Budaya Luhur Sekaten
Budaya Luhur Sekaten
14 / XI MIPA 2
Assalamu'alaikum wr. wb
Salam Budaya!
Shalawat saha salam, kula lan panjenengan ngaturaken dhumateng Nabi Agung
Muhammad SAW, ingkang kula lan panjenengan ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang
wonten ing dinten Yaumul Kiyamah. allahumma, Amin.
Wonten ing wekdal punika kula badhe urun rembug babagan upacara sekaten.
Upacara Sekaten asalipun saking tembung Syahadatain nggih menika acara pengetan
ulang taun nabi Muhammad SAW ingkang dipunwontenaken ing saben surya kaping
5 wulan Mulud utawi Rabiul Awal taun Hijriah. Wondene panggenanipun wonten
Alun-alun ler Ngayogyakarta. Upacara menika wonten jaman Sultan
Hamengkubuwana I, dados satunggaling cara kagem ngaturi masyarakat memeluk
agami Islam.
Sejarah sekaten diwiwiti saking kerajaan Demak bilih Raden Patah punika
nggadahi pangarep bilih tiyang jawa saged dados islam ingkang kaffah utawa
sampurna.Sunan Kalijaga banjur paring urun rembung bilih tradisi jawa ingkang
sampun wonten sakderengipun dipuncampur kaliyan islam. Saklajengipun
dipundamel upacara ingkang narik kawigaten kagem mengeti lairipun Nabi
Muhammad nggih menika sekaten.
Wonten dinten sepisan, upacara sekaten menika kawiwitan kala dalu kaliyan
kirab para punggawa kraton utawi abdi dalem sesarengan kaliyan kalih set gamelan
Jawi ingkang anggadahi asma Kyai Nogowilogo ugi Kyai Gunturmadu. Upacara
menika kawiwit saking pendhapo Ponconiti dumugi masjid Agung Alun-alun ler
kanthi dikawal dening prajurit Kraton. Gamelan kanthi asma Kyai Nogowilogo badhe
pun papakaken wonten sisih ler saking Masjid Agung, sawentara menika gamelan
kanthi asma Kyai Gunturmadu badhe anetepi wonten ing Pagongan sisih kidul masjid
Agung menika. Gamelan-gamelan menika badhe dipunamengaken saupakara
sarengan ngantos kaliyan surya 11 wulan Mulud, salebetipun 7 dinten. Wonten dinten
terakhir, kekalih gamelan menika badhe dipunampil kondur mlebet Kraton maleh.
Setunggal gunungan ingkang pidamel saking uwos ketan, dhaharan, ugi buah-
buahan mawi sayur-sayuran badhe dipunbetha saking Kemandungan nglangkungi
Sitihinggil ugi Pagelaran temuju masjid Agung. Saksampune, gunungan ingkang
nglambangaken kasejahteraan kraton Mataram menika dipunbagekaken dhateng
masyarakat ingkang nganggep menawi bahan utawi bagian saking gunungan menika
saged maringi berkah kagem piyambakipun sedaya. Bagian gunungan ingkang
dianggep sakral menika biasanipun dipunbeta kondur ugi dipuntenem teng sabin
kersanipun sabin piyambakipun sedaya dados subur ugi bebas saking samukawis
pageblu.
Cara Formal,
yaiku kanthi nyiptakake masyarakat sing nduweni integritas / integritas sing dhuwur,
iki diwujudake dening:
Informal,
Yaiku pendekatan dhening generasi mudha kanggo tradhisi garebeg lan sekaten
kanthi:
Sahengga kula lan panjenengan sedaya saged nguri-uri tradisi sekaten amarga
sekaten punika sampun dadosaken identitas tiyang jawa. Supados budaya jawa
menika mboten punah wonten ing jaman saklajengipun. Anggenipun kula lan
penjengen sedaya saged tindakaken kagem nglestantunaken tradisi sekaten ingkang
gampil inggih menika rawuh lan nyinau tradisi sekaten langsung.
Wassalamu'alaikum wr.wb