpin kaliyan
nelayan setempat ingkang dianggap sesepuh lan nggadahi pengetahuan lebih tenimbang
masyarakat liyanipun.
Tradisi baritan menika salah satunggaling media utawi tata cara ritual kangge
interaksi manugsa kaliyan penciptanipun.Kangge tuladhanipun pelarungan endas kebo
ingkang tujuanipun kangge nglancaraken pekerjaan ngucali iwak.

Anda mungkin juga menyukai