Disusun oleh:
Reforma Pandu Waskito (2601417064)
Amanat yang dapat diambil pada cerkak dengan judul Wit Pelem karya Ary Nurdiana
adalah sebagai manusia sudah semesinya bersifat rendah hati dan sabar dalam menghadapi
masalah sesuatu. Seperti yang dialami oleh tokoh utama Darni yang selalu diganggu dan
dijahati oleh Kang Tarji. Namun dalam menghadapi masalah tersebut Darni hanya sabar dan
berdoa kepada Allah bahwa segala sesuatu sudah takdir-Nya. Selain itu sejahat apapun
sebenci apapun orang lain terhadap kita pasti akan membutuhkan kita suatu saat nanti. Seperti
Tarji yang selama itu menjahati Darni gara-gara hal sepele dan meminta pohon mangga milik
Darni untuk ditebang tetapi akhrinya Tarji malah butuh mangga itu juga untuk memenuhi
istrinya yang sedang ngidam.
WIT PELEM
Karya Ary Nurdiana
ANGGER bali saka lunga, ana-ana bae critane Bulik Tarti babagan wit pelem ngarep
omah sing lagi woh ndadi. Biasane tekaku dipapag kanthi crita sing heroik.
"Jan tenan lho, Ndhuk. Tarji kuwi ora duwe isin. Mosok wingi menek wuwung
omahmu njur undhuh pelemmu sak kresek gedhi. Dak elingake malah nesu.” Mengkono
unine Bulik Tarti minggu kepungkur nalika aku lagi bali saka Bojonegoro. Oleh wadulane
Bulik Tarti sing omahe ngarep omahku kuwi aku mung mesem.
"Kersanipun, Bulik. Pelem kemawon lho, mbok bilih pas pengin ngrujak.” Semaurku
karo nglebokake tas klambi reged. Bulik Tarti isih ngetutake aku mlebu menyang omah.
"Nanging kuwi jenenge nyolong, Ndhuk. Pas awakmu neng omah, geneya ora taren
apik-apikan? Diapak-apakna awakmu kudu negur. Aku gelem dadi saksi.” Bulik Tarti ngeyel
manas manasi atiku. Babar pisan ora ngerteni yen awakku isih kesel bubar sepedhah motoran
saka Bojonegara.
Ana ngarep omah pancen ana wit pelem Madu saka Proboinggo sing wis tuwa umure.
Wit pelem iku umure wis pitulikur tahun. Dak tandur nalika aku isih kuliah ana Malang
biyen.Winih wit pelem iku olehe menehi kanca raketku sing jenenge Romlah. Kamangka
saiki wae aku ora ngerti dumununge Romlah ana ngendi. Mula, wit pelem kuwi ibarate
kenang-kenanganku nalika aku isih kuliah karo Romlah.
Wit pelem kuwi dak tandur karo tanganku dewe ana tengah Kebon onahku. Nanging,
bareng bola-bali omahku sing papane ana pinggir dalan kuwi kena pelebaran dalan, kahanan
posisine wit pelem kuwi rubah dadi urip ana pinggir dalan gedhe. Ora beda karo wit liyane,
kaya ta akasia, kersen, apa wit asem, wit pelemku alih fungsi dadi pangayom dalan.
Kahanane ora ngganggu lalu lintas. Malah yen pas uwoh ndadi, truk utawa kendaraan gedhe
liyane mandheg mung sak derma arep methik woh sing gemrandhul ana ndalan.
Rong tahun kepungkur dunadakan ibu dodolan toko sing ana iringan omah sak papan
lemahe. Tanpa timbangan putra putrine toko kuwi didol menyang Kang Tarji anake tangga
lor omah. Arep kepriye maneh, anak-anake ora melu duwe hak, mula usul apa wae wis ora
bias menggak kersane ibu. Ngendikane ibu yen kahanane ibu pas ijen, Tarji sak anak bojone
kena dadi kanca. Amarga putra putrine duwe panguripan dhewe-dhewe lan ora ana sing kena
dicencang ana omah. Nanging bareng ibu seda lan aku sing kepatah nunggu omah prabon,
sikape Tarji lan keluwargane owah. Marang aku sak keluwarga kaya musuh sikape. Jalaran
dheweke nate nembung marang aku arep nempil omahku sing lor ben omahe dadi ombo gek
aku ora oleh. Miturutku, omah kok ditugel-tugel kaya apa wae.
