Anda di halaman 1dari 1

Kyai Palsu

Ing pondok pesantren, Pak Kyai ngaturake piwulangan kang becik kage murid-muride. Sakwise
Pak Kyai paring wejangan banjur ngetes pemahamane murid-muride liwat pitakon.

Pak Kyai : Agus, manurtmu opo fungsine kitab suci Al-Qur’an?


Agus : Kagem anu Pak Kyai...anu...nopo niku...njih kagem urip Kyai...Al-Qur’an nika
lak nggih salah satunggale saged kagem pedoman urip teng ndonya amargi saking surat-surat
enten lebete kitab suci menika manungso jaman saiki saged entuk piwulangan lan tuladha saking
kanjeng rasul Muhammad SAW.
Pak Kyai : Coba saiki manurutmu piye, Budi?
Budi : Leres ingkang sampun diaturaken mas Agus Pak Kyai. Al-Qur’an menika
isinipun pengetahuan lam pedoman urip. Mula niku saged ugi diagem waosan kanggo nentremke
ati lan pikiran.
Pak Kyai : Lha lek koe, Wawan manurutmu piye?
Wawan : Qur’an menika dalam utawi lawang swargi Pak Kyai.
Pak Kyai : Leres. Lha saiki gilirane Zenal.
Zenal : Ingkang sampun dipun aturaken rencang-rencang leres sedanten Pak Kyai.
Kawit jaman kanjeng rasul menika, Al-Qur’an saged ugi dipun mangertos dados firman Gusti
Allah ingkang suci, ingkang leres, ingkang becik menawi ditumindakaken dados laku manungso.
Mula niku kanjeng rasul ngajaraken Al-Qur’an dating sakabehe tiyang ing jaman semana. Sak
niki uga, tiyang-tiyang mboten sedanten saged maos lan mula niku perlu guru kados Pak Kyai
ben mboten klentu lek tumindak ngagem landasan Al-Qur’an. Nanging niku uga, Al-Qur’an njih
saged dados alat kangge ngapusi tiyang Pak Kyai...
Pak Kyai : Lho, opo maksude kui, Zenal?
Zenal : Lak nggih wonten to niku lho Kyai palsu ingkang ngapusi umat ngagem
kesucianipun Islam kaliyan Qur’an...tujuanipun nggih kagem golek duit, lha nika Kyai ingkang
kecekel polisi gara-gara sanjang yen tiyange menika saged nggandakake arta saking kersaning
Allah.
Moduse niku lak nggih ngaji, maos Qur’an , kaliyan niku.....setoran. Sing parah niku sak niki
Al-Qur’an dados bamper alat politik Pak Kyai, Amargi Al-Qur’an niku suci lan firmaning gusti
Allah, kabeh umat islam sakmenika tunduk kaliyan Qur’an.
Banjur kabeh umat sing mboten sedanten saged ngonceki ayat-ayat suci ingkang sae nggih
manut mawon menawi Kyaine sanjang klentu....alias adoh sanget kaliyan tuladha saking kanjeng
rasul.
Pak Kyai : Bener, saiki coba opo cirri-cirine Kyai palsu?
Zenal : Gampang Pak Kyai, njih menika gampang nesu, bengak-bengok ngucap
asmanipun gusti Allah kados tiyang kesurupan setan, ngajaraken ajaran kebencian, seneng duit,
seneng kekerasan, seneng ngancem, kaliyan seneng ngapusi.

Anda mungkin juga menyukai