Anda di halaman 1dari 3

Diposkan oleh Muhammad Alifin Setiaji di 05.

55
SANDAL ANYAR
Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan
wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine,
merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi buruh
bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane.
“Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep nangis.
“Mba ora duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Eka sing melas karo
adhine.
Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger
kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.
Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep
rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing
dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing
pada mekar.
Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses
lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa
sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki
Eka.
“Ka, kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,”
ngendikane bapake Eka.
“Nggih pak,kula ajeng usaha,”
Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng
sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake
SMA. Sewise siap Eka pamitan karo wong tuwane.
“Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget
mundut sandal kangge Rina,” pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.
“Ya, Amin. Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake.
“Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal anyar.
Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah.
Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing
apik.
Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune
pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop
sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah gole
ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum. Bu,pak.”
“Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka.
“Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane
ibune sing sumringah lan bangga.
Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sandal anyar.
“Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine.
“Sing werna pink mba!”
Langsung bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga wis bisa
nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.
“Matur nuwun ya mba.”
Atine Eka tambah bungah.

UNSUR INTRINSIK CERPEN


1. Tema
Ekonomi
2. Tokoh
- Eka
- Rina
- Bapake
- Ibune
3. Watek
Ø Eka :
- Penyayang. Bukti : “Eka sayang banget karo adhine,merga iku adhine siji-sijine…”
- Sregeppan lan manutan. Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang
omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan
manutan.”
- Pinter. Bukti : “Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane.”
- Gelem usaha. Bukti : ““Nggih pak,kula ajeng usaha,”
Ø Rina :
- Nerima. Bukti : “Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nrima.”
- Pengerten. Bukti : “Bocah cilik ku we wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae
kurang apa maning tuku sandal.”
Ø Bapake :
- Kerja keras. Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki
Eka.”
- Duwe pinginan sing mulya. Bukti : “Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging
bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”
Ø Ibune :
- Penyayang. Bukti : ““Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang
maring kowe.”
4. Latar
Ø Panggonan :
- Ing pasar. Bukti : “Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar.”
- Ing omahe Eka. Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing
kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.”
- Ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan
ana peserta liya sekolah.”
Ø Wektu :
- Wayah wengi. Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki
Eka.”
- Esuk-esuk. Bukti : “Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep
dienggo neng sekolah.”
Ø Kahanan :
- Rame ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame
lan ana peserta liya sekolah.
- Sumringah. Bukti : “Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.”

5. Alur
Maju
6. Sesawangan
Wasana Purusa (wong ketelu)
7. Amanat
- Senajan kita sekalian ora duwe materi utawa harta sing melimpah nanging dewek harus duweni
ilmu sing bisa nduwurke derajat.
- Ing kehidupan harus usaha lan pantang menyerah
- Dadi wong harus kerja keras aja ngandalake wong liya.

Sinopsis:
Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan wis ora
ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine, merga
iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi buruh
bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane.Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng
nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa
maning tuku sandal.
Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep
rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Senajan Eka saking
keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke
nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing
sekolahane.
Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Eka
nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap
Eka pamitan karo wong tuwane.
Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah.
Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune
pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop
sing isine piagam ditambah duwit pembinaan.
Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sandal anyar.
Langsung bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga wis bisa nuruti
kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.
Sumber: muhammadalifinsetiaji.blogspot.com

Anda mungkin juga menyukai