Anda di halaman 1dari 3

Nama : Diana Lathifa

Kelas/absen : XIA5/12

Alamat : Dsn. Kedungrejo, Ds. Purwosari, Kec. Wonoasri, Madiun

BERSIH DESA

A. Deskripsi

Bersih desa yoiku Slametan kanggo menehi sesaji marang danyang deso (penjaga desa) sesajine
iku saka saben keluarga kanggo nyumbang panganan. Bersih desa dilaksanakake masyarakat
dusun kanggo ngeresiki deso songko roh-roh sing nduweni niat elek. Sesaji biasane diwenehake
marang danyang deso. Amergo danyang deso dipercoyo biso njogo deso kasebut. Upacara
bersih desa dianakake ono ing makam danyang ing deso anduweni pengaruh muslim kang kuat.
Upacra bersih desa dianakake ono ing masjid isi songko upacara kasebut yoiku dedungo wonten
ing islam. Deso kang ora due makam danyang, upacara deso biso dianakake ono ing omah
kepala desa. Bersih deso biso dipun maknai ungkapan raos syukur dumateng gusti allah
minongko diparingi panen pari kang subur.

Ono makna liyo songko bersih desa yoiku keramaian sing dibarengi slametan lan dedongan ing
pedesaan saben tahun kang lumrahe gegayutan kehormatan ing deso utawa mbeneri dina
adeging desa. Ing bersih desa, tansah dianakake slametan utawa kenduri. Kegiatan kenduri
ndedongakake marang gusti allah. Kang maha kwasa kanggo leluhur kang mati lan leluhur
kaapunten.

Selain iku bersih desa anduweni pengertian kang liyo yoiku salah siji upacara adat jawa sing
diselenggarakake bubar panen pari. Dadi maksud dianakake bersih desa yoiku kanggo
ngucapake syukur thanduran pari berasil di panen lan kasil apik. Upacara adat iki kadang ugo
diarani upacra mrei desa lan bisa digabung karo upacra adat adat sedekah bumi utawi mreti
bumi.

B. Tujuan

Tujuan dianakake bersih desa yoiku nyogo deso supoyo tetep ayem lan tentrem, supoyo deso
ora ono alangan opo-opo, supoyo budoyo adat jowo ora ilang, mbangun masyarakat sakteruse
supoyo slamet, lan njaluk keslametan saklawase. Selain jlentrehan ono ing duwur bersih deso
anduweni tujuan liyane yoiku kanggo ngucapake syukur marang tuhan sing wis aweh anugrah
kasil panen pari sing akeh, kanggo njogo keslametan para warga deso saka gangguan sing olo
ugo gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana, lan kanggo ngeresiki deso supoyo
mboten alangan utowo kesusahan keadaan deso dadi tentrem lan ayem.

Selain tujuan kasebut ono tujuan liyo songko bersih deso yoiku kanggo nyebut syukur marang
Allah SWT. Kanggo njaluk berkat supaya hasil panen apik.

Jlentrehan ono ing duwur sampun jelas banget yen tujuan songko bersih deso iku akeh banget.
Bersih deso anduweni manfaat lan kegunaan sing akeh. Bersih deso iku sifate sakral yen oran
dilakoni biso dipercoyo yen deso iku bakal ora slamet lan bakal ono musibah kang akeh lan ugo
bahayakake. Bersih deso dianakake bedo-bedo manut tatanan desone dewe-dewe. Semono
ugo tujuan e bersih deso bedo-bedo manut deso kang ngelaksanakake bersih deso kasebut.

C. Wektu

Wektu kang tepak ngelaksanakake bersih deso yoiku wektu bubar panen. Nanging, ora kabeh
deso ngelaksanakake bersih deso tepak wektu bar panen. Sing nganakake wektu bar panen kui
dibarengi karo ngucapaken syukur marang panenan kang asile apik.

Bedo maneh karo deso liyane. Ono sing ngelaksanakake bersih desa yoiku sasi selo (sasi
song) utawi wulan septemberan. Utowo biso dilaksanakake wulan syawal kang 11 kalender
jowo. Yen ono ing deso kulo bersih desa kui dianakake wektu selo, suwine 2 dino. Dino kang
pertama slametan ono ing punden utawi balai desa. Biasane ono ing deso kulo diartekne
“PRIBUMI”. Sing melumpuk ono ing punden utowo balai deso yoiku pamong rakyat, kepala desa
lan rakyat sak deso utowo sak dusun. Dino ke 2 ngenekake keramaian koyoto contone kledek
(gambyong) lan reog.

D. Panggonan

Panggon kang digunakake kanggo nganakake bersih desa yoiku masjid, balai desa lan punden.
Panggonan iki saben deso mesti bedo-bedo. Mesti anduweni versi lan gaya slametan e dewe-
dewe. Ono sing neng masjid, yen ditakoni iku oleh opo ora? Wangsulan e mesti oleh. Sah-sah
wae nganakake slametan ono ing masjid. Biasane yen neng masjid slametan e diisi sholat isyak
lan dongakne arwah poro leluhur kang wis mati. Sak wise dongakne leluhur dilanjutake mangan
panganan kang digowo songko omah mau. Biasane adahe “encek” piring sing digawe songko
wit gedang.

Sing ke 2 yoiku ono ing balai desa. Yen ono ing balai desa biasane diawiti dedungo. Podo karo
ono ing masjid mau yoiku dongokne arwah kang wis mati. Yen ono ing balai deso biasane
dianakake wektu awan. Sak wise dongo dilanjutake mangan bareng-bareng.

Sing nomer 3 yoiku ono ing punden. Ono ing punden biasane diwenehi sesajen. Adat iki
menurut awak pribadi nyimpang karo agomo. Nanging wis dadi adat jowo kang sacral yen arep
ditinggalne. Biasane ono ing punden liyane diwei sesajen diwenehi menyan kang gunane
kanggo wewangen.

F. Proses acara

Acara bersih deso dianakake bedo-bedo, koyo sing wis dijlentrehne ono ing ngarep yoiku
manud karo adat desone dewe-dewe. Pelaksanaan tradisi bersih deso nggene kulo yoiku proses
acarane bersih deso dianakake sedino utuh sangka jam 07:00, kegiatan resik-resik kabeh deso.
Sak bubare iku dianakake pagelaran reog lan lomba-lomba dilanjut sore biasane dianakake doa
bareng-bareng utowo kenduri. Sakwise warga sekitar kumpul kabeh banjur ditunjuk kanggo
mimpin pandongo. Kanggo pardon lan pangapuntening doso para leluhur kanggo gusti lan mugi
kanggo njaluk kawilujengan, rejeki, panggan lan sandang lan uho njaluk pangayoman supoyo
deso wewelak sak wise kenduri dianakake wayangan.

Kegiatan bersih deso iku akeh manfaat e lan kegunaane. Selain iso ngaweruhi deso maleh
ayem, tentrem ora ono pengganggu kang biso marai warga resah. Ugo biso nambahi tali
perseduluran maleh erat amargo kabeh warga deso biso kumpul kanggo ngerayakake kegiatan
iku. Kanggo njaga budaya saka wong jowo banjur ngelestrikake lan tetep menghargai tradisi
masyarakat jowo dewe.

Anda mungkin juga menyukai