Anda di halaman 1dari 6

TUGAS BAHASA JAWA

WAWANREMBUNG BATIK KEMBANGSORE

KELOMPOK :

1. CHANIYA AMIRA S.
2. CLARISTA DWI C.
3. ANINDYA AZAHRA P.
4. OKTAVIA ALTHAFUNISSA
5. RINDI SAYEKTI
6. RAFALDAN ANGGRAIANO A.
BATIK KEMBANGSORE
Setunggaling tiyang pengusaha batik asmanipun Ibu Siti Nuryati ingkang yuswa 61
warsa nglajengaken usaha garwanipun bapak Ahmat