II. TUJUAN
Melalui metode problem based learning peserta didik dapat
1. Memahami unggah-ungguh basa untuk tanya jawab yang tepat.
2. Dapat menggunakan unggah-ungguh basa untuk tanya jawab yang tepat.
IV. PENILAIAN
Penilaian Sikap : Pengamatan pelaksanaan kegiatan pembelajaran
Penilaian Pengetahuan : Tes tertulis
Penilaian Keterampilan : Unjuk kerja
LAMPIRAN
BAHAN AJAR
Nuweni Kanca
Dinten jemuwah, Bapakipun Siwi tindak dhateng sekolahan, mamitake Siwi.
Bapakipun Siwi nyaosaken serat dhokter dhateng Bu Laras. Sampun tigang dinten Siwi
mboten kesah sekolah. Siwi sakit, mondhok dhateng puskesmas.
Bu Laras lajeng paring dhawuh marang Bawa, pinangka ketua kelas. Bawa dipun
dhawuhi damel rombongan kangge nuweni Siwi. Lare kelas V kepareng dados sekawan
kelompok. Saben kelompok wonten pitu. Anggenipun nuweni Siwi, naming wakilipun
kelompok, amargi wanci pandemic Covid-19, pasien mboten kepareng dipun tuweni kanthi
sareng-sareng.
Dinten jemuwah sonten, lare sekawan wakilipun kelompok, kalebet Bawa, kesah
dhateng puskesmas. Dumugi puskesmas lare sekawan laporan ing papan protocol kesehatan.
Sasampunipun ngangge masker, wijik, lajeng dipun cek suhu badanipun. Lare-lare wau lajeng
tumuju dhateng papan informasi. Bawa matur petugas, menawi badhe nuweni Siwi. Petugas
maringi pirsa lare-lare. Menawi Siwi boten kepareng dipuntuweni, jalaran sakit Covid-19.
Siwi dipun isolasi ing nicu mligi kangge lare sakit Covid-19.
Lare sekawan namun dipunkeparengaken nuweni saking njawi kaca papan isolasi.
Siwi ketingal lemes, lan taksih dipuninfus. Wonten papan papan isolasi, Siwi naming
dipuntenggani setunggal perawat ngangge APD Covid-19. Ngendikanipun petugas Siwi sakit
Covid-19 amargi Paklikipun kondur saking Jakarta. Paklikipun gerah Covid-19.
“Wi, muga-muga enggal cepet mari ya, terus bias sekolah maneh,”mekaten pesenipun
Bawa saking jawi papan isolasi. Siwi ketingal manthuk-manthuk. Sawetawis lare sekawan
sami gineman wonten jawi papan isolasi, lajeng nilaraken puskesmas. Dumugi papan parker
kepanggih Ibunipun Siwi. Ibunipun Siwi ngendika, “Matur nuwun ya Nak, wis niliki Siwi”.
II. TUJUAN
Melalui metode problem based learning peserta didik dapat
1. Dapat menjelaskan kata sulit dalam bacaan dengan tepat.
2. Dapat menggunakan unggah-ungguh basa untuk menyampaikan ajakan kepada orang
lain dengan tepat.
IV. PENILAIAN
Penilaian Sikap : Pengamatan pelaksanaan kegiatan pembelajaran
Penilaian Pengetahuan : Tes tertulis
Penilaian Keterampilan : Unjuk kerja
LAMPIRAN
II. TUJUAN
Melalui metode problem based learning peserta didik dapat
1. Memahami unggah ungguh basa untuk berbicara dengan orang lain sesuai umur dan
kedudukan yang tepat.
2. Dapat menggunakan unggah-ungguh basa untuk berbicara dengan orang lain sesuai
umur dan keduudkan yang tepat.
IV. PENILAIAN
Penilaian Sikap : Pengamatan pelaksanaan kegiatan pembelajaran
Penilaian Pengetahuan : Tes tertulis
Penilaian Keterampilan : Unjuk kerja
LAMPIRAN
BAHAN AJAR
Pamilahe unggah ungguh
1. Ngoko
Basa ngoko digunakake kanggo bocah marang bocah, wong tuwa marang wong tuwa
sing wes tepung, bendara marang rewange, wong tuwa marang anake, Bapak/Ibu Guru
marang muride, lan sapanunggalane. Tembung-tembunge ngoko kabeh.
Tuladha:
a. Kowe arep menyang ngendi?
b. Jenengmu sapa, Dhik?
c. Ayo, padha dolanan egrang ana latar!
2. Ngoko alus
Basa ngoko alus digunakake kanggo guneman: wng tuwa marang wong nom sing
diajeni, guru marang tilas siswane, ibu marang bapak, lan sapanunggalane. Basane
utawa tembung-tembunge ngoko karo krama inggil.
Tuladha:
a. “Wis, dhahar durung, Bu?” pitakone Bapak.
b. “Panjenengan wis krama, Mas?” pitakone Bu Esti marang tilas siswane.
c. “Panjenengan arep tindak ngendi?” pitakone Ibu.
3. Krama
Basa krama digunakake kanggo guneman wong nom marang wong tuwa, siswa
marang gurune, Ndonga marang Gusti Allah, lan sapanunggalane. Basane utawa
tetembungane krama, lan krama inggil.
Tuladha:
a. “Bu Guru, panjenengan sampun dhahar?”
b. “Pak, menapa Bapak sampun tindak dalemipun Pak Dukuh?
c. “Mas Bawa, sampun pirsa dereng?”