Anda di halaman 1dari 8

NUMPAK SEPUR DHONO PENATARAN

Preian semesteran tasiki aku pingin banget


nduweni memori utowo pengalaman seng
apik pas preian kui, mangakne aku nduwe
rencana yen iso nggolek acara seng enak lan
gak isok dilalekno.

“kel rakel, piye nek semesteran ayo ngajak


konco-konco numpak sepur.” Aku nyobak
ngajak rakel.

“ayo wes tapi tujuane nang ndi nek numpak


sepur.”

“nang suroboyo ae sek, seng idek-idek,


yowes nek ngunu saiki ayo nggolek konco
gawe numpak sepur yo” aku ngongkon rakel
ngejak konco e bekne gelem melok.
Aku mulai mikir iki en e tujuan ndi yo, nang
suroboyo engkok lapo.....alah gapopo wes
dipikir engkok ae, saiki nggolek konco
sek,,,engkok dibahas bareng. Aku nyoba
bukak aplikasi gawe numpak sepur kui, lan
aku nyoba nentukno tujuan ndi seng kate tak
parani mbek konco-koncoku. Ndek kunu aku
nggolek referensi sek nang google lan tonggo
desoku,. Tonggo desoku ngomong nek
mudun iku enak nang stasiun gubeng ae jrene
arek e. Yowes aku langsung nyoba nang
aplikasi e piro regane yen numpak sepur
mudun suroboyo ndek bagian stasiun gubeng.
Eh ternyata yo murah 10.000 we isok
numpak sepur nang suroboyo. Aku langsung
ngomong nang rakel yen regane sakmunu.

Aku langsung ngekek i pesan lewat hp


ngomong nang rakel.....

“kel rakel, regone mek 10.000 yen numpak


sepur nang suroboyo mudun stasiun gubeng”

“wah, murah yo, berarti nek moleh e pisan yo


10.000 ewu opo”
“iyo lah, dadi mek 20.000 ewu kene isok
numpak sepur gawe ngisi preian, yopo
awamu wes le konco a”

“uwes nemu konco aku, wong 7 teken


awamu. Aku, awamu, salsa, indah, lailatul,
harist mbek azilla.”

Wes nemu konco budal aku langsung pesen


tiket e lewat aplikasi tapi sakdurunge iku aku
kudu nduweni nama lengkap karo nomer
induk keluarga e, langsung aku ngomong
nang arek-arek yen kudu nyetorno nama
lengkap kari nomer induk keluarga kui nang
aku ben aku isok mesenno tiket e gawe
numpak sepur kui. Sakwise wes lengkap
kabeh aku langsung mesen lan ngatur jadwal
dino, jam lan ngatur lungguh e. Wes mari
beres kabeh mulai teko pembayaran e budal
jam piro e, aku langsung ngomng nang arek-
arek nek kudu siap-siap jam yamunu beragkat
e.

“rek,,,dino sabtu budal jam 7 isuk yo, seng


tepat waktu rek, engkok nekn telat wedi e
ketinggalan sepur” Aku ngomong lewat grup
whatsapp
“oke siap” azilla seng ngomong

“iyo mene tak usahakno tangi jam yamunu,


biaa e gak isok tangi e hahahahaha” salsa
seng ngomong kui malah ngguya-ngguyu.

“sdio bayar piro iku” lailatul takok

“oh iyo bayar e 20.000 yo rek, iku wes budal


moleh pisan” aku njelasno nang arek-arek

Sakwise kui aku nyiapno opo ae seng kudu


tak gowo lan nggawe klambi opo seng pantes
gawe mene iku. Akhir e aku yo nemu lan
beres kabeh gawe mene pas numpak sepur.

