Anda di halaman 1dari 3

Nama : Reza Kriswantiningtyas

Kelas : XII 4
Absen : 22

SANDAL ANYAR

          Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan
wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina, sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo
adhine, merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja
dadi  buruh bangunan lan ibune dadi tukang umbah-umbah ing desane.
 “Mbak tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep
nangis.
“Mbak ora duwe duwit, Rin. Iki ae duwite arep nggo tuku sayur kok,” jawabe Eka sing melas
karo adhine.
          Senajan ora ditukokke Rina tetep jembar dhadhane. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger
kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.
          Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep
rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing
dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang
sing pada mekar.
          Senajan Eka saking keluarga sing pait lelakone, nanging bapake pingin Eka dadi wong
sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk
siswa sing jembar kawruhe ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe
bali kerja mereki Eka.
“Ka, kowe kudu dadi  wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,”
ngendikane bapake Eka.
“Nggih pak, kula ajeng usaha,”
          Esuk-esuk banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Eka
sengaja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise
siap Eka pamitan karo wong tuwane.
 “Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget
mundut sandal kangge Rina,” pamitane Eka karo jabat tangan bapak ibune.
“Ya, Amin. Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake.
“Mbak, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal
anyar.
          Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya
sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul maneka warna, tembok sekolah wis dicet werna
oranye sing apik.
          Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Wektu
pengumuman juara, tibake sing oleh  juara 1 kuwi Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop
sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah anggone
ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum. Bu,pak.”
“Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka.
“Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah, Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe. Aja lali
ngucap puji syukur marang Gusti Allah.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga.
           Sore-sore, sewise ganti klambi Eka ngajak Rina, adhine, menyang pasar tuku sandal
anyar.
“Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine.
“Sing werna pink mbak!”
          Langsung bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga  wis
bisa ngenaki atine adhine amarga bisa nuruti pinginne adhine ngganggo jerih payahe dewe.
“Matur nuwun ya mbak.”
          Atine Eka tambah bungah.
UNSUR INTRINSIK CERPEN

1. Tema : Ekonomi

2. Tokoh :
a. Eka
b. Rina
c. Bapake
d. Ibune

3. Watek :
a. Eka :
 Penyayang
Bukti : “Eka sayang banget karo adhine,merga iku adhine siji-sijine…”
 Sregeppan lan manutan
Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya
gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan
manutan.”
 Pinter
Bukti : “Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing
sekolahane.”
 Gelem usaha
Bukti : ““Nggih pak,kula ajeng usaha,”

b. Rina :
 Nerima
Bukti : “Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nrima.”
 Pengerten
Bukti : “Bocah cilik ku we wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan
bae kurang apa maning tuku sandal.”

c. Bapake :
 Kerja keras
Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki
Eka.”
 Duwe pinginan sing mulya
Bukti : “Senajan Eka saking keluarga sing ora  mampu, nanging bapake pingin
Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”

d. Ibune :
 Penyayang
Bukti : ““Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang
maring kowe.”

4. Latar :
a. Panggonan :
 Ing pasar
Bukti : “Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar.”
 Ing omahe Eka
Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya
gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan
manutan.”
 Ing sekolahan
Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana
peserta liya sekolah.”

b. Wektu :
 Wayah wengi
Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki
Eka.”
 Esuk-esuk
Bukti : “Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep
dienggo neng sekolah.”

c. Kahanan :
 Rame ing sekolahan
Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana
peserta liya sekolah.
 Sumringah
Bukti : “Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.”

5. Alur : Maju

6. Sesawangan : Wasana Purusa (wong ketelu)

7. Amanat :
 Senajan kita sekalian ora duwe materi utawa harta sing melimpah nanging dewek
harus duweni ilmu sing bisa nduwurke derajat.
 Ing kehidupan harus usaha lan pantang menyerah
 Dadi wong harus kerja keras aja ngandalake wong liya.

NILAI-NILAI ING CERPEN

1. Pendidikan : Pantang putus asa ing mewujudake cita-cita.


Bukti : “Senajan Eka saking keluarga sing ora  mampu, nanging bapake pingin Eka dadi
wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”

2. Budaya : Ngormati wong tuwa


Bukti : “…..,Pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.”

3. Moral : Angger pingin duweni sesuatu apike nganggo jerih payahe dewek.
Bukti : “Ing jero atine Eka lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih
payahe dewek.”

 Tembung Saroja :
a. Bapak ibu
b. Maneka warna
c. Puji syukur

 Tembung Entar :
a. Jembar dhadhane : sabar
b. Pait lelakone : uripe rekasa
c. Jembar kawruhe : pinter
d. Ngenaki atine : gawe seneng

 Tembung Rangkep :
a. Umbah-umbah
b. Esuk-esuk
c. Moga-moga
d. Ati-ati
e. Sore-sore

Anda mungkin juga menyukai