Anda di halaman 1dari 3

GLADHEN 1

Coba wacanen pratelan teks drama ing ngisor iki kanthi patitis!

Hape
1. Ibu : “Sit.. deloken adhimu neng kamar wiwit mau ora gelem mangan?”
2. Siti : “Inggih, Bu( Siti mara neng kamare Dwi.). Wi, ayo mangan apa kowe ora
lesu?”
3. Dwi : “Ora mbak, aku isih wareg.”
4. Siti : “ya wis sakarepmu, mengko yen Ibu duka lo!” (Siti bali mara neng Ibune)
5. Dwi : “bene, aku nesu kaliyan Ibu.” (bengok saka jero kamar)
6. Siti : “Dwi nesu boten purun nedha buk, kenging menapa ta buk?“
7. Ibu : “adhimu jane ngono jaluk hape, nanging ora tak tukokna merga ya isih
durung pati kanggo mengko malah gawe dolanan sing ora-ora.”
8. Siti : “oalah, hla bapak napa sampun pirsa ngenani Dwi kang nyuwun hape
menika?”
9. Ibu : “bapakmu durung tak kandhani mengko malah nesu-nesu. Ya wis aku dak
blanja dhisik yen mangan lawuhe neng meja”
10. Siti :”nggih bu. (nanging Siti ora langsung mangan dheweke arep mbujuk adhike
dhisik) Dhik ayo mangan, mengko nek kowe lara hloya!”
11. Dwi : “emoh mbak, panjenengan wae sing dhahar dhisik.”
12. Siti : “aja nesu-nesu ngono ora apik, ayo ndang metu mangan karo aku, mengko
yen wis bar mangan dak ajak muter-muter nyang kutha.”
13. Dwi : “iya mbak.”

1. Pilah pilahen pacelathon ing teks drama mau miturut ragam basa!
2. Coba critakna isi drama mau nganggo basamu dhewe!
Wangsulan :

Hape

1. Ibu : “Sit.. deloken adhimu neng kamar wiwit mau ora gelem mangan?”
(Diarani ukara ngoko lugu)

2. Siti : “Inggih, Bu( Siti mara neng kamare Dwi.).


(Diarani ukara krama Alus)
Wi, ayo mangan apa kowe ora lesu?”
(Diarani ukara ngoko lugu)

3. Dwi : “Ora mbak, aku isih wareg.”


(Diarani ukara krama Ngoko Lugu)

4. Siti : “ya wis sakarepmu, mengko yen Ibu duka lo!” (Siti bali mara neng Ibune)
(Diarani ngoko Alus)
panjlentrehan: ukara ing dhuwur nggunakake tembung ngoko lugu lan
kecampuran tembung krama Inggil. Tembung Inggil (duka) , yen tembung
ngoko lugu
(ya wis sakarepmu, mengko yen Ibu.........)

5. Dwi : “bene, aku nesu kaliyan Ibu.” (bengok saka jero kamar)
(Diarani ukara Ngoko Lugu)

6. Siti : “Dwi nesu boten purun nedha buk, kenging menapa ta buk?“
( Diarani ukara krama Lugu)

7. Ibu : “adhimu jane ngono jaluk hape, nanging ora tak tukokna merga ya isih
durung pati kanggo mengko malah gawe dolanan sing ora-ora.”
( Diarani ukara ngoko lugu)

8. Siti : “oalah, hla bapak napa sampun pirsa ngenani Dwi kang nyuwun hape
menika?”
(Diarani ukara krama Alus)

9. Ibu : Bapakmu durung tak kandhani mengko malah nesu-nesu. Ya wis aku dak
blanja dhisik yen mangan lawuhe neng meja”

(Diarani ukara ngoko lugu)


10. Siti :”Inggih bu. (Krama Alus)
(nanging Siti ora langsung mangan dheweke arep mbujuk adhike dhisik) Dhik ayo
mangan, mengko nek kowe lara lo ya!”
(ngoko lugu)
11. Dwi : “emoh mbak, panjenengan wae sing dhahar dhisik.”
(Diarani tembung ngoko Alus)
Panjletrehan ukara ing dhuwur nggunakake tembung ngoko lugu lan
kecampuran tembung krama Inggil. Tembung krama Inggil (panjenengan) lan
(dhahar),
tembung ngoko lugu ( “emoh mbak,....wae sing.... dhisik.”)
12. Siti : “aja nesu-nesu ngono ora apik, ayo ndang metu mangan karo aku, mengko
yen wis bar mangan dak ajak muter-muter nyang kutha.”
(ngoko lugu)
13. Dwi : “iya mbak.”
(ngoko lugu)

Anda mungkin juga menyukai