Anda di halaman 1dari 7

A.

BATIK JOGJA

Motif batik Yogyakarta dados salah sawijining jenis batik Nusantara kang cukup dikenal ing
Indonesia amarga kaunikan motif-motif kang ditawarake saengga kathah diburu konsumen ing
Indonesia lan mancanegara.

Motif-motif batik Yogyakarta lan artinipun :

1) Motif Batik Kawung

Motif batik kawung yaiku motif batik tulis kang nglambangake kaperkasaan lan keadilan.
Motif batik kawung iki yaiku pola mblondo mirip buah kawung (kerambi/kolang-kaling) kang
ditata rapi lan geometris. Biasane motif-motif Kawung diwei asma menawa gedhe cilikke ukuran
buah, ana kang mblondo-lonjong kang ana ing motif batik tartamtu. Misal: Kawung Picis yaiku
motif Bati Kawung yang kasusun dening rupa blondo-blondo cilik. Picis yaiku rega duit kang
ndhuweni rupa mblondo cilik. Kawung Bribil yaiku motif-motif Batik Kawung kang kasusun
rapi dening ukuran kang luwih gedhe daripada kawung Picis. Iki dikreasikake sesuai asmane
yaiku Bribil kang nganggo mata uang kang ukuranne luwih gedhe daripada picis lan regane
setengah sen. Kawung Sen yaiku motif batik kan rupane mblondo lonjong lebih gedhe daripada
Kawung Bribil.

2) Motif Parang Kusumo


Motif Batik Parang Kusumo yaiku salah sawijining jenis motif kang digunakake kanggo kain
adat ana acara tukar cincin.
Motif Parang Kusumo nglambangake kauripan kudhu dilandasi kaliyan perjuangan lan usaha
kang nyata kanggo ngraih kabahagyaan lair lan bathin. Iki bisa dilambangake kaliyan
wanginipun kembang Kusuma. Ana falsafat ing Pulau Jawa, keberhasilanipun kauripan ing
masyarakat dicerminake kewangian pribadinipun masing-masing sajrone nglakokake kauripan
saben dina tanpa ninggalake norma-norma nenek moyang.

3) Motif Batik Truntum

Motif  Batik Truntum yaiku motif batik kang digunakake dening upacara mantenan suku Jawa
ing kota Jogja. Motif batik Truntum nglambangake cinta kang tulus tanpa sarat antara penganten
anyar. Biasane disertai harapan supaya cintanipun kekal abadi, yaiku soyo suwe soyo
berkembang (tumaruntum).Amarga maknanipun  truntum sering dienggo dening wong tua
penganten ing dina mantenan iku. Pepenginanne yaiku supaya kasih sayang selalu ngrangkul
manten iku lan wong tua bisa nuntun manten iku ana ing kauripan.

4) Motif Batik Tambal


5) Motif Batik Pamiluto

6) Motif Batik Ceplok Parang

7) Motif Batik Lereng


B. BATIK SOLO

1. Motif Sawat

Batik motif sawat (sawat utawa sayap), ana kang ngartikake uga syahwat uwata nafsu. Motif ini
dianggap sakral lan dienggo dening keluarga kerajaan. Motif bentuk sayap kan kasusun iki sering
diartikake garuda kendaraan Dewa Wisnu kan nglambangake kekuasaan utawa raja. Motif Batik
dienggo penganten ana acara mantenan, filosofi batik sawat diyakni bisa nglindungi kauripan
penganten.

2. Motif Sidomukti

Motif Batik Sidomukti iki yaiku salah sawijining motif kang gampang ditemukake amarga
kepopulerannipun. Motif Sidomukti kathah digunakake kanggo pakaian adat manten jawa
khususipun masyarakat Solo. Batik Sidomukti berasal saka kata sido kang artinipun jadi,
berkesinambungan, terus menerus lan saka kata mukti kang artinipun bercukupan, urip makmur,
utawa sejahtera. Pasangan manten nganggo batik iki supaya kauripannipun bungah lan kathah
rejeki.
3. Motif Satrio Manah

Motif Batik Satrio Manah sering dienggo dening wali manten kakung wonten acara lamaran
manten estri. Makna saka motif iki yaiku supaya lamaranipun ditampi kanthi sae dening calon
manten estri lan kaluargane.

4. Motif Semen Rante

5. Motif Solo Slobog


C. BEDANE BATIK JOGJA LAN BATIK SOLO

1. Desain
Motif batik Yogyakarta luwih gedhe lan tegas kang nglambangake gagah. Motif batik Solo
ukuranne luwih cilik lan luwes kang nglambangake anggun utawa kalem.

2. Warna
Batik Yogyakarta ndhuweni warna latar putih, minangka warna latar batik Solo dominan cokelat
keemasan utawa luwih peteng (gelap). Batik Yogyakarta nampilake warna gelap, nanging warna
kang muncul ana batik yaiku kebiruan, minangka warna gelap ana batik Solo luwih ireng
kecokelatan.

3. Prada utawa Hiasan Emas


Ana batik Yogyakarta, meh kabeh motif batik dilapisi hiasan emas. Kanggo batik Solo garis
njaba (outline) corak lan sebagian ornamen isine diwenehi hiasan emas.

4. Motif  Parang
Ana motif batik parang Yogyakarta, jalur miring motif saka kanan ndhuwur marang kiwe ngisor.
Minangka ana motif batik parang  Solo jalur saka kiwe ndhuwur marang kanan ngisor.

D. Wiru

Wiru ana jarit Jogja lan Solo iku beda. Wiru Yogyakarta ana bagean garis putih kang ono
ing ujung jarit diketonake lan kadang diwenehi “pengkolan-pengkolan” (lipatan). Minangka pana
Wiru Surakarta garis putih kasebut ora diketonake kaliyan cara ditekuk marang njero saengga
bakal katutup dening wiru kasebut.
Wiru jumlahe ganjil 3, 5, 7, 9 lan saterusse. Ambane wiru kanggo estri yaiku sekitar 2 cm.
Minangka ambane wiru kanggo kakung yaiku sekitar 3 cm. Umume wiru digawe nganti 1/3 saka
dhawane kain. Cara nganggone ugi beda. Kanggo estri, lilitan jarit nutup marang arah kanan. Kanggo
kakung, lilitan jarit nutup marang arah kiwe.
TUGAS BAHASA JAWA
BATIK DAN MEWIRU

NAMA : DYNAR PALUPI RAHMANINGRUM


NOMOR : 10
KELAS : XI MIA E

Anda mungkin juga menyukai