Anda di halaman 1dari 2

1.

Balangan Suruh
Balangan Suruh yaiku upacara kan miwiti upacara panggih jangkep kang
wujude penganten kakung lan putri padha balangke gontal. Gontal kui
godong sirih sing dilinting karo benang putih. Godong sirih duweni arti
penganten kakung lan putri iso dadi siji ning cipta, karsa, lan karya. Upacara
balngan suruh duweni tujuan yaiku mugo kabeh iso nglewati lan diadohke
saka goadaan uga manten sakloron iso tambah setya lan tresna marang
sesame.
2. Wiji Dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganthi pecah. Banjur penganten
putri ngresiki sikile penganten kakung nganggo banyu kembang kang
nduweni arti minangka penganten putri duweni rasa sopan karo penganten
kakung. Sakwise kui penganten kakukng uga bakal ngewangi penganten
putri ngadek sing nglambangake Manawa penganten putra duweni rasa
hormat karo penganten putri. Upacara wiji dadi iki minangka parlembang
sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab marang keluargane.
3. Sinduran
Sindur utawa isin mundur sing artine ora pernah nyerah, maksude manten
siap ngadepi alangan-alangan rumah tangga kanthi bareng-bareng.
Penganten sakloron disampirake kain sindur dening ibu manten putri, lan
pucuke digoceki dening bapak manten putri. Banjur ibu manten putri
ngetutake saka mburi kanthi mlaku alon-alon minangka tandha pralambang
pinanganten sakloron wis tinampa dadi keluarga. Kain sindur ingkang
warnanipun abang lan putih nglambangake persatuan saking bapak uga ibu.
4. Bobot Timbang
Manten sakloron kapangku dening bapak manten putri lan bakal ana ritual
kanggo nimbang penganten sakloron. Banjur ibu manten putri munggah ing
panggung lan takon karo bapake “sapa sing luwih abot?” banjur yen bapake
mangsuli loro karone abote padha, kanthi pacelathon iki dikarepke bocah iku
ngerti yen ora ana sing bedakke kasih sayang saklorone. Dadi upacara bobot
timbang iki duweni makna yen katresnane wong tuwa karo anak lan mantu
iku padha.
5. Kacar Kucur
Manten kakung nyuntak kain abang sing isine kacang dele, kacang tanah,
gabah, pari, beras kuning, jagung, bunga setaman, bumbu dapur, lan koin
ning manten putri. Proses iki minangka wujud simbolis kepriye suami
tanggung jawab marang kebutuhan kaluwargane khanti menehi penghasilan
marang bojone. Banjur garwane bakal nampa kanthi gumedenging ati
maksude bojoone bakal dadiibu rumah tangga sing iso ngatur kebutuhan
rumah tangga sak bendinane.
6. Dhahar Klimah
Dhahar Klimah utawa dulangan minangka salah sawijining upacara jawa
ingkang loro karone penganten pada mangan dulang-dulangan. Makna saka
upacara iki yaiku penganten iso urip kanthi harmonis, saling nulungi, susah
seneng di lakoni bareng-bareng kanthi rasa tresna.
7. Sungkeman
Bapak lan ibu manten disumanggaakae kanggo lunggh wonten ing
panggonan ingkang sampun disiapke. Terus penganten mara menyang wong
tua kang diawali saka bapak utawa ibu manten putri. Sakwise tekan
panggonan wong tua manten putri, penganten lenggah simpuh dilanjutake
sungkeman lan pangestu. Manten tuker posisi dilanjutake nyuwun donga.
Sakbare kui penganten ganti mara ing wong tua manten kakung kanggo
nyuwun donga lan pangestu. Upacara adat sungkeman iki duweni makna
nyuwun donga supaya bisa urip bebrayan kanthi becik lan ngucapake
maturnuwun amerga wis dididik lan digedheake nganti saiki wis arep
berkeluarga.

Anda mungkin juga menyukai