Anda di halaman 1dari 6

ANALISIS KARYA SASTRA CERITA CERKAK

“KANCA SAKLAWASE”
DENING LIA SUSANTI

DIPUN SERAT DENING


KELOMPOK 4:
1. DITA ASTUTI (07)
2. DYAH ANINDYA .N.S. (08)
3. IRA LUSIANA (15)
4. OKTAFIA RAHMADANI (19)
5. REZA AMELIA (21)
6. DESYANA NINDYA .P. (34)

TAHUN PELAJARAN 2019/2020


Kanca Saklawase

“Pit ,piye iki pit kari patang dino meneh awake dhewe ujian,” kandane Susan karo aku. ”Hayo
piye?, yo sinau ta ben iso nggarap!” jawabku. Bel mlebu wes muni. Durung ana 3 menit sakwise bel, Pak
Gunawan wes rawuh. Pak Ketua, Doni langsung nyiapke kabeh murid ndongo arep pelajaran. Sakwise
ndongo, “Kepada Pak Guru hormat grak”, suarane Doni seng lantang lan tegas “ Tegap grak” ngunu
lanjute.

   “Oke, assalamualaikum warahmatullahi wabarakatu”, ature Pak Gunawan.‘’Waalaikumsallam


warahmatullahi wabarakatu”, jawabe murid-murid. Pak gunawan iku guru matematika, beliau iku tegas
lan biasane dipuntimbali Pak Gun. Pelajaran wes dilekasi,  Pak Gun nerangake kabeh bab IV. Susan
bingung, “Aku kok durung dong – dong yo pit?”, omonge Susan ro aku lirih-lirih. “Takon Pak Guru
wae!”, saranku. Nanging Susan mung meneng wae, Ketoke Susan ora wani takon.

Pelajarane Pak Gun uwes rampung. Sakwise Pak Gun medal, Susan takon nyang aku. Susan
takon carane nggarap soal seng mau. Mestine Susan tak warai. Durung rampung leh ku marai, Bu Sri
sampun rawuh. “ Leh marai teruske ngko meneh ya”, jare Susan. Aku ya mung manut wae. Bu Sri leh
mulang ngasi mbengok-mbengok, masalahe muride padha rame kabeh. Susan barang ya melu rame.
“ Hey-hey, diam, diam semuanya”, ature Bu Sri. Kabeh murid meneng, durung ana 5 menit Bu Sri ngajar
wes rame meneh kaya pasar.

“Hey-hey, diam bisa tidak?, niat sekolah ora? nek ora metu wae, rasah ngganggu kancane sek
pengen iso!”. Wah galake Bu Sri saya metu. Ngasi rampung pelajaran kabeh murid padha anteng
,meneng, nggatekake pelajarane Bu Sri. Bu Sri seneng nek suasanane kelas kondusif, lan muride pada
dong kabeh.

Saiki wayahe ngaso, aku kelingan yen Susan arep ngedongke bab IV matematika. “Sido neruske
leh mu takon mau ora San?’’, takonku marang Susan. “Sesuk apa kapan wae yo, aku males iki, jajan sek
wae ya, ngeleh aku”, jawabe Susan. “Yo uwes lah jajan kana sek”, aku mung manut karo Susan amarga
seng butuh reti Susan dudu aku. Ngasi ngaso pindo Susan durung takon meneh, mungkin wae Susan wes
dong.

“Kula seng asli niku mboten tek seneng kalian Susan, amargi pendak pelajaran napa mawon sek
digatekake guru-guru namung Susan. Susan niku tiange caper, lebay, alay, nggeh niku seng marakke
kula mboten seneng napa maleh menawi kula lagi dipuntangkleti kalian guru, mengke seng jawab Susan,
sanes kula. Maksud kula Susan niku kerep banget ngrebut jatah soal kangge kulo bu”, curhatku marang
Bu Bk. Aku neng ruang Bk dewe, ora karo Susan. “Pipit, saiki kowe sabar sek wae, Susan tok nengke
wae sek. Omong apik-apik karo Susan tentang kui, mengko Susan ndak loro ati”, iku sarane Bu Bk.
“Nggeh Bu” jawabku. “Yo uwes saiki mantuk sek, ndak digoleki ibu’ kok ra lek bali seko sekolah”,
lanjute Bu BK. “Nggeh Bu” jawabku meneh.

