Anda di halaman 1dari 1

Muhammad Widad Auliansyah (12 IPA 1/24)

Sawise nyinaoni ringkesan materine, wangsulana pitakonan iki.

1. Apa sebabe generasi mudha jawa wis ora pati isa mangerteni isi manuskrip jawa?
Amarga isih akeh manuskrip-manuskrip sing durung ditransliterasi dening para filolog.
2. Pitutur apa wae sing ana ing sajroning manuskrip jawa?
Etika, agama, politik, lan sapanunggalane.
3. Sebutna tuladha wujude manuskrip jawa, sapa sing nganggit, lan irah-irahane apa?
Kitab Kakawin Sutasoma, kaanggit dening Empu Tantular.
4. Saka pupuh 139, pada 5, ngemu sesanti Bhineka Tunggal Ika. Coba tulisan, kepriye unine pada
kasebut!
Rwāneka dhātu winuwus Buddha Wiswa, ‘Konon Buddha dan Siwa merupakan dua zat yang
berbeda’
Bhinnêki rakwa ring apan kena parwanosen, ‘Mereka memang berbeda, tetapi bagaimanakah bisa
dikenali?’
Mangka ng Jinatwa kalawan Śiwatatwa tunggal, 'Sebab kebenaran Jina (Buddha) dan Siwa adalah
tunggal’
Bhinnêka tunggal ika tan hana dharma mangrwa, ‘Berbeda-beda tetapi tetap satu, tidak ada
kebenaran yang mendua’
5. Miturut katrangan ing ringkesan materi, kelompok aksara brahmi diperang dadi pira? Sebutna!
Loro. Brahmi Utara lan Brahmi Selatan.
6. Aksara brahmi selatan ana pirang jinis? Sebutna!
Pitu. Tamil brahmi, pallawa grantha, kalinga, bhattiprolu, telugu, tai le, lan ahom.
7. Aksara palawa granta anduweni pirang jenis? Sebutna!
Sanga. Malayalamm, tulu, dhives akuru, khmer, kawi, mon, sinhala, saurashtra, lan cham.
8. Aksara kawi jenise ana pira? Sebutna!
Sewelas. Bali, batak, baybayin, buhid, hanunöo, jawa, lampung, lontara, rejang, sunda kuno, lan
tagbanwa.
9. Saka wangsulan pitakonan 6, 7, lan 8, terangna larah-larahe (asal usule) aksara jawa!
Miturut para winasis, salah sijine Gari Ledyard, aksara Jawa iku salah sawijine aksara sing asale
saka aksara Kawi. Aksara Kawi iku salah sawijine aksara sing asale saka aksara Pallawa Grantha.
Aksara Pallawa Grantha iku salah sawijine aksara sing asale saka aksara Brahmi Selatan. Aksara
Brahmi Selatan iku salah sawijine aksara sing asale saka Aksara Brahmi.
10. Jinise aksara jawa diperang dadi pira? Sebutna!
Papat. Aksara carakan, aksara murda, aksara swara, lan aksara rekan.

Anda mungkin juga menyukai