Anda di halaman 1dari 2

KUNCI JAWABAN SOAL UTAMA

PTS SEMESTER GASAL KELAS 9 KTSP

I. ESSAY

31. Jingga : “Bu, badhe nyuwun pirsa.”


Bu Vita : “Iya cah ayu, mangga. Ajeng tanglet napa?”
Jingga : “Kula kaliyan Ema nembe bingung babagan ndamel sesorah kangge
nderek lomba mbenjing Ahad, Bu.”
Bu Vita : “Lha kok bingung kepriye cah ayu? Sing bingung bab napa?”
Ema : “Ngaten Bu, cengkorongan anggenipun ndamel sesorah punapa
kemawon nggih Bu?”
Bu Vita : “Oalah, cengkorongane ya padha karo sesorah liyane ta cah ayu.
Pisanan salam pambuka, pambuka/purwaka, isi/surasa,
panutup/wasana, lan pungkasan salam panutup. Piye cah ayu, isih
bingung?”
Jingga : “Ingkang isi/surasa punika kedah jumbuh kaliyan adicarane nggih,
Bu?”
Bu Vita : “Iya, bener. Pancen kudune pas karo acarane, yen ora malah diguyu
sing mbiji mengko.”
Ema : “Inggih Bu, matur nuwun sanget nggih.”
Bu Vita : “Padha-padha cah ayu. Muga-muga sukses ya lombane.”
Jingga : “Inggih Bu.”

32. a. Peksi Jathayu: seneng tetulung marang sapa wae kang mbutuhake
b. Dewi Shinta: setya tuhu marang garwane
c. Rahwana: angkara murka
33. Bapak ndamel kandhang ngagem kajeng sengon.
34. Layang iku ditulis tanggal 23 Juli 2018.
35. a. Jenang gula = gulali / glali
b. Klapa mudha = degan
KUNCI JAWABAN SOAL SUSULAN
PTS SEMESTER GASAL KELAS 9 KTSP

II. ESSAY

31. Deni : “Pak, kangge mengeti dinten kamardhikan kaping 73, dusun kita
badhe ngawontenaken lomba-lomba punapa boten nggih?”
Pak Lurah : “Lho ya mesti kudune ana lomba-lomba, supaya para warga
tambah rukun lan ngenang perjuwangane para pahlawan.”
Deni : “Nggih, sarujuk Pak. Miturut njenengan saenipun lomba punapa
kemawon nggih?”
Pak Lurah : “Becike ditrepke karo danane wae, Den.”
Deni : “Niki kula kaliyan kanca-kanca kagungan ide ndamel proposal
kangge ngajokaken lomba-lomba punika, lan supados pikantuk
dana langkung kathah kangge hadiah ingkang menang.”
Pak Lurah : “Wah, apik tenan yen ngono kuwi, Den. Sesuk proposale gawa
mrene ya, dak tanda tangani yen wis bener.”
Deni : “Inggih, Pak. Matur nuwun sanget.”

Anda mungkin juga menyukai