Sedina meneh UAB, utawa Ulangan Akhir Bulan. Sek diujikan iku Bahasa Indonesia, Bahasa
Inggris, IPA, lan Matematika. Wes ngasi yahene Susan durung takon matematika seng mbiyen.
“A........yo luweh ra takon aku”,batinku. Sedina iku aku ora omongan karo Susan meneh. Susan yo ora
ngejak aku omongan. Aku yo ora nyobo omongan karo Susan seng disaranke Bu BK. Bel pindo ,tandane
ngaso. Aku ora jajan bareng Susan, Susan ngejak aku jajan, neng aku wegah. Aku jajan bareng Galih.
Ngasi wayahe bali aku ora omongan ro Susan.
“Opo Susan reti curhatku marang Bu Bk yo?”, pikirku. Sakwene neng dalan aku bali sekolah aku
mung mikirke kui. Nek Susan reti piye yo? Aku kon kudu piye? Aku bingung. Dina uwes ganti, saiki
wektune UAB. Aku ora sak kelas karo Susan, aku nggarap soal kanthi PD. Aku nggarap ora ana masalah,
aku nggarap soal ora nurun,jujur. UAB kapisa aku ora pethuk Susan. Ngasi UAB ke-papat aku ya ora
kepethuk Susan meneh. UAB uwes rampung, bijine ya uwes diumumke kabeh.Yess!! bijiku apik kabeh,
ya alhamdulillah. Aku seneng aku ranking II. Aku nlliki bijine Susan beda adoh, Susan rankinG 30. Aku
bangga iso luwih apik seko Susan. Neng aku ya ora entuk sombong. Aku ya rung puas karo biji semana,
tur lagi ranking II.

Wayahe ngango pisan aku lungguh neng garep kelas dewe. Karo mangan panganan. Aku wes ora
mikirke Susan meneh. Niatku iku mung arep nglaleke Susan. Pra nyono ora ngiro, Susan moro lan
lungguh neng jejerku. Susan kanda yen dheweke njaluk ngapura karo aku. Aku bingung kudu piye
,masalahe aku ki arep nglalekake Susan. Galih banjur moro lan omong, “Pit, yo dingapura ta Susan ,
mesakke lho Susan nek ora dingapura”. Aku  mung meneng wae. “Pit”, lanjute Galih. “Kowe lak wes
kaet kelas pitu ta kancanan karo Susan, 3 tahun Pit, mosok arep tok pedhot ngunu wae, dosa hlo
memutuskan tali silaturahmi ki Pit”, lanjute Galih meneh. “ Ok ok, lha Susan ki ngopo njaluk ngapura
karo aku barang?”, takokku karo Galih. Susan mung mesem wae. “Aku reti pas kowe curhat neng BK
Pit”, jare Susan. Aku mung meneng wae. “Pit, pliss yo aku dingapura, Pit”, jalukke Susan.

Susan karo Galih mung ndeloke aku. Aku bingung, pancen bener wes 3 tahun aku kancanan karo
Susan. Akhire aku ngenehi apura marang Susan. Aku yo jaluk ngapura marang Susan lan Galih yen aku
nduwe salah. Ngasi saiki ,aku Galih, lan Susan kancanan raket. Aku seneng iso nduwe kanca koyo Galih
lan Susan.
ANALISIS UNSUR CERKAK

