Anda di halaman 1dari 2

Pahlawan ing Mburi Pundak

Jenengku Estiana Pramidita, biasane diceluk Esti. Aku lahir saka keluarga sing sederhana
banget. Aku urip karo ibukku lan masku sing jenenge Prasetyo, deweke saiki isik kuliah ing
Universitas Indonesia. Rong taun engkas deweke uwis wisuda, masku iku kuliah arsitek. Awit
cilik masku sing ngganteng dewe iku hobine nggambar, gambarane apik-apik ora koyo aku
nggambar bunder wae dadine lonjong. Ndisek wayah aku isih SMP, mas Pras biasane marai aku
nggambar, nanging panggah wae gambaranku koyo bocah TK. Mas Pras kui senengane melu
lomba-lomba nggambar utowo ngelukis, pialane wae wis ora kenek diitung driji. Bedo karo aku
sing isih nduwe telung piala rasane gelo menyang awakku dewe, keno opo aku ora iso nggambar,
supoyo aku iso melu lomba-lomba koyo mas Pras lan nduweni akeh piala. Ananging ngendikane
ibu “Saben uwong iku nduweni pinter dewe-dewe, koyo mas Pras sing pinter nggambar lan
kowe pinter itung-itungan.”
Awit telung taun kepungkur ibu mbanting tulang kanggo nguripi keluargaku amarga
bapak wes dipundhut dhateng Gusti Allah. Saben esuk ibu masak sego kuning karo pecel kanggo
didol ing pasar, kadang-kadang aku nggowo sego kuning kanggo tak dol ing sekolahan. Aku
saiki kelas 3 SMP nang salah siji SMA ing Magetan. Jarak sekolahku karo SMP ku gak adoh
sekitar sekilo, sak mbendino aku budal sekolah numpak pedah budalku jam 6 luweh 15 menit,
amarga sekolahku cedek. Awit cilik aku nduweni cita cita yaiku dadi Dokter,aku pengen banget
dadi dokter supaya aku isa ngewangi uwong-uwong sing loro. Tapi aku sadar yen dadi dokter iku
bayare kuliah larang banget. Aku mesakne ibu sing duite wae wes entek dienggo nguripi
sakeluarga, mulo saka kuwi aku wedhi nek gak iso nggapai gegayuhanku kui.
Ning sekolahan aku termasuk bocah sing cerdas ngendikane guru-guruku, aku mesti
entok rangking 3 besar. Tapi aku berusaha ogak ngetokne kepinteranku kuwi. Aku emoh yen di
pandang dadi uwong sing sombong. Ning sekolahan bangkuku karo Hani, bocahe pinter lan
meneng. Aku karo Hani wes konconan awit SMP. Isuk kuwi aku karo guruku ditunjuk makili
sekolahku OSN Matematika tingkat kabupaten, gak mikir suwi meneh aku langsung gelem. Aku
nduweni pikiran yen aku menang hadiahe iso tak gawe tambah mlebu kuliah supaya gak
nyusahne ibuku. Jam wes nunjukake wayah muleh sekolah, bel sekolah yo wes muni. Aku
langsung menyang parkiran jumuk sepedahku. Sak wijining teko omah aku langsug ngomong
menyang ibuku yen aku di elokne guruku OSN Matematika. Ibuku ndukung aku banget. Sakwise
kuwi aku sinau terus supaya aku iso menang. Ogak mung sinau tok aku yo ndonga terus.
Dina-dina wes tak lewati, lan dina iki wayahku melu lomba. Gak lali aku nyuwun donga
menyang ibuk, kanca-kancaku lan guruku supaya lombaku lancar lan aku iso dadi juara. Jam 7
kuwi aku diterne guruku menyang salah sijine SMA ing kutho, aku ndredek banget tapi aku
panggah berusaha tenang, supaya lakku garap soal ora salah-salah. Soal wes dibagi, sak durunge
tak bukak aku ndonga disek supaya lancar. Ora tak kira aku iso garap soal e kabeh, kabeh sing
tak pelajari metu kabeh. Ning njero atiku seneng banget, muga-muga hasile pada karo sing tak
karepne.
Senin isuk kuwi wayahe upacara, koyok biasane aku baris nang barisan kelasku. Kepala
sekolah ngaturi amanat menyang murid-muride lan pengumuman liyane. Ora tak kiro yen isuk
kuwi kepala sekolah ngumumake hasilku OSN Matematika. Kepala sekolah ngumumake yen aku
menang OSN Matematika tingkat Kabupaten, trus saiki aku kudu ngewakili lomba tingkat
Propinsi. Ning njero atiku seneng banget amarga aku iso menang, kaya-kaya pengorbananku iki
gak sia-sia. Aku berharap yen aku iso menang lomba tingkat Kabupaten iki, supaya aku isa
ngebanggaake keluargaku. Lan iki salah sijine cara supaya cita-citaku terwujud. Awan kuwi aku
muleh sekolah, aku langsug matur menyang bapak lan ibu yen aku iki menang lomba, podo koyo
aku bapak ibuku seneng banget.
Dina-dina wes tak lewati, saiki wayahku lomba menyang Propinsi, aku wes ora ndredek
meneh amarga aku yakin karo kemampuanku iki. Aku yakin banget yen aku iso menang. Lomba
wes tak lewati saiki wayahe pengumuman hasil ku lomba, lan hasilku ngomongake yen aku juara
3 lomba iki. Aku seneng, paling ora aku iso mbantu ekonomi keluargaku iki lewat hadiah saka
lomba lan Ibu kaliyan masku bangga karo aku.
Gak kerasa saiki aku wayahe ujian nasional. Budal sekolah aku nyuwun donga menyang
ibuku supaya ujianku iki lancar. Sak wulan sak wise uian nasional wayahe pengumuman,
ternyata aku lulus, lan kanca-kancaku liyane lulus 100%. Sakwise iki wayahe aku mlebu kuliah,
aku kudu iso mlebu ning kedokteraan lewat jalur bidikmisi supaya ora ngaboti ibuku. Pesyaratan
sing tak butuhake digawe mlebu menyang jalur bidikmisi wes tak lengkapi. Dina-dina iki
wayahe pengumuman yen aku kelebu opo ora. Allah iku pancen adil uwong ora nduwe kaya aku
iso kelebu ing fakultas kedokteran Universitas Indonesia, akhire aku iso nyusul masku kuliah
ning kene, ing kampus sing tak idam-idamake awit aku cilik. Kuliah iki tak tekuni banget. Saka
kene aku nduweni pesen yen awakdewe nduweni cita-cita kuwi kudu diwujudake, awake dewe
kudu berkorban meskipun kuwi angel. Meskipun wong ora nduwe kabeh ana jalane supaya cita-
citane adewe kelakon lan Ilingo yen awakdewe kui nduweni Gusti kang Maha Asih.

Anda mungkin juga menyukai