Anda di halaman 1dari 4

SANDAL ANYAR

Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang
wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun.
Eka sayang banget karo adhine, merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga
sing ora mampu, bapake mung kerja dadi buruh bangunan lan ibune dadi
tukang ngumbai ing desane.
Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen, njaluke Rina
sing arep nangis.
Mba ora duwe duwit,Rin. Iki duwite arep nggo tuku sayur tok, jawabe Eka sing
melas karo adhine.
Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nrima. Bocah cilik kuwi wis
ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan wae kurang apa maneh tuku
sandal.
Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya
gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan
manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan
rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada mekar.
Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka
dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora
kuciwa amarga Eka klebu siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka
arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja meraki Eka.
Ka, kowe kudu dadi wong sing migunani lan ngluwehi bapak sing mung dadi
buruh bangunan, ngendikane bapake Eka.
Nggih pak,kula ajeng usaha,
Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep
dianggo neng sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba
Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Eka pamitan karo wong tuwane.
Pak, Bu, kula badhe bidhal rumiyin. Mugi-mugi kula saged dados juara lomba
lan saget mundut sandal kangge Rina, pamitane Eka karo jabat tangan wong
tuwane.
Ya, Amin. Ati-ati ya Ka, ngendikane bapake.
Mba, mengko tuku sandal ya?adhine sing sumringah ngerti angger arep
ditukokke sandal anyar.

Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana
peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni,
tembok sekolah wis dicet werna orange sing apik.
Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener.
Ing wektune pengumuman juara ,pranyata sing oleh juara 1 kuwi Eka. Eka
langsung nrima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan.
Eka bali menyang omah karo sumringah ngonthel sepedane.
Assalamualaikum. Bu,pak.
Waalaikum salam, ana apa Ka?pitakone ibune Eka.
Bu, kula pikantuk juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.
Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang marang
kowe.ngendikane ibune sing sumringah lan mongkok.
Sore-sore,sawise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar
tuku sandal anyar.
Tuku sandal sing werna apa Rin? pitakone Eka maring adhine.
Sing werna pink mba!
Langsung wae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka
lega merga wis iso nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewe.
Matur nuwun ya mba.
Atine Eka tambah bungah.

UNSUR INTRINSIK CERPEN


1.

Tema:
Ekonomi

2.

3.

Tokoh:
-

Eka

Rina

Bapake

Ibune
Watak:

Eka :

Penyayang. Buktine : Eka sayang banget karo adhine,merga iku


adhine siji-sijine
-

Sregep lan manutan. Buktine : Sewise saking pasar lan tuku


sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi
angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.

Pinter. Buktine : Bapake ora kuciwa amarga Eka klebu siswa sing
pinter ing sekolahane.

Gelem usaha. Buktine : Nggih pak,kula ajeng usaha,

Rina :
-

Nrima. Buktine : Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nrima.


Pengerten. Buktine : Bocah cilik kuwi wis ngerti angger
kehidupane rekasa, nggo mangan wae kurang apa maneh tuku
sandal.

Bapake :
-

Kerja keras. Buktine : Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing
nembe bali kerja meraki Eka.

Duwe pinginan sing mulya. Buktine : Senajan Eka saking keluarga


sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan
pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.

Ibune :
4.

Penyayang. Buktine : Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen.


Ibune tambah sayang marang kowe.
Latar:

Panggonan :
anyar.

Ing pasar. Buktine : Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal

Ing omahe Eka. Buktine : Sewise saking pasar lan tuku sayuran
Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger
disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.

Ing sekolahan. Buktine : Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi


sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah.

Wektu :
-

Wayah wengi. Buktine : Wengine pas Eka arep sinau lan bapake
sing nembe bali kerja meraki Eka.

Esuk-esuk. Buktine : Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan
nyiapake sepeda sing arep dianggo neng sekolah.

Kahanan :
-

Rame ing sekolahan. Buktine : Tibaning sekolahan Eka deg-degan


amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah.

Sumringah. Buktine : Eka bali menyang omah karo sumringah


ngonthel sepedane.

5.

Alur:
Maju

6.

Sesawangan (sudut pandang):


Wasana Purusa (wong ketelu)

7.

Amanat:
-

Senajan kito sedoyo ora duwe materi utawa banda sing akeh
nanging dewe kudu duweni ilmu sing bisa nduwurke derajat.

Ing kehidupan kudu usaha lan pantang menyerah

Dadi wong kudu kerja keras aja ngandalake wong liya.

NILAI-NILAI ING CERPEN


Pendidikan
Pantang putus asa ing mewujudake cita-cita.
Buktine : Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake
pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan
tinggi.
Budaya
Ngormati wong tuwa
Buktine : ..,Pamitane Eka karo jabat tangan wong tuwane.
Moral
Angger pingin duweni sesuatu apike nganggo jerih payahe dewe.
Buktine : Ing jero atine Eka lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine
ngganggo jerih payahe dewe.

Anda mungkin juga menyukai