Anda di halaman 1dari 4

Mapel

: Bahasa dan Sastra Daerah

Guru mapel : Aminatur Rochmah


Nama : Amirotul Khifana
Kelas : IX E
No Absen : 04

TEKS LAPORAN KEGIATAN

Laporan kegiatan yaiku laporan kang disusun sawise kegiatan wis rampung dileksanakake.
Laporan kegiatan minangka pertanggungjawaban marang pawongan utawa lembaga sing menehi tugas
kegiatan. Panulise laporan kegiatan kudu runtut, gampang dimangerteni sapa wae.

Nyemak Tuladha Teks Laporan Kegiatan


LAPORAN KEGIATAN PARIWISATA
MENYANG YOGYAKARTA

1. Pambuka
1.1. Lelandhesane Pamedharan
SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata.
Karya wisata mung mligi kanggo para siswa kelas IX. Miturut dhawuhe Bapak Kepala Sekolah,
para siswa ora mung sinau ing njero kelas wae. Kanggo nambahi jembare wawasan tumrap bab-
bab sing wis disinaoni ing kelas, para siswa perlu sinau ing laboratorium alam.
Laboratorium alam sawijining panggonan kang cocog kanggo mbuktekake apa-apa sing
wis tau disinaoni dening para siswa. Kanthi mangkono para siswa ora mung ngangen-angen wae,
nanging weruh lan ngerti tuladha sing nyata. Lelandhesan bab kasebut, sekolah ngajak para
siswa karya wisata menyang Yogyakarta.
1.2. Tujuan
Kegiatan karya wisata menyang Yogyakarta nduweni tujuan supaya :
a. Ngembangake wawasan babagan pariwisata ing Indoneia, mligine ing Daerah Istimewa
Yogyakarta
b. Ngidhentifikasi papan-papan tinggalan sejarah
c. Ngidhentifikasi papan-papan wisata kang nduweni nilai budaya kang dhuwur.

2. Isi
2.1. Jeneng Kegiatan
Kegiatan taunan iki diwenehi jeneng “Karya Wisata Siswa SMP Tunas Bakti menyang
Yogyakarta”
2.2. Wektu Kegiatan
Kegiatan karya wisata dianakake :
Dina lan tanggal : Jum’at – Minggu, 13 – 15 Maret 2020
Papan tujuan : Kraton Jogya, Malioboro, Pasar Beringharjo, Museum Jogya Kembali,
Candi Borobudur
Peserta : 122 siswa kelas IX lan 12 pembina
2.3. Kelompok
Anggota saben kelompok 5 siswa, dene kelompok III kang nyusun laporan iki, yaiku :
a. Prambudi Mulyo
b. Sumitro
c. Dina Rahayu
d. Marinta Putri
e. Dewi Mulya Sari
2.4. Dheskripsi Ringkes
Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan
wisatawan manca negara. Ora aneh, jalaran Yogyakarta pancen bener-bener panggonan sing
nyenengake. Yogyakarta kondhang nduweni peninggalan sejarah lan kabudayan. Yogyakarta
uga duwe kuliner maneka warna kang nambahi daya tarike Yogyakarta.
1. Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, yaiku papan punjere panguwasa lan pusat kanggo
nyinaoni kabudayan Jawa. Ing lingkungan kraton bisa diweruhi kepriye tata cara adat Jawa
ditindakake
2. Malioboro minangka panggonan kuliner lan nongkronge para kawula mudha mamerake
kabisane ing babagan musik lan nyanyi
3. Pasar Beringharjo minangka pasar tradhisional sing tetep diuri-uri. Ing pasar iki didhasarake
maneka warna bathik khas Jogya lan sawernane panganan khas Jogya
4. Museum Jogya Kembali mamerake crita sejarah wujud dhiorama, yaiku benda miniatur
telung dimensi kanggo nggambarake sawijining pemandangan utawa sawijining adegan
5. Candi borobudur yaiku candi tinggalan jaman Mataram Kuna minangka candi paling gedhe.
Kondhang minangka 7 keajaiban donya kang dibangun ing jaman Wangsa Sanjaya. Candi
Borobudur wujude stupa-stupa, jelas yen candi Borobudur ing mbiyene kanggo pusat
ibadah umat Budha.

