Anda di halaman 1dari 2

Judul : Topeng

Tema:

Pemain: 4 orang

Pasar rakyat digusur minggir saka tengah kutha. Sawetara bakul-bakul mogok, emoh ngalih menyang
pasar anyar sing isih sepi. Sing mogok iku racake bakul-bakul cilik, padha nggelar dagangane kanthi
lesehan ing sadawane trotoar ngarep tilase pasar rakyat.

“mbah dilah bakul dhawet kresah-kresuh”

Mbah Dilah: pasar wis apik-apik reja ing kene kok dielih menyang pinggir sawah, nduwe karangan
kok ra matuk blas. Wong cilik wis angel golek pangan,kok malah disingkirake.

Tanem bakul gethuk: Alah, ben, kok nggagas wong ngecemes nganggo corongan, ngko nek meniren
rak meneng karepe dhewe mbah

Sing disebut ngecemes iku ora liyo pareres, Dan satpol PP (komandan satuan pamong praja). Pareres
saka luar jawa sing ora bisa basa jawa iku isih terus ngrembugi bakul-bakul nganggo corogan.

Pareres: Sekali lagi, patuhilah peraturan. Segeralah ke pasar baru. Dan lagi, sampah ditempat ini
mengganggu program kebersihan lingkungan untuk mempertahankan adipura. Ini peringatan
terakhir, jangan membuat jengkel petugas. Jangan sampai petugas menggunakan kekerasan.

“Grenenge so kamin tukang patri sing lagi nambal panci borot”

So kamin: Eh, gak enak buntute

“semaute sri bakul buah sing dodolan apel,jeruk,lan salak”

Sri bakul buah: disadhukana ya gak wedi, kang so ya isih wedi nek anake kaliren

“Nanging bakul-bakul iku isih tetep muwel ing kono saben isuk wiwit jam setengah pitu tekan jam
sepuluhan. Setemah ora sithik kang mbalik menyang kutha, melu umpel-umpelan ing trotoar. Ing
kono panen laris enggone dodolan, dadi jujugane wong-wong blanja sing wegah yen kudu mbecak
menyang pasar anyar kang adoh ing pinggir kutha. Weruh cacahe bakul saya wuwuh,pareres misuh-
misuh.”

Pareres: kita usir mereka dengan kekerasan

“tembunge sahlan”

Sahlan: rasanya nggak enaklah, pak, jika misalnya, kami masih diundang kenduri oleh tetangga yang
pernah kami obrak-abrik dagangannya.

“usule kamto”

Kamto: jika sungkan bisa disiasati pakai topeng.

Pareres: Ah, nggak perlu. Seperti mau ngrampok saja, dalam bertugas, tinggalkan urusan pribadi
rikuh hanya mengganggu tugas saja.
“semambunge kamto njalari kanca-kancane gumrenggeng, mbenerake”

Kamto: tapi rikuh dengan berbagai alasan, telah menjadi bagian dari cara hidup kita, pak, jika kita
jujur terhadap kenyataan, penggusuran pasar rakyat itu kan juga karena rikuh saja.

“pareres katon nggragap, kamto mbacotake rembuge”

Kamto: maaf, pak. Bukannya kami menolak tugas itu. Kami akan melakukannya, tapi tidak dengan
wajah asli kami. Kami perlu topeng itu saja.

“pareres nyawangi staf-stafe, kaya kepingin ngerti, apa kabeh setuju? Kabeh staf manthuk, pareres
manut”

Pareres: baiklah jika topeng itu menjadi utama untuk kelancaran tugas. yang penting, kasus pasar liar
itu tuntas.

“jam wolu esuk, ketel-ketel pasar trotoar, petugas topengan sing nganggo helm dinas sing ana
tulisane SATPOL PP, tumandang ngobrak-abrik. Bakul-bakul pada njelih pating njerit karo ngukuti
dagangane. Bakul pitik nangisi pitik-pitike sing mati kepidak-pidak polahe uwong”

“kamto nyadhuki dagangan rinjing,tampah,tumbu lan kukusan”

Kamto: sesuk tak gawakake traktor! Tak giles kabeh! Uh! Uh!

Anda mungkin juga menyukai