Kaya padatane yen dina Sabtu lan Minggu aku lan kulawargaku kerep menyang njaba
kutha. Minggu iki aku ana acara menyang Yogyakarta Bedhah bukune kanca Madiun ana
Mangkunegaran Yogyakarta. Dina Senin esuk jam sanga aku tekan omah.
"Mbak, lagi bali ?" Swarane Si Dhe ngagetake aku. Biasane sing mapak tekaku ki
Bulik Tarti. Kok kadingaren iki ora ketok babar pisan.
"Iya, Dhe. Saka Yogja undhangan bedhah buku. Bulik Tarti kok ora ketok ?"
pitakonku karo nglebokake tas ransel.
"Awak e ngelu, Mbak. Anu, Mbak, arep matur. Wingi warga kerja bakti lingkungan.
Wong-wong ngelak, njur padha ngundhuhi pelemmu. Pang sing malang menyang rattan
ditegor, amarga jare Tarji kerep malang truk liwat.” Si Dhe menehi katrangan. Aku ndhongak
nyawang wit pelem ngarep onmah. Jebul bener katrangane Si Dhe. Pang sing tumuju
menyang rattan wis ilang kepangkas. Kamangka miturutku sak suwene iki ora ngganggu lalu
lintas. Arep kepriye maneh, wis kadhung.
"Sing negor pihak petugas pertamanan kutha, sing nyeluk Tarji. jare kanca rakete
Tarji.” Si Dhe menehi katrangan maneh nalika nyawang alisku gathuk. Aku mung isa unjal
ambegan dawa. Woh sing biasane gumandhul rembuyung ledhung-ledhung godhonge, saiki
ludhes. Padhang njingglang sitik wae ora dingengehi
"Ora apa-apa, Dhe. Wong pelem wae. Ya mung sayange kok ora ngengeh sak
dhompol wae kangso Dian anakku." semaurku entheng.
Dumadakan swarane Tarji wis ana sandhingku kaya bledheg nyamber-nyamber.
"Beja ora ditegor kabeh. Sawangen kae lho, oyote ndhongkel plataranku." Keprungu
unine Kang Tarji kuwi aku ya rada semremet.
"Wit pelem kuwi kudu ditegor ! Plataranku pecah kabeh semene. Lek awakmu ora
gelem negor, wit mu pelem dak trasi ben garing mati. Apa perlu dak celukke kancaku petugas
pertamanan kutha maneh?” Jare Kang Tarji sing wonge pancen klebu warokan kuwi.
Terkenal marok lan sak karepe dhewe. Apa maneh babagan duga, babar pisan ora duwe. Yen
mbengkel njajal motor sing didandani jam loro awan ya wang weng ora peduli tanggane lara
apa turu.
Mripatku nyawang antep marang dheweke. Dak sawang praupane Kang Tarji abang ireng
kebak kamurkan. Aku unjal ambegan dawa.
“Kang Tarji, wit pelem kuwi sing nandur aku nalika aku isih kuliah biyen. Umure wis
pitulikur taun, ateges mapan ana kana ya wis pitulikur taun. Yen ndhongkel omah kudune rak ya wit
biyen, ora saiki sakwise njenengan manggon kono. Sawangen ta, tembok omahe dhewe ora ana
sing mlethek sithik wae, ora ana sing bengkah. Dadi miturutku pecahe plesteran emper
omahmu kuwi ora merga wit pelem, nanging amarga panas lan kerep kena kutahan oli
olehmu mbengkel. Lha kuwi sawangen emperku ora pecah babar pisan." Semaurku karo
mesem. Lagi rong tahun manggon ana papan kene wae wis arep marok ora bias dijak
tetanggan. Sakjane aku ya gregeten nyawang prilakune sing kurang duga kuwi. Dheweke
babar pisan ora kelingan yen kerep menikmati hasile, masio nyolong-nyolong. Kamangka
babar pisan ora tau dak rembug apa dak uneni.
Mak sliut, Kang Tarji banjur ngalih. Si Dhe sing ndelok adegan iki mung mlongo, ora
ngira yen bakal ana kedadeyan sing kaya mengkene.
"Aku kok ora mudheng karo karepe Kang Tarji ta, Mbak." Si Dhe unjal ambegan
dawa karo kukur-kukur sirahe sing ora gatel.
Pancen emper omah sing saiki dipanggoni Kang Tarji kuwi saiki pecah-pecah.
Kamangka nalika ibu sing nggawe dienggo toko ora tau rusak. Apa merga saiki dienggo
mbengkel kuwi ya ora ngerti. Yen tembok babar pisan ora ana sing bengkah apa mlethek.