(Dino wes ganti)

Jam 6 isuk aku wes ngubrak-ngubrak


koncoku nang grup yen kudu siap-siap,
wedine iku mek ketinggalan sepur tok aku.
Aku ngongkon arek-arek kumpul nang omah
e rakel sek engkok budal bareng. Wes
kompol kabeh aku langsung berangkat nang
stasiun e kiro-kiro 30 menitan wes totok
kono. Wes totok aku kari ngenteni jadwal
budal e lan ngincengi sepur seng jeneng e
dhoho, mergo sepur kui seng kate tak tumpak
i. Akhir e ngenteni rodok suwe mergo jadwal
e iku jam setengah 9 ket budal, aku lan
konco-konco ngenteni karo nggolek jajan gek
toko stasiun kui. Sakwise ngenteni rodok
suwe seur eakhir e wes teko, aku lan konco-
konco agage nang sepur wedine bangku e
diroyok wong, dan akhir e kedadenan
bangkuku lan koncoku diroyok wong tapi aku
lagsung ngomong nang petugas e langsung di
benakno akhire aku lan koncoku isok
lungguh. Gak suwe langsung keretane
berangkat , gek tengah perjalan aku disuguhi
pemandangan seng apik banget subhanallah
apik banget ciptaanmu.

“rek, enak yo numpak sepur,,,iku lo


pemandangan e apik banget”

“iyo wah enk yo, nyaman rek aku tak turu


yo,,,,engkok gugah en nek wes totok”

“iyo turuo wes, ncen awamu iku turuan”


omongku

Kiro-kiro 1 jam 30 menit perjalannya, tapi


ndek kunu iku leren sek gek tiap stasiun kiro-
kiro onk 5 stasiun seng gawe leren
sakdurungen totok stasiun gubeng kui. Ning
kunu penumpang wes mulai mudun mergo
sesuai tujuan e dewe-dewe, tapi aku sek suwe
mudun e akhir e aku leyeh-leyeh sek lan
omong-omong an karo konco-koncoku.

Akhir e wes totok gubeng, aku ngongkon


arek-arek agage ben siap-siap mudun.

“ayo rek mudun wes totok, gugah en


koncomu iku lo seng keturon”

“iyo jar”

Akhire aku mudun teko sepur lan langsung


mlaku-mlaku gek daerah kunu nggolek
panganan gawe njanggel weteng. Wes malku
adoh tapi gk nemukno panganan seng pas,
akhir e aku lan koncoku maeng nang taman
lansia, gk nok niatan sakjane tapi wes kadung
keblablasen totok taman lansia. Terus
dolanan ndek sekitar kunu mergo akeh
permainan sing pingin tak cobak i. Wes suwe
nang kunu akhir e bosen pingin mbalek nang
stasiun tapi awak iki wes pegel.

“yowes rek ayo pesen mobil grab ae yo,


murah ae engkok patungan”

“iyowes ayo, pesenno kel” aku ngongkon


rakel
Grab wes teko aku langsung munggah
ngomong nang bapak e nek mudun nang
stasiun gubeng kiro-kiro mek 10 menitan wes
totok. Sakwise totok aku mampir nang
indomart tuku ngombe lan jajan. Aku
ngomong nang arek-arek nek balik e iku jam
2 awan. Ngenteni rodok suwe akhir e sepur e
teko, sepur iki penumpang e rodok longgar
lan aku mbek konco isok guyonan mergo
penumpnang e rodok longgar. Ndek kunu aku
gembul penumpng lio seng kate nang
tulungagung. Perjalan mulih yo pdo mbek
perjalan budal maeng nek leren sek nang tiap
stasiun seng dilewati. 1 jam 30 menit akhir e
mudun, tapi malah kudanan, aku lan arek-
arek ngiyup sek nang musholla kaliyan sholat
lan ngenteni udan terang. Sakwise terang aku
langsung nang parkiran gawe njupuk pedah
lan bayar parkiran kui. Terus aku lan konco-
koncou nggolek mangan mergo wes lesu
dorong mangan, akhir e nemu nggon mangan
seng penak lan nyaman.

Sampek kunu wae perjalannku, akeh banget


kesan seng isok gawe kenangan karo konco-
koncoku gek setiap perjalanan kui maeng
mesti gak lali njuouk foto lewat hp gawe
kenangan-kenangan. Mugo pengalam iki
maeng ono gunane lan onk hikmah e seng
isok di jupuk.

Anda mungkin juga menyukai