Anda di halaman 1dari 3

"JIMAT"

KELOMPOK 4
● Alvina Astari Royhana (03)
● Chyntia Aufa Md.S (08)
● Dito Hanggara (13)
● Reza Aji Mahendra (27)
● Septiana Dwi Vitasari (31)
● Yayang Lowissazativa (35)

PARAGA:
1. Waluya
2. Pak Karto
3. Siti
4. Yanti
5. Polisi
6. Paranormal

Sawijining Dina, Waluya nemoni Pak Karto semayan, ngenani Jimat.

Pak Karto : "Sampun lunas, lampah sampeyan?"


Waluya : "Sampun."
Pak Karto : "Enten sing lowong, napa mboten?"
Waluya : "Mboten."
Pak Karto : "Kula melu seneng, sampeyan lulus. Awit, lakon niku abot. Najan yen dalu
angsal mangan kalih ngombe, ning rak diawisi kempal tiyang estri,
senaosa semah sampeyan piyambak."
Waluya : "Pangestu njenengan ta, sedaya kalawau?" ( mesem )
Pak Karto : "Mori telung lembar lan kembang telon sing kula betakne nika, niki wau
dibeta?"
Waluya : "Nggih," ( ngrogoh tas )
Pak Karto : "Riyin, kula trawange, mori niki!"
Waluya : "Nggih."
Pak Karto : "Aku, teka lali. Sampeyan kerjane napa?"
Waluya : "Kula sadeyan Mie Ayam, Pak"
Pak Karto : "Dak akoni, sampeyan jujur, saget katrawang lumantar mori,"
( dudoh mori putih, sing wis diwangun memper mbuntel mayit.)
Waluya : "Maturnuwun, Pak!"
Pak Karto : "Kula, mboten isa ningali, ning. namung lantaran ganda mori niki, tengara
pasa sampeyan tutug. Ning, lakon murih jimat niki mandi, langkung abot,
katandhing kalihan sing empun sampeyan lampahi. Napa sampeyan
saguh?"
Waluya : "Sagah, Pak!" ( wangsulane manteb)
Pak Karto : "Nek saguh nggih kula sukakne, nek mboten, kula jabel, anggen kula
nyukani, jimat piyandel niki! Jimat iki minangka tamenge awak, dadi ora
kena, dienggo agul-agul. Dadi sampeyan aja sombong, kudu lembah
manah, seneng tetulung. Sarat liyane, sampeyan kudu saguh ngampet
emosi, munggahing nesu utawa arogan. Ora keri, kudu trima panduming
Gusti Allah, tan kena meri, drengki lan sapiturute. Upama kataman
omongan rada atos, kuwi kudu dianggep minangka ujian, nyekel jimat iki."
Waluya : " Nggih “
Pak Karto : “Muga-muga jimat sing sampeyan cekel, tenan-tenan dadi kanyatan,
nggangsarake rejeki dodolan lan duwe kadigdayan.”

Seminggu sawise oleh Jimat, dodolan Waluya laris.

Siti : "Rumangsaku, sasuwene sepasar iki, dodolanmu, teka laris, ta, Mas?"
Waluya : "Mula puji sukur, kudu tansah diaturake, marang sing gawe urip!"
Siti : "Iya. Ning ora kudu diucapke seru lan dipamerake marang liyan, ta?"
Waluya : "Bener. Ning, miturut penemuku, sing luwih apik kuwi, sukur, kanthi lair batin,"
Waluya : "Ngapa meneng? Bingung?"
Siti : “Ora “(mesem)

Jam wolu bengi, dagangane wis entek. Saperangan lawang warunge ditutup.

Siti : “Alhamdulillah “ ( ngucap rada banter )


Waluya : "Awakmu, isih durung ngerti, ta, lairbatin, sing dakkarepne?"
Siti : "Durung" (mesem)
Waluya : "Mengko wae, dirembug neng omah, karo teturon!"
Siti : "Walah, padune duwe pamrih liya we!" ( ngguyu )
Waluya : "Wajib, je!" ( nggelak tumpakane, nglungani warunge )

Siti lan Waluya bali menyang omah numpak motor, oleh 100 meter ana wong wadon tibo
ndlosor. Amerta kaget Waluya ngerim ndadak lan kepekso mudun nulungi

Yanti : “Asem ane, matamu Ki ora nyawang to?”


Waluya : “Hlo, napa mbak”
Siti : “Wes mas ayo ngalih ae”

Wong wadon iku tetep ditulungi Waluya kanti sareh

Yanti : "Iki, gara-gara kowe, ta, aku dadi kaya ngene?"


Waluya : "Hlo, sampeyan mau, rak tiba dhewe, ta, sawise nglancangi aku? Kepara,
tumpakamu mepet banget, karo motorku!"

Siti, sing ana cedhake Waluya, gemeter, keweden.

Yanti : "Kowe, rumangsa lanang dhewe, ya? Apa rumangsamu, aku wedi, karo
dhapurmu?!"
Waluya : "Sik, ta, Mbak, sareh dhisik. Sing salah kuwi sampeyan. Numpak
sampeyan kliwat taker. Iki, dudu papan balapan, lho! Iki, papan umum!"
Yanti : “Yo kowe kui lho seng salah , aja rumangsa pener”
Waluya : “Lha ora lho, wes jelas-jelas sampeyan numpak banter teru ndlosor dewe”
Wadon iki nantang nantang, karo ngacungake gaman landhep, arupa glathi.

Yanti : “Gelut apa piye?”


Waluyo : “ Ayo maju kene”

Sing pada nonton , kanthi cepet ngerangkul sing ngamuk-ngamuk mau saka mburine. Sadurunge
anggane karangkul ana salah siji pawongan nampek tangan sing lagi ngancung-ngancungke
gaman. Gaman mencelat ngeneki sikile Waluya.

Waluya : "Niki wonten menapa?"


Polisi : "Kula petugas kapulisen kang dikirim kanggo ngringkus wong wadon niki"
Waluya : "Dicekel kanthi tuduhan napa?"
Polisi : "Wadon iki minangka pengedar narkoba lan omben Arak Jawa "
Waluya : "Ohh, pantes.."
Polisi : "Wadon niki pun diincih kawit sore mau, watara jam papat, neng warung
pomahan, njaban tlatah kono."

Sawise teka omah, Waluya ngrasa sikile krasa loro.

Waluya : “Aduh sikilku perih”


Siti : “Iki lho mas sikilmu godres getih “
Waluya : "Hlo, iya kok iso yoo?"
Siti : "bisa bisa iki kena glathi wadon mau mass."
Waluya : "Tapi kan aku, nduwe jimat."

Seminggu sawise prastawa mau, Waluya, nggoleki alamat pawongan paranormal arep nanjihake
barang gembolane. Anggone kedlarang-dlarang tekan tlatah pegunungan njaban kabupaten mau
pengen nemoni pawongan sing dipercaya duwe kasekten, weruh barang barang gaib. Klebu jimat
piyandel.

Paranormal : “Iki jimat opo?”


Waluya : ”Niki jimat minangka temenge awak dadi ora tembus bacok”
Paranormal : "Leres niki, jimat mboten tedhas bacok. Lha barange mawon saking wesi
waja tur kandel ngeten, najan mung cilik. Niki wesi waja sae, lho!"
Waluya : "Hah?"
Paranormal : "Dereng percaya, sampeyan? Cobi, barang niki sampeyan bacok nganggo
berang, arit napa clurit! Rak mboten tedhas! Kepara gamane sing menthelot!"

Waluya mung plonga-plongo durung marem Karo Kandane paranormal

Anda mungkin juga menyukai