Anda di halaman 1dari 6

NGEJAR CITA-CITA

Jenengku Natasya Aulia Putri Dwifa, biasa


diceluk kanca-kancaku Natasya, saiki aku kelas 3 SMA.
Aku anak tunggal sing urip karo bapak, ibu, lan mbah
utiku. Keluargaku sayang banget marang aku. Sakben
dina Minggu aku lan bapak ibuku mesti metu mlaku-
mlaku bareng. Tujuane mlaku-mlaku bareng yoiku
digawe nyenengno aku lan tahun ngarep aku bakal pisah
marang keluargaku, sakben dina Selasa, Kamis, Jumat,
lan Sabtu aku mari mulih sekolah langsung budal les
marang Kota Mojokerto lan mulihe Bada Isya’. Bapak
ibuku kadang ga tega ndelok aku sing kepegelen mari
mulih les.

Sakmarine aku kenal kesibukan lan jadwalku


sing lumayan padat iki bapak ibuku mulai ndolek waktu
digawe metu bareng aku lan nyenengno aku. Soale tahun
ngarep aku bakal pisah karo bapak ibu lan mbah utiku
digawe nerusno sekolah ing universitas sing tak pingini.
Bapak ibuku mesti menehi aku semangat lan dukungan
kanggo aku, supaya aku iso ngewujudake cita-citaku
yaiku iso dadi dokter sing sukses. Dadi dokter iku cita-
cita ku ket aku cilik. Menurutku dokter yaiku minangka
pakaryan sing mulya lan berisiko dhuwur. Dadi dokter
ora gampang, pakaryan dokter akeh tantangan lan sabar,
wiwit sinau babagan awak manungsa lan ngatasi
penyakit sing ana kanggo ngatasi pasien kanthi becik.
Dokter asring diidentifikasi kanthi akeh kasugihan
sanajan sejatine tujuane dadi dokter ora dadi sugih,
nanging kanggo mbangun kesehatan bangsa.

Sak marine aku lulus tekan SMA iki, aku


kepingin dadi dokter sing bisa mbantu masyarakat akeh.
Aku kepingin kuliah ing Universitas Brawijaya. Sakbene
aku munggah SMA iki, aku sinau temen lan giat supaya
aku bisa ngewujudake cita-citaku iki, pancen iki ora
gampang nangging aku ora bakal patah semangat digawe
cita-cita sing tak pingini ket aku cilik. Waktu aku cilik,
aku tahu ngomong marang ibu lan mbahku yen aku
kepingin dadi dokter.

“ bu, kulonipun pengen dados dokter.”

Ibuku ngelus-ngelus rambutku lan natap aku karo


mesem.

“iyo nduk, sing pinter mangkane sing


sengkuyung gawe ngejar cita-cita, supaya bapak lan
ibumu iki isok ndelok anak siji-sijine iki dadi dokter sing
sukses.”

Kalimat iku sing tak gawe motivasi nganti saiki,


soale pas aku cilik aku tansah dimanja lan dituruti karo
bapak ibuku. Lan sakwise aku dadi dokter sukses aku
kudu iso gawe bapak lan ibuku seneng. Awal ceritane
aku kepingin dadi dokter yaiku aku ndilok wong sing
lagi kelaran ing rumah sakit.
“gledek, gledek, gledek (suara kasure rumah sakit
sing lagi gawa pasien)”

“awas, minggir kabeh, aku butuh dalan (suarane


perawat sing lagi gupuh kabeh)”

Moro-moro ana siji dokter sing mlayu lan


langsung sigap kanggo nulungi pasien sing kelaran iku
mau.

Nang njeru atiku mbatin ngene.

“ wih, keren yo. Aku ya pingin dadi kek dokter


iku mau, supaya aku iso mbantu wong-wong sing lara.”

Aku mikir, dokter berjuang kanggo pasien sing


lagi lara lan jasa e ora bakal dilalekake padha kabeh
wong. Sekuat tenaga, dokter tansah merjuangke pasiene.
Saben kali aku weruh dokter kang lagi meriksa pasiene
aku tansah mbayangake menawa iku yaiku aku kang lagi
dadi dokter karo nggawa peralatan dokter kanggo
meriksa pasien nganggo sandhangan dokter lan
dikancani karo rong wong suster, hehehe…yah emang
rada sathithik keluwihen nanging berangan-angan dadi
apa kang digayuhake iku kan oleh wae, amarga aku
dhewe kan nduwi ngipi kanggo dadi dokter sing sukses.

Ket kunu aku mulai tekun lan giat belajar, aku


mulai kurang duweni waktu dolan marang kanca-
kancaku. Iku kabeh demi nilaiku sing apik supaya aku
iso dadi dokter sing sukses lan iso nyenengno
keluargaku. Aku sing sakbendina les mulihe bengi-bengi
kudu iso sabar lan terbiasa karo kesibukanku iki,
sebenere aku ya pegel kaya ngene amarga ga ana waktu
kanggo ngasoh. Nanging ya kudu iso mbagi waktu sinau
lan wayae aku ngasoh.

Aku nde kene yaiku posisine dadi anak sing kudu


berjuang dewe, ora ana adik lan kakang sing ngerewangi.
Harapane bapak lan ibuku ana ing aku, wis mestine aku
berjuang kaya ngene. kaping rong wong tuwaku tansah
menehi pitutur lan motivasi menawa kang wis
digayuhake ora tercapai aku ora oleh bersedih lan
berputus asa, amarga apa kang wis awake dhewe cita-
citakan utawa wis awake dhewe ngimpikake wiwit cilik
kang manut awake dewe gegayuhan iku apik durung
tamtu ing mripat tuhan iku apik kanggo awake dhewe,
amarga rencana tuhan luwih apik lan bijak daripada
awake dewe. Dadi, awake dewe dadi manungsa kudu
tetep sengkuyung lan tansah optimis karo apa kang arep
awake dewe capai kanggo nggayuh hasil kang awake
dewe ngimpikake. Mangkono, pitutur kang wis wong
tuwa ku wenehake karo aku. Aku Natasya, samene carita
ngenani gegayuhan ku.
Muga-muga cita-citaku sing tak pingini saiki iso
diwujudake dening Allah SWT. Aamiin.

Anda mungkin juga menyukai