Anda di halaman 1dari 2

KELAS XI MIPA 1

SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1 BLITAR


Jl. A. Yani 112 Blitar Telp(0342) 801414 Fax.(0342) 813200 www.sman1blitar.sch.id Email:info@sman1blitar.sch.id
Instagram : @ximaaja

Naskah Geguritan
PAGEBLUG CORONA
Dening : Jannatan Wijaya Kusuma / XI MIPA 1

Surem sorote Sang Baskara


Gumingsir mengulon lon-lonan
Langit lan mega kelangan cahya
Ludes keles denuntal Sang Kala

Langit gumanti ratri


Lingsir wengi koncatan yoni
Lintang-lintang lan rembulan sorote ilang
Sang Ismaya, Ratih, lan Candra bali ing Kahyangan

Brahmana tapa, resi, sewa sugata suda


Para kawula ora ngerti apa-apa
Ratu lan satrio kelangan pusaka
Goblog ndadak ora bisa apa-apa

Corona teka
Tan kaundang tan kinira
Sumebar mangabar-ngabar lewat hawa
Sapa bae bisa kena tanpa taliwara

Ing paran anak lali bapak


Tangga menep lawang ngunci griya
Kutha-kutha bisu
Rega mundak negara ngaru biru
KELAS XI MIPA 1
SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1 BLITAR
Jl. A. Yani 112 Blitar Telp(0342) 801414 Fax.(0342) 813200 www.sman1blitar.sch.id Email:info@sman1blitar.sch.id
Instagram : @ximaaja

Ing desa menungso tanpa tata


Corona kang menyura dianggep ora ana
Wegah wijik, ra maskeran, dho rangkul-rangkulan
Kandhane ratu ra digugu dhawuhe ulama’ ra disemak

Bah... padhahal kahanan saya gegirisi


Akeh kawula kang nyawane dipungkasi
Isuk lara sore tekaning pati
Sore lara isuk mlebu pethi mati

Ing dalan-dalan golek pangan kethayalan


Ora oleh bukak toko
Pabrik ditutup
Dho dadi pengangguran

Hei menungso!
Ojo kepanjingan iblis atinira
Pancen sing bisa waras pirang-pirang
Sing dho mari raiso diitung driji
Ning sing wus mati ora iso diuripi

Ilingo menungso ilingo


Mangsa iki Gusti ngangkat wahyu milang deduka
Kanggo kita kabeh kang angkara murka
Supaya rumangsa prihatin, iling, lan wapada

Anda mungkin juga menyukai