3. Panutup
Kegiatan karya wisata wis kaleksanan kanthi becik. Sawise melu karya wisata akeh bab sing bisa
disinaoni kanthi langsung. Kita para siswa nduweni wawasan kang tambah jembar, ora mung weruh
liwat televisi utawa liwat internet wae, nangig weruh sing sanyatane.
Ing pangajab, kegiatan karya wisata tetep dileksanakake ing taun candhake kanth bisa luwih
apik.
Gladhen (TUGAS):
Gawea teks laporan kegiatan kang becik, kanthi ngisi titik-titik ing ngisor iki. Panggonan wisata kang
dituju yaiku panggonan wisata kang ana kuthomu. (Tuladhane, omahmu ing Lamongan, dadi laporan
kegiatanmu panggonan wisata kang dadi tujuane yaiku WBL, Guwa Maharani, lsp)

LAPORAN KEGIATAN PARIWISATA


MENYANG TUGU PAHLAWAN

1. Pambuka
1.1. Lelandhesane Pamedharan
SDN Simomulyo 1 saben semester duwe kegiatan rutin kanggo para siswa, yaiku KTS
(Kegiatan Tengah Semester). KTS iki dilaksanakake saben kelas awit kelas 1 nganti kelas 6. .
Miturut para wali murid, para siswa ora mung sinau ing njero kelas wae. Kanggo nambahi
jembare wawasan tumrap bab-bab sing wis disinaoni ing kelas, para siswa perlu sinau ing
panggonane langsung.
Ing pelajaran PKN, wonten bab sing ngrebug babagan sejarahe Indonesia. Salah sijine
sejarah 10 November 1945 sing kedadeyan ing Surabaya. Saka kedadeyan iku, dibangun tugu
gawe mengetti kededayen kasebut. Lelandhesan bab kasebut, sekolah ngajak para siswa KTS
menyang Tugu Pahlawan Surabaya.

1.2. Tujuan
Kegiatan Tengah Semester menyang Tugu Pahalawan nduweni tujuan supaya :
1. Ngembangake wawasan babagan sejarahe Indonesia khususe sejarah 10 November 1945
2. Ngaweruhi peninggalan-peninggalan saka kedadeyan 10 November 1945

2. Isi
2.1. Jeneng Kegiatan
Kegiatan taunan iki diwenehi jeneng “Kegiatan Tengah Semester Siswa SDN Simomulyo 1
menyang Tugu Pahalawan Surabaya”

2.2. Wektu Kegiatan


Kegiatan karya wisata dianakake :
Dina lan tanggal : Sabtu, 5 November 2015
Papan tujuan : Tugu Pahalawan
Peserta : 200 siswa kelas V lan 15 pembina
2.3. Penyusun Laporan
Laporan kegiatan iki kasusun dening :
Nama : Amirotul Khifana
Kelas : IX E
No Absen : 04

2.4. Dheskripsi Ringkes


Tugu Pahlawan minangka tugu sing dadi landmark ing Kota Surabaya. Dhuwure
monumen iki yaiku 41,15 meter lan ana ing bentuk lingga utawa kuku sing kuwalik.
Badan monumen dibentuk dadi 10 lengkungan (Terusan), lan diperang dadi 11 segmen.
Dhuwur, bagean, lan kanal tegese 10th, 11 wulan, 1945. Tanggal sejarah, ora mung
kanggo masarakat Surabaya, nanging uga kanggo kabeh masarakat Indonesia. Tugu
Pahlawan dibangun kanggo mengeti prastawa Pertempuran 10 November 1945 ing
Surabaya, ing ngendi Suroboyo arek-arek perang nglawan pasukan Bersekutu
bebarengan karo Walanda sing pengin ngrebut maneh ing Indonesia. Tugu Pahlawan
dadi pusat perhatian saben 10 Nopember, kelingan acara 1945 nalika akeh pahlawan
tiwas ing perang kamardikan.

3. Panutup
Kegiatan karya wisata wis kaleksanan kanthi becik sanadyan ana sawetara kangelan lan
masalah. Sawise melu karya wisata akeh bab sing bisa disinaoni kanthi langsung. Kita para siswa
nduweni wawasan kang tambah jembar, sing awale weruh tekan buku saiki bisa weruh
kasunyataane.
Ing pangajab, Kegiatan Tengah Semester tetep dileksanakake ing taun candhake kanth bisa
luwih apik, ora ana kangelan, lan masalah maneh.

Anda mungkin juga menyukai