Wiwit kedadeyan kuwi, olehku tetanggan karo Kang Tarji kurang harmonis. Ning ora
tau kedadeyan nganti padon antarane keluwargaku lan keluwargane. Mung meneng-
menengan. Yen aku kepethuk karo Nyonya Tarji, ya biasa wae, blas ora nate ngrembug
babagan wit pelem. Malah nalika arisan mapan ana omahe Kang Tarji, aku ya teka. Kabeh
dak rasakake adhem ayem. Masio sakjane ngono perang dingin.
Kuwi kabukten saka rencanane Kang Tarji mateni wit pelemku. Sajake bener-bener
dileksanakne, dudu mung ancaman kosong. Kuwi bias kabukten saka kahanan wit pelem
ngarep omah sing kahanane saiki dadi garing pang lan godhonge. Pancen ora kabeh, mung
sing sisih lor. Godhonge wiwit kemlingking garing lan gogrog. Nyawang kahanan kuwi aku
mung pasrah. Aku ora duwe bukti kanggo nuntut apa wae marang Kang Tarji. Bisaku mung
ikhlas, wis ben yen pancen kekarebane ngono.
"Bunda, wit peleme arep mati." Swarane Dian gela. Kepriye ora gela ? Wit pelem
kuwi prasasat wong sak lurung ngalor ngidul ngrasakake hasile. Malah kekirim tekan endi-
endi sedulur sing ngersakne. Babar pisan ora tau tak tebasake kaya wit-wit pelem liyane.
Wohe rasane legi banget, ora padha karo pelem Probolinggo liyane. Yen panen dak dum
marang tangga teparo, prasasatkabeh keduman.
"Ora, Ndhuk, insya'allah ora mati. Wit pelem kuwi migunani kanggo wong akeh.
Prasasat tangga teparo kabeh keduman." Tanganku ngelus rambute anakku Dian.
"Eman nggih, Bu, yen mati."
"Ya eman banget. Wis, gak usah dipikir, dipasrahake marang sing gawe urip. Mati
uripe makhluk kuwi sing ngersakake Gusti Allah, Ndhuk."
"Inggih, Bu."
"Ora ana siji wae godhong ceblok yen Gusti Allah ora ngersakake."
Aku mbayangake pasuryane Romlah kanca raketku. Embuh saiki sliramu dumunung
ana ngendi, Jeng...
###
Mangsa mbedhidhing teka maneh. Ateges iki wis wayah pelem kembang. Sak suwene
iki aku berusaha nglalekake perkara wit pelem. Putusanku, yen pancen dikersakne mati ya
ben mati, yen dikersakne urip, mesthi urip. Subhannalloh, wit pelem sing maune pang-pange
garing, godhonge padha gogrog, dak sawang kahanane dadi sak walike. Pang-pang kang
thukul anyar trubus bareng karo metune kembang. Jan ndadi banget kaya ora sak baene.
Kamangka wis di trasi dening Kang Tarji. Apa trasi kuwi malah dadi rabuk ya ? Kasunyatan
kahanan wit pelem kuwi saiki malah ora kaya padatane. Kembange ngrumpul, malah sing wis
dadi pentil wis akeh. Godhonge rembuyung ledhung-ledhung, kaya-kaya pange arep semplah
ora kuwat nyangga kembang lan woh.
"Assalammu'alaikum..."
"Wa'alaikumsálam..." semaurku karo mbukak lawang. Jebul Kang Tarji, Aku
nggumun karo tekane. Arep menyang apa maneh?
"Mbak Darni, arep matur. Bojoku ki ngidham maneh. Njaluk diundhuhake pelem
njenengan sing ana ndhuwur wuwung. Dheweke pengin ngrujak..." unine karo rada isin.
Aku mlongo.
"Lho, apa ana sing weis tuwek ta, Kang?"
"Wis ana sak dhompol ana ndhuwur wuwung."
"Oalah...mbok ya kono dipundhut..." semaurku entheng. Kang Tarji mulih sakwise
maturnuwun. Wong pelem wae lho. Jenenge wong ngidham kudu keturutan. Alhamdulillah,
gene masio wis ditrasi ora mati malah ndadi, lan bisa nuruti kekarepane ati bojone Kang Tarji
sing lagi ngidham. Muga-muga kanthi ngidhame bojone kepinginan kanggo mateni wit
pelemku wis pupus.
###