Anda di halaman 1dari 4

Cerkak Bahasa Jawa

"Untu Palsu"

Sore ing mangsa panas. Nadyan nyurung kursi rodha ditumpaki akung (sebutan kanggo wong
tuwa ing Cina) sing bobote 57 kilogram, ora perlu ngetog kekuwatanku. Mbuh wis ping pira
anggonku mandheg ngelapi kringetku sing drodosan. Dina iku sing takjujug taman Meili. Ing
taman iku aku bisa ketemu kanca saka Indonesia, Philipina uga Vietnam, kang padha nunggoni
bendara lansia sing diramut olah raga nganggo piranti sing cumepak.

"Yah, sampeyan ki kena ngapa?" pitakonanku marang wanita sing klesotan ing trotoar sacedhake
taman.
Mbak Asih, tulungna aku Mbak,” ujare sinambi ngelapi luh kang dleweran ing pipine sing abang
ireng.

Ana apa ta, Yah ? Critaa sing cetha ta," pitakonanku marang wanita asal Kediri kang aran
Turiyah iku.
"Kaya biyasane mau aku ngejak akung menyang taman. Tekan taman, nalika arep takdulang
apel, aku kaget, awit akung ora nganggo untu palsune ngisor ndhuwur. Kamangka mau
sadurunge budhal wis takwenehne lan weruh dhewe akung masang untune iku.

"Wis mbok goleki?"

"Saknalika tak goleki ing sauruting dalan nganti tekan omah. Nanging ora ketemu. Aku diancam
Juragan, kudu ngijoli,” critane kanthi praupan keweden.

“Jane pira regane untu palsu kuwi,

“Jare ersewan u. Aku ra mudheng, kuwi pira Mbak? Mudhengku mung majikan kandhani huan
jien tegese kon ngijoli dhuwit.”

"Ersewan u ateges 250.000 dolar" Jientrehanku.

"Kuwi yen rupiyahke pira, Mbak"

"Digawe kurs 400 sakdolare, dadi satus yuta, Yah"

“Akeh banget, Mbak,guneme kaget.

“Sabar Yah. Digoleki meneh wae, sapa ngerti bisa ketenmu," panglipurku.
“Ya Mbak. Yen kudu ngijoli, jagadku kiyamat tenan. Anakku telu isih cilik-cilik butuh ragad
sekolah, bojoku sing setruk ya butuh ragad nggo kontrol ing rumah aq sakit saben wulane.
Durung utangku sing tak nggo ragad menyang Taiwan, durung bisa nyicil malah manak dadi
sepirang-pirang.”

Seseg rasane dhadhaku krungu critane Turiyah. Aku bisa ngrasakake aboting sanggan uripe.
Nanging uga rumangsa eram dene isih ana wanita sing gelem ngragadi bojone sing nandhang
lara. Ngelingi akeh kedadeyan ing madyaning bebrayan, priya sing dianggep wis ora guna,
sengaja disingkiri. Ing selaning rasa prihatin lan eramku, sumelip rasa sukurku. Saora-orane
kahananku luwih becik tinimbang kahanane Turiyah. Nadyan randha, aku isih ba nyekolahake
anak nganti meh tutug kuliyahe. Kulawargaku ya pinaringan seger kuwarasan. Lan sing banget
taksukuri meneh, aku ora duwe utang sing bisa manak kaya utange Turiyah.
“Asih kancamu ana apa,” pitakonane akung mbuyarake lamunanku.

Pitakone akung takwangsuli nganggo crita ngenani ilange untu palsu, sinambi jengkeng ing
ngarep kursi rodhane, supaya bisa dirungu kanthi cetha. Ora maido, wong tuwa yuswa 80 taun
iku wis suda rungon.
“Mesakke temen, ayo direwangi nggoleki, Asih”
Trenyuh krungu tembunge akung sing pancen becik atine lan seneng tetulung. Isih eling nalika
aku kirim dhuwit kanggo jakat fitrah ing dina riyaya kepungkur. Bareng tak jlentrehake ngenani
sedyane jakat kanggo sabiyantu wong sing mbutuhake, akung ona sranta ngulungake dhuwit
1000 dolar, njaluk tulung dikirim nggo jakat uga, nadyan agamane Budha.
"Yah, ayo digoleki sepisan maneh" pangajakku.
"Nanging, akungmu ora apa-apa ta Mbak” ujare Turiyah samar
"Aja samar, Yah, akungku apikan kok. Malah ki mau sing ngejak nulungi nggolek ya akung,"
Aku lan Turiyah mecaki dalan sing adohe tekan omahe juragane Turiyah watara 300 meter.
“Gusti Mah, Kaki Among, Nyai Among, aku jabang bayine Turiyah lair Selasa Paing, nyuwun
pitulunganmu," dongane Turiyah sing ndremimil ngundang esemku.
“Olehmu sinau donga kuwi marang sapa Yah ?" pitakonanku sinambi ngguyu kemekelen.
"iki sing muruki simbahku, Mbak"semaure tanpa greget.
“Ya wis ndongaa terus, muga Gusti lan Nyai Kaki Amongmu ngijabahi," sumambungku.
Nganti tekan prapatan, yen menggok ngiwa watara sepuluh meteran tekan omahe Juraganku,
dene yen menggok nengen watara limang meteran tekan omahe juragane Turiyah, aku sakeloron
durung kasil nemokake untu iku. Turiyah mangu-mangu nalika takjak mlaku menggok nengen
sapertu mbacutake nggoleki nganti tekan ngarep omahe juragane.
Ana apa ta Yah? Kok sajak mangu-mangu ’”
“Aku wedi yen ketemu juraganku, Mbak.
“Apa ora luwih medeni yen sampeyan makarya telung taun ora nampa bayaran” sumelaku.
“Karepku iki ngene lho Yah. Awake dhewé takon satpam, sapa ngerti untune akungmu ana sing
nemokake ing njero lift utawa ing plataran njur dipasrahake marang satpam.”
Turiyah njur takajak methuki satpam. Satpame mangsuli yen ora ana wong masrahake barang
temon marang dheweke. Semono uga ing CCTV ya ora katon ana wong nemu barang," ngono
kandhane satpam. Sakala Turiyah mbrosot ndheprok ing lemah.

