Anda di halaman 1dari 1

KI HAJAR DEWANTARA

Ki Hajar Dewantara satunggaling panutan pendhidhikan nasional ingkang lair wonten


ing Ngayogyakarta, 2 Mei 1889. Lair saking keluargi bangsawan ngayogyakarta.
Panjenenganipun kagungan asma asli Raden Mas Suwardi Suryaningrat.
Minangka tiyang ingkang lair saking keluarga bangsawan, Ki Hajar Dewantara kalebet sae nasibipun, awit saged
dherek sekolah wekdal punika. Panjejenganipun namataken sekolah dasar wonten ELS (Europeesche Lagere School),
saha saged nglajengaken pendhidhikan wonten sekolah kedokteran STOVIA (School tot Opleiding van Indische Artsen)
ananging mboten ngantos tamat, awit panjenenganipun sakit.
Suwardi rikala tesih enom nyambut damel minangka juru tulis saha wartawan mawarni-warni serat kabar.
Minangka juru tulis, Suwardi dipun kenal awit tulisanipun sanget tanggap kaliyan perkawis-perkawis sosial, terutami
perkawis penjajahan Walanda.
Saklebeting tahun 1913 pemerintah kolonial Hindia Walanda kagungan kersa ngumpulaken sumbangan saking
warga asli kangge mengeti dinten kamardikan Wulanda saking Prancis. Kedadosan punika dados kritikan kathah saking
para kaum nasionalis, kalebet Suwardi. Panjenenganipun lajeng damel surat kanthi judul “Als ik een Naderlander was”
(umpami kula tiyang Wulanda) ingkang dipun serat salebeting serat pawartos De Expreesingkang dipun pimpin Douwes
Dekker.
Akibatipun saking pawartas punika, Suwardi dipun cepeng, lajeng dipun singkiraken wonten Bangka. Keputusan
pemerintah kolonial menika lajeng angsal protes saking kalih rencangipun Suwardi inggih punika Douwes Dekker saha
Tjipto Mangoenkusuma. Akhiripun Suwardi saha kekalih rencangipun lajeng dipun kenal Tiga Serangkai. Tiga Serangkai
punika disingkiraken wonten negara Wulanda.
Sak kunduripun saking pakunjaran, wonten wulan September 1919 Suwardi wekdal punika sampun yuswa 33
tahun. Suwardi mutusaken badhe ngicali gelar kebangsawanan saking asmanipun, saha gantos asma dados Ki Hajar
Dewantara. Ki Hajar Dewantara mlebet wonten sekolah anak-anak pribumi. Ingkang mucal inggih menika sedherek
piyambak ingkang gadhah pengalaman ngajar. Tanggal 3 Juli 1922 Ki Hajar Dewantara lajeng damel pawiyatan luhur
Taman Siswa wonten Ngayogyakarta.
Dasar-dasar ajaranipun Ki Hajar Dewantara ingkang dados panutan wonten ing Taman Siswa inggih punika:
1. Ing ngarsa sung tuladha (menawi dados pemimpin maringi tuladha)
2. Ing madya mangun karsa (wonten tengah damel semangat)
3. Tut wuri handayani (wontwn wingking maringi dukungan)
Sak sampunipun kamardikan Indonesia, Ki Hajar Dewantara nate dados Menteri Pendhidhikan, Pengajaran, saha
Kebudayaan Indonesia. Wonten tahun 1957 panjenenganipun angsal gelar Doctor Honoris Causa saking Universitas
Gajah Mada. Kinten-kinten kalih taun saksampunipun nampi gelar wau, tanggal 28 April 1959 Ki Hajar Dewantara seda,
lajeng dipun sarekaken wonten Ngayogyakarta.
Ki Hajar Dewantara dipuntetapaken dados pahlawan nasional tanggal 28 November 1959 lumantar serat
keputusan presiden Indonesia nomor 305 tahun. Kangge ngormati jasa-jasa Ki Hajar Dewantara minangka bapak
pendhidhikan nasional, saben tanggal 2 Mei dipunpengeti minangka dinten pendhidhikan nasional.

Anda mungkin juga menyukai