A. Sinopsis Cerkak
Susan nakoni Pipit yen ujian kurang 4 dina. Susan bingung, Pipit jawab yo sinau ta ben
iso. Bel mlebu uwes muni durung ana 3 menit sakwise bel, Pak Gunawan sampun rawuh.
Pelajaran wes dilekasi, Pak Gun nerangake bab 4. Susan bingung yen durung dong. Sarane Pipit
nyang Susan. Pelajarane Pak Gun uwes rampung, banjur Pak Guru medal, Susan takon karo pipit
carane nggarap soal seng mau. Banjur, Pipit marai Susan. Durung rampung leh Pipit marai, Bu
Sri uwes rawuh. Wes wayahe ngaso, Pipit kelingan menawa Susan arep ngedongke bab IV
matematika ananging Susan ngomong yen dheweke ngeleh pengen jajan sek. Ngasi ngaso
kepindo, Susan ya durung takon marang Pipit, mungkin Susan wes ngerti. Pipit sesng asli ora
seneng marang Susan, amarga Susan wonge egois, caper, lebay, lan alay. Sarane Bu BK, Pipit
kon ngenengke Susan wae. UAB utawa Ulangan Akhir Bulan sek diujikke iku Bahasa Indonesia,
Bahasa Inggris, IPA, lan Matematika. Susan ora takon marang Pipit babagan matematika seng
mbien kae. Susan ya ora tau jajan karo Pipit meneh. Pipit bingung apa Susan ngerti dek Pipit
curhat marang bu BK. UAB wes dianyaki, 4 dina Pipit ora tau ketemu karo Susan. Nilai UAB
wes metu, Pipit entuk ranking 2 lan Susan entuk ranking 30. Pipit wes percaya nek dheweke iso
ngedohi Susan, ananging Susan njaluk ngapura marang Pipit, Susan uwes ngerti menawa Pipit
curhat marang Bu BK. Galih ngewaki Susan supaya Pipit gelem ngekeki ngapura nyang Susan.
Pungkasane, Pipit ngekeki ngapura marang Susan lan Pipit, Susan, lan Galih dadi kancanan
raket.
B. Unsur Intrinsik
1. Tema : Kekancan
 Bukti : Susan takon carane nggarap soal seng mau. Mesthine Susan tak
warahi.
2. Setting/latar :
- Latar tempat :
a. Ruang kelas
 Bukti : Bel mlebu wes muni. Durung ana 3 menit sakwise bel, Pak Gunawan
uwes rawuh.
b. Ruang BK
 Bukti : Aku neng ruang BK dhewe, ora karo Susan.
- Latar wektu :
a. Wayah esuk
 Bukti : Bel mlebu wes muni. Durung ana 3 menit sakwise bel, Pak Gunawan
uwes rawuh.
b. Wektu istirahat
 Bukti : Saiki wayahe ngaso, aku kelingan yen Susan arep ngedongke bab IV
matematika.
c. Wektu mulih sekolah
 Bukti : “Yo uwes saiki mantuk sek, ndak digoleki ibu’ kok ra lek bali seko
sekolah”, lanjute Bu BK.
- Latar suasana :
a. Rame
 Bukti : Kabeh murid meneng, durung ana 5 menit Bu Sri ngajar wes rame
meneh kaya pasar.
b. Anteng
 Bukti : Ngasi rampung pelajaran kabeh murid padha anteng ,meneng,
nggatekake pelajarane Bu Sri.
c. Bingung
 Bukti : Sakwene neng dalan aku bali sekolah aku mung mikirke kui. Nek
Susan reti piye yo? Aku kon kudu piye? Aku bingung.
d. Seneng
 Bukti : Yess!! bijiku apik kabeh, ya alhamdulillah. Aku seneng aku ranking II.
3. Sudut pandang : Wong kapisan
 Bukti : Pelajarane Pak Gun uwes rampung. Sakwise Pak Gun medal, Susan
takon nyang aku. Susan takon carane nggarap soal seng mau. Mestine
Susan tak warai.
4. Alur : Alur maju (progesif)
 Bukti : Rerangkening peristiwa urut saka awal Susan takon matematika
marang Pipit tekan akhire Susan njaluk ngapura marang Pipit amarga
dheweke egois.
5. Penokohan
- Pipit :
a. Sabar
 Bukti : Susan takon carane nggarap soal seng mau. Mestine Susan tak warai.
Durung rampung leh ku marai, Bu Sri sampun rawuh. “ Leh marai
teruske ngko meneh ya”, jare Susan. Aku ya mung manut wae.
b. Seneng curhat
 Bukti : “Kula seng asli niku mboten tek seneng kalian Susan, amargi pendak
pelajaran napa mawon sek digatekake guru-guru namung Susan.
Susan niku tiange caper, lebay, alay, nggeh niku seng marakke kula
mboten seneng napa maleh menawi kula lagi dipuntangkleti kalian
guru, mengke seng jawab Susan, sanes kula. Maksud kula Susan niku
kerep banget ngrebut jatah soal kangge kulo bu”, curhatku marang Bu
Bk.
- Susan :
a. Egois
 Bukti : “Susan niku tiange caper, lebay, alay, nggeh niku seng marakke kula
mboten seneng napa maleh menawi kula lagi dipuntangkleti kalian
guru, mengke seng jawab Susan, sanes kula.”
b. Seneng rame
 Bukti : Susan barang ya melu rame.
c. Seneng nggampangke
 Bukti : “Sesuk apa kapan wae yo, aku males iki, jajan sek wae ya, ngeleh aku”,
jawabe Susan.
- Galih
a. Seneng mbantu kancane
 Bukti : Galih banjur moro lan omong, “Pit, yo dingapura ta Susan , mesakke
lho Susan nek ora dingapura.”
6. Gaya bahasa : Ana ing cerkak kasebut penulis nganggo basa kang gampang dipahami
pamacane lan ana ing cerkak kasebut ora ana majas.
7. Amanat : Karo kanca iku kudu padha mbantu lan ora entuk ana dendam utawa
rasa gething kang bisa mbubarake kekancan.
C. Nilai-nilai kang kamot
1. Nilai sosial
 Bukti : “Kula seng asli niku mboten tek seneng kalian Susan, amargi pendak
pelajaran napa mawon sek digatekake guru-guru namung Susan.
Susan niku tiange caper, lebay, alay, nggeh niku seng marakke kula
mboten seneng napa maleh menawi kula lagi dipuntangkleti kalian
guru, mengke seng jawab Susan, sanes kula. Maksud kula Susan niku
kerep banget ngrebut jatah soal kangge kulo bu”, curhatku marang Bu
Bk.
2. Nilai etik
 Bukti : Pak gunawan iku guru matematika, beliau iku tegas lan biasane
dipuntimbali Pak Gun.
3. Nilai hedorik
 Bukti : Yess!! bijiku apik kabeh, ya alhamdulillah. Aku seneng aku ranking II.
4. Nilai spirit
 Bukti : Wayahe ngango pisan aku lungguh neng garep kelas dewe. Karo
mangan panganan. Aku wes ora mikirke Susan meneh. Niatku iku
mung arep nglaleke Susan.

Anda mungkin juga menyukai