"Aku ra wani bali Mbak," panulake Turiyah marang krenahku supaya bali wae, lan suk nggoleki
meneh. Turiyah malah ngetut mburiku sing nedya bali, awit mesakake akung sing wancine
mangan wengi. Sakliyane aku uga surnelang yen putrane akung bingung awit ora kaya adat
sabene jam papat sore wis bali. Nanging weruh praupane Turiyah sing mbrabak abang, aku ora
mentala ninggalake.
“Yah, saiki eling-elingan sing temenan ya, Nalika budhal menyang taman mau, sampeyan
mandheg ana ngendi,” pitakonku.
‘O..iya Mbak,aku mandheg ing Seven Eleven sacedhake taman saperlu tuku jajan.”
Ya wis ayo digoleki mrana” pangajakku ora kesuwen.
Tekan Seven Eleven, awit nepaki wong mulih saka makarya lan bocah bali sekolah, mula
kahanane rame banget lan antrine dawa.
“Mbak rame banget kaya ngene, njur priye carane nggoleki?”
Aku tak ngantri, tunggonana akungku ya! Mengko tak takon kasir mbok menawa ana kang nemu
untuk palsu njur dipasrahake kasir.”
Aku nyedhak kothak alumunium kanggo madhahi sop pedhes sing dening wong Taiwan diarani
ma la huo guo. Ora penak yen antri mung arep takon wae. Saliyane iku sop sing duduhe abang
awit dibumboni lombok bubuk iku bisa gawe irungku sing rada pilek bisa lega. Irus tak cidhukke
mandhes supaya katut bumbune sing njendhel ing ngisor.
“Yah... mrenea dhilut,” bengokku sora ora eling yen lagi ing papan sing rame wong.
“Ana apa, Mbak?" Turiyah gedandaban nyedhaki aku.
“Sawangen, Iki apa” trus sing ana tanganku tak duduhake Turiyah, sing njur kamitenggengen.
Ora ngertiya pelayan toko wis ana sandhingku.

“Dhuh Gusti, ana untu palsu"bengoke pelayan wanita sing ayu kaya golekan

"Yah nalika blanja neng kene mau, akung mbok seleh ngendi ?” bisikanku marang Turiyah.

“Ing kene Mbak, papanku ngadeg iki”

“Yen ngono bener iki untune akungmu,” pitakonanku maneh.

“Ya, mesthi iku untune akungku. Wong akungku ki pikune wis nemen, kerep nyopot untune tur
dibuwang sak nggon-nggon."

Sakala wong sing weruh padha gemreneng. Sing lagi mangan two Quo ing papan kang
dicawisake ing sisih pojok toko mutah-mutah lan agahan mbuwang huo guone ing tong Larahan.
Aku njur blaka suta marang pelayan toko sawise nemokake untu sing sijine meneh. Cekake kudu
ngijoli dhuwit, awit huo guo wis ora bisa diedol maneh. Nanging para pelayan iku ora wani
ngarani kudu ngijoli pirang dolar jarene kudu telpon Juragane dhisik uga ngetung sepira
karugene. Ndhuk, yen ngenteni juraganmu, sida suwe tenan. Saiki wis wengi wetengku ngelih,
kudu ndang mulih ujare akung marang pelayan toko. Krungu guneme akung pelayan telu njur
rembugan.

Ngene wae, saiki aku wenehana dhuwit 2000 dolar. Mengko yen kakehen,. sesuk sisane
dibalekake,” kandhane pelayan.

“Aku ra duwe dhuwit,. Mbak,” pratelane Turiyah sakwise takkandhani. Akung njur ndudut
dhuwit saka dhompete diwenehake aku, terus tak pasrahake marang pelayan toko.
“Mbak, omongana akungmu, rong minggu engkas yen aku wis bayaran dhuwite tak balekake"
Ora usah dibalekake, Yah. Iki mau akung wis kandba yen dhuwit iku kanthi ikhlas kanggo
nulung sampeyan.”
“Akung xie xie .." ucap matur nuwune Turiyah marang aku.
Sakwise akung tapak asta ing lembaran kertas kang isine nelakake yen akung masrahne dhuwit
2000 dolar, dening pelayan toko lagi di idini ninggalake toko. Turiyah jingkrak-jingkrak ora
karuwan. Aku seneng, akung ya melu mesem seneng.
"Yah, untune umbahen dhisik sing resik ing kran taman kana.!" Mengko yen mbok pasang ing
tutuke akung supaya ora kepedhesen."
Turiyah nyebrang dalan tumuju taman sing padhang awit lampu gedhe-gedhe lan endah dipasang
ngupengi taman. Sawatara aku rerikatan nyurung kursi rodha, bali ngomah nggawa rasa lega.
(Cuthel)
Trinilya Kasih

Anda mungkin juga menyukai