Amalika Ari Nalendra Ravi Kumara Tegese Bersih Desa yaiku slametan utawa upacara adat menehi sesaji kanggo roh-roh alus ing desa. Makna Bersih desa dimaknai minangka ungkapan syukur sakwise panen pari. Anane rasa taqwa lan hormat marang Tuhan, iso didelok saka kegiatan doa bersama wektu kenduri ing masjid utawa lapangan. Anane prilaku hormat marang wong sing lebih tuwa utawa sesepuh. Anane rasa kebersamaan lan gotong royong sing bisa ngilangno sifat egois lan individualisme, iso didelok wektu ngelakoni kenduri bebarengan. Anane perilaku kemanusiaan sing iso didelok wektu pembagian panganan marang wong sing mbutuhake wektu kenduri. Ngajarake kesehatan, kebersihan lan keindahan sing iso didelok wektu pembersihan kuburan lan dalan-dalan desa. Ngajarake kehidupan sing teratur lan hemat sing iso didelok wektu penyimpanan pari ing lumbung. Tujuan utawa fungsi Bersih desa dilaksanaake dening masyarakat desa kanggo ngeresiki desa saka roh-roh jahat sing ngganggu. Bersih Desa utawa Majemukan oleh petani dilaksanaake uga kanggo ngungkapno rasa terima kasih kang Dewi Sri utawa Dewi Padi amerga wis njaga keamanan para tani nganti berhasil panen pari sing wis ditanem. Bersih Desa uga kanggo ngungkapake syukur marang Tuhan sing wis ngabulno panen pari kuwi. Wektu Pelaksanaan Bersih Desa biasane dilaksanaake wektu Bulan Selo utawa Syawal, yaiku bulan ke-11 Kalender Jawa. Kanggo tanggale, saben desa bedo wektu pelaksanaane, nanging sing pasti kabeh dilaksanaaken wektu Bulan Selo. Piranthi lan ubarampe Tumpeng lan lauk pauk (ngajarake rasa kemanusiaan dengan berbagi) Panggung (kanggo hiburan warga supaya gembira sakwise banting tulang ing sawah) Kentongan (tanda upacara wis dimulai) Sesaji : - Air puting ing kendi (ngewenehi ngombe marang Dewi Sri lan kanggo ngeresiki wong supaya berbuat apik) - Daun keluwih (supaya petani diwenehi keluwihan wektu panen) - Daun sirih (menyirih wektu Dewi Sri berkunjung) - Dupa utawa kemenyan (kanggo perlengkapan sesaji) Urutan kegiatan Bersih Desa iki dilaksanaake sedino penuh - Wektu isuk (07.00) warga desa ngelakoni nyimpen pari ing lumbung, ing ndukure pari kasebut diwenehi sesaji kanggo Dewi Padi. Sesaji kuwi biasane disimpen ing 4 sudut desa. - Warga uga nyiapke piranthi-piranthi kanggo upacara kaya tikar, lan panggung. Pagar pohon sing dianggep keramat uga diganti sing anyar. - Warga uga masak lan nyiapke panganan kanggo kenduri. warga ngelakoni weweh utawa munjung ing kerabat lan keluarga. - Warga uga ngeresiki halaman, kuburan, masjid, dalan-dalan, lan gang-gang sing jarang dilewati wong. - Jam 12.00 kepala desa nabuh kentongan sing tandane masakan wis dadi lan wayahe ngumpul ing masjid utawa lapangan gawe kumpul lan kenduri bareng bareng. - Keduri biasane dimulai dengan doa doa sing dipimpin karo modin desa, sakmarine maca doa diwacano kisah Dewi Sri. - Mari kuwi, kenduri diakhiri dengan motong tumpeng lan dibagino marang warga lan fakir miskin - Wektu bengi, puncak acarane yaiku hiburan, biasane diadakno wayang kulit, ketoprak lan uyon uyon. hiburan iki gawe tanda keberhasilan petani nggarap sawahe .