Anda di halaman 1dari 7

Ing njero alas sing adoh soko kuto, urip wong pribumi kang dadi korban kejahatan penjajah

Walanda,
wong mau padha nylametake awak e lan pindhah menyang alas. Mergo papan panggonane direbut lan
dipekso ngabdi marang walanda. Yen emoh nurut banjur disekso kanthi manut ora sitik sing akhire mati
mergo mbelot.

Wes nganti pirang-pirang taun kanggene ngumpet. Alas mau saiki wes kaya desa kanggo wong-wong
mau. Sanajan adoh saka peradaban, dheweke ngucapke matur nuwun, amarga nganti saiki ora ana sing
nyerang. Sukur amargi diparingi urip kang ayem lan tentrem kanthi bebas lan nepaki kabutuhan urip.

(Adegan 1)

Salah sawijining dino, minangka wayahe bapak-bapak kundur soko sawah. Wektu iku iseh wayahe
musim panen pari saengga wayah sore nembe bali. *Suara manuk*

*Bapak2 nyangkin pacul lan arit mlaku bareng banjur ndodok nang cedak wit"

Pak Bejo : "Alhamdulillah taun iki pari ora ono sing candak omo, aku wes nrawasi gek-gek sawahku
candak sundep."

Pak Joko :" Iyo Jo, taun iki gel nono tikus blas iso go sangu wayah rendeng mbesuk." *Ngipas-ngipas
nggo caping*

*Pak Bejo lan pak Hono mantuk2*

Pak Bejo: "Ndingaren Bayu ko ora ketok, aku meh njalok tulung pijetke awaku rasane puegel kabeh iki,"
*mijeti pundak e dewe*

Pak Hono :"Ho'oh ajur tenan iki boyokku." *Mijeti sikil e dewe*

*Mba jamu mlaku mikul jamune*

Mba jamu: "Jamu jamu.. jamune pak.."

*Lagu suwe ora jamu muni barang joget2*

Pak Hono: "Laiku ra mba jamune rene mba."

*Ngguyu trus nyedaki bapak2*

Mba jamu: "Bade jamu nopo pak?"

Pak Joko :"Mba jamu pegel linune yo siji ojo lali kei endog bebek e siji sing muantep tenan"

Mba Jamu:"Ashiiap *jempol* bapak-bapak e meh jamu nopo?"

Pak Bejo:"Aku mbek Hono padake wae.'

Mba jamu:"Njeh"
*Nuang jamu*

Mba jamu :"Pripun panen e pak?"

Pak Hono:"Alhamdulillah sukses taun iki mba."

Mba Jamu:"Yo sukur alhamdulilah yen ngono."

(Adegan 2)

Ora let suwi Wawan lan Dono marani bapak-bapak mau.

Wawan:"Pak e kulo meh dolan bareng rencang-rencang angsal mboten?" *Wawan nggojeki kaos e*

Pak Bejo :"Iyo tapi ojo adoh-adoh le dolan kunu wae kui." *Nunjuk nggon kosong*

Wawan:"Njeh pak."

Pak Joko:"He Don iku umbelmu dilap sek to ya." *Geleng-geleng nunjuk Dono*

Dono:"Njeh pak," *ngelap umbel*

Pak Joko:"Ibumu nang ndi le?"

Dono:"Ibu mau menyang umah e budhe Iyah pak mbek mba Rini."

Pak Joko:"Yo wes ngko ndang bali ojo kesoren."

Bapak-bapak mau banjur ndongeng-ndongeng masalah kang wes kedadean ing pirang taun terakhir
wiwit mlayu soko walanda mergo adoh soko peradaban mboten enten sing ngerti piye kabar e nang kuta
lan para Walanda.

Pak Hono:"Wes pirang taun dewe lungo seko kuto to cah?"

*Ngitung nggo jentik* Pak Bejo:"Piro ya? Lali eg aku."

*Pak Joko Nuyur sirahe Bejo*

Pak Joko:"Halah gayamu Jo itung-itungan yo gak iso meh ngitung pirang taun"

Pak Bejo:*mesem*"Hehe kan aku mung iso ngitung siji tekan limo Ko"

*Pak Bejo lan pak Hono ngguyu*

Yono kang nembe bali soko kebon weruh enek bapak-bapak kumpul banjur nyedaki. Sak durunge Yono
sempet krungu suara bedil nang cedak kebon e keweden.

Yono:"Pak.."

Pak Hono:"Ngopo to Yon kok gilo men?"


*Gemeter* Yono: "Pak aku mau lek krungu suara bedil seko adoh"

*Bapak-bapak kaget*

Pak Bejo:"Aku ra krungu opo-opo ig."

Yono:"Njeh pak aku rak ngapusi gel suarane seko adoh. Barang tak cedaki aku weruh Mas Bayu karo
Londo."

Pak Bejo: "Sing bener moso Bayu mbek londo to?"

Yono: "Ho'oh pak tenan e aku rak ngapusi."

Pak Joko:"Aduh piye iki bojoku iseh nang kali cedak nggon kebonmu maneh."

Pak Joko:"ayo bubar woro-woro marang liyane ben ora lungo adoh-adoh seko alas."

(Adegan 3)

Barang krungu berita ora kakean kesuwen bapak-bapak mau langsung mencar ngei woro-woro supoyo
warga deso ora do nyalake damar mbengi kui.

Suasana bengi kui bener-bener sepi wong deso ora ono sing wani metu seko umah. Kabeh keweden yen
Londo teko lan ngrusak panggonane.

Para tetua deso podo kumpul ngluru solusi seng meh dijupok yen Londo moro-moro teko.

Dono:"Mbak ngelih.." *nyekeli wetenge*

Rini:"Sabar yo dek ngeteni bapak lan ibu dilut neh." *Ngelus-ngelus adine*

Wawan:"Bapakku nang ndi Mba aku lek wedi."

Rini:"Sabar yo Wan nteni, ben rak ngelih nyanyi wae yo."

*Wawan lan Dono mantuk2*

Wawan,Rini,Dono:"Domikado eska eskado.."

(Adegan 4)

Para Walanda kang wes reti panggonane wong-wong sing slamet soko kejarane banjur nyusun strategi.
Sampun 5 dino utusan e Londo ngamati wong deso kui lan luru kelemahane.

Menir 1:"Lapor komandan saya berhasil menemukan keberadaan penduduk yang berhasil lolos."

Ketua:"Bagus besok kita serbu ke sana tak boleh satupun lolos dan selamat."

Menir 1:"Ini semua berkat Bayu."


Bayu: "Ah ora masalah menir, wes dadi tugasku."

Menir 2:"Sudah saatnya mereka tau dengan siapa mereka berhadapan"

*Ngguyu bareng*

(Adegan 5)

Sakwise nyusun strategi isuke pasukan londo teko nang alas mau. Wong deso nopo wes nyiapke senjata
nggo nglawan pasukan londo.

Para ibu lan wong wedok nang deso banjur diamanake marang nggon sing aman. Bocah-bocah cilik nopo
diamanke ben ojo nganti kecekel.

*Mlaku mintik-mintik*

Nembe arep mlaku menyang nggon umpetane moro teko para tentara landa nggowo bedil.

Pak Joko: "Ayo cepet-cepet."

JDUAAAAAAAAAAR....

*Kaget*

"LONDO!!"

Ketua : "Hahahahaha... Disini rupanya kalian bersembunyi." Bengok ketua perajurit londo sombong.

Pak Bejo : "Dewe ora wedi karo koe londo sontoloyo!"

Menir 1 : "Hahahaha... Berani kalian memberontak kami."

*Pak Bejo gelut karo menir 1 trus kalah banjur diseret ring mobil*

Wawan:"Kene maju koe ora sah nganu bapakku!"

*Wawan maju*

Ketua: "Hahahaha... Anak kecil sok berani."

*Wawan dijunjung menir 1 lan mberontak*

Wawan:"Dunke aku!"

*Dono narik sikile wawan ben ucul"

Dono:"Culke kancaku! Rene koe londo maju o aku rawedi"

*menir 2 njoroke Dono meh dismackdown*


Rini:"Ojo pateni adiku" *mohon nggondeli londo*

Londo berasil nggowo pak Bejo lan Wawan lungo gawe tawanan amarga Pak Bejo ketua adat deso kui
lan wong kang paling pinter nang deso kui.

Wong sing mau iseh nyiapke gaman teko mergo krungu suara bedil.

Pemuda:"Loh pak Bejo nang ndi?"

Mba jamu: "Pak Bejo digowo londo mas karo wawan."

Yono: "Dewe kudu nylametake pak Bejo,wawan lan Bayu."

*Mantuk-mantuk*

Pak Hono: "Saiki gaman sing wes dikumpulke gowonen dewe parani markas e londo."

Nembe wong deso mau nyusul pasukan londo mau moro-moro londo teko nggowo pasukan luweh akeh.

Pak Bejo: "Loh iki bayu ta?"

*Bayu mlaku bareng londo*

Yono: "Jebul sing nguturke marang londo koe to yu?"

Bayu:"Iyo nang opo? Aku meh bales dendam koe kabeh mbiyen ora nulungi bapakku pas dipateni
londo."

Pak Hono: "Dasar wong ora kebek! Tukang ngapusi!"

Kabeh:nyoraki bayu "Pengkhianat!"

"mata wae koe!"

Ketua : "Daripada kalian kami paksa lebih baik sekarang menyerah dan berlututlah!"

*Ngidu* Pak Joko: "Cih, ora sudi aku mending aku mati timbang kon dadi babumu Londo kentir!"

JDOOORRRRRR...

Ketua: "Bawa mereka semua!"

Pak Joko: "Rasah kakean bacot koe peraaaang......"

JDOOORRRRRR

Yono: "Allahuakbar!!!"

*Perang terjadi*
*Backsound musik perang*

*Dono ngumpet karo mba jamu, rini nylametake pak Joko karo wawan*

*Pak Hono nopo dadi salah sijine wong kang gugur*

Kabeh: "MERDEKAAA!! MERDEKA!!! ALLAHUAKBAR!!"

Akhire Londo biso dikalahke. Kebeh perjuangan wes dilakoni ora sio-sio usaha warga deso iku nggo
ngusir para Landa tapi ora sitik kang dadi korban. Getih nyecer nang ngendi-ngendi. Dino iku dadi dino
paling bersejarah kanggo deso kui.

*Semua berdiri berjejer*

*Musik gugur bunga*

*Puisi*

Kepergian Pahlawanku

Senja yang pilu

membuat hari kian membiru

Langit tampak keruh,

mengantar kepergianmu.. pahlawanku

Gerimis jatuh membasahi pucuk sunyi,

melagukan nada-nada lara hati

Saat doa-doa ikut tertanam,

bersama bayangmu yang kian tenggelam

Kaulah pahlawan hidupku

meninggalkan berjuta jejak

dalam rentang waktuku


mengukir berjuta cinta

dalam lembar hidupku.

Kepergianmu ini,

membuatku bagai kota mati

Namun, aku mengerti

bahwa engkau…

takkan pernah layu dalam kalbuku

dalam setiap kenangan, kulantunkan doaku

tenang dan bahagiamu

kembali kepada-Nya.

Anda mungkin juga menyukai