Anda di halaman 1dari 4

Berita dalam Bahasa Jawa

Suharjono HK Spd, Unggul ing pilkades Trimulyo

Orator:
Suharjono HK, Spd (55 taun) warga dhusun Balong Trimulyo Sleman, kasil unggul
ing pilian Kepala desa (Pilkades) Trimulyo kecamatan Sleman, Minggu (22-2-2009)
kepungkur. Suharjono (nomor urut 2) kasil ngumpulake 2.366 suwara ngungguli
calon lurah liyane yaiku Bambang Basuki Ilyas kang mantan lurah Trimulyo (nomor
urut 1) saka dhusun Kepitu antuk 1.393 suwara, lan Untung P (nomor urut 3) uga
saka dhusun Kepitu antuk 1.865 suwara.

Narator:
Katrangan saka panitia Pilkades mratelakake, gunggunge pemilih ing Trimulyo wong
6.979, dene kang ngelonipilihan wong 5.713. Saka gunggung kasebut, suwara kang
gugur ana 501 suwara. Dene kang ora teka coblosan ana 1.266 warga. Pilkades
diadani ing 18 pedhukuhan iya 18 TPS (Tempat Pemungutan Suwara)
Suharjono HK, terpilih minangka lurah Trimulyo kanggo periode taun 2009-2015 (6
taun), bakal ngganteni Bambang Basuki Ilyas. Suharjono kang uga karyawan Dinas
Pendidikan Kabupaten Sleman sawise kepilih lurah ngandharake bakal ngajokake
pensiun. Suharjono kang ing desane dikenal minangka ketua BPD Trimulyo
mratelakake, yen menange ing Pilkades mujudake kemenangane masyarakat
Trimulyo.” Insya Allah, aku bakal nuhoni amanah warga Trimulyo kanggo ngabdi
minangka lurah desa,” pratelake.
Sauntara kuwi, ing wektu kang bebarengan pilkades ing wilayah sleman uga digelar
ing desa Tridadi. Lurah lawas Kabul Mudji Basuki warga dhusun Beran Kidul kasil
menangake pilihan kanthi antuk 4.534 suwara, ngasorake H Mulyatno, BSc warga
dhusun Pangukan kang antuk 3.408 suwara. Pilkades Tridadi diadani ing 20 TPS
kang ana ing saben padhusunan ing Tridadi. [Ismadi]

Sumber: Djaka Lodhang


Senin, 21 Maret 2011

PAWARTA

Pilkada ing tanggal 11 Desember 2006 ing Nanggro Aceh Darusalam (NAD) takseh
wonten kirang langkung 300 ewu tiyang pemilih dereng dhaftar. Miturut ketua
Dewan Perwakilan Daerah tiyang seng dereng ke dhaftar iku minongka tenger
rendhetipun pamarintah aceh. Awit pendhaptaran pilkada saget ugi nuwuhake
dredah. ketua Dewan Perwakilan Daerah ngandharake tiyang ingkang sampun
ngandhadi hak pilih.
KACILAKAN MONTOR MABUR ING MAGETAN
Durung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha
nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi
kabar mau, lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe iki,
pase ing desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa Timur rikala dina Rebo esuk
kira-kira jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei 2009, Montor mabur kang tiba lan
kobong mau duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A-1325. Miturut pawarta
saka layang kabar lan tivi, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan Lapangan
Udara Halim Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju dhaerah Biak, Papua. Nanging
durung nganti tekan papan kang tumuju, lan nalika arep mampir ing Lapangan
Udara Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi kacilakan.
luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu kenteban
montor mabur kasebut. Saliyane iku, ana wong 15 kang uga melu nandhang tatu
abot lan entheng. Dene omah-omah ing desa kasebut sing kenteban lan ndadekake
remuk lan kobonge udakara patang omah. Ana sing ajur mumur lan ana sing payone
remuk tanpa sisa. Kanthi anane kacilakan montor mabur duweke TNI AU kasebut
mesthi wae ndadekake warga ing sacedhake pangkalan mau dadi padha jinja. Ing
atase ora ngerti apa-apa, ngerti-ngerti ketiban sial.
UPACARA KADANG TANI ING TANAH JAWI
Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing
sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika
minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling
tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern
menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi
tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung
déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi
wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin
kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara
Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih
menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani
ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan
Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan.
Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani,
lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami
rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara
Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping
acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna
seni lan paméran kerajinan.
Tempat Pembuangan Sampah Akhir , Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul
dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping
tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-
menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit,
sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing
sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA
dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit
ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih
sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé.
Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh
menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh
menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining
rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut
pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.

Jalur Selatan Dikhawatirkan Cepat Rusak

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Pasca amblasnya Jembatan Comal di Pemalang, Jawa


Tengah, jumlah kendaraan berat yang melintasi jalur selatan meningkat tajam.
Bahkan kendaraan seperti truk gandeng dan truk pembawa semen curah, juga
mengunakan jalur ini untuk menuju kota tujuan.

Baryadi, Pengawas Lapangan Dinas pekerjaan Umum Provinsi, mengatakan, akibat


banyaknya kendaraan besar yang melintas, jalur selatan dikhawatirkan akan cepat
rusak. Pasalnya, konstruksi jalan di jalur selatan tidak didesain untuk menahan
beban kendaraan berat.

Sementara itu, kegiatan perbaikan dan pelebaran jalur selatan saat ini masih dalam
proses pengaspalan. Ada kemungkinan aspal baru tak akan kuat menahan beban
kendaraan jika sering dilalui kendaraan bertonase berat. (Muhammad
Sugeng/Rz)

- See more at: http://www.jogjatv.tv/berita/11/08/2014/jalur-selatan-dikhawatirkan-


cepat-rusak#sthash.rw0pbkCS.dpuf

Anda mungkin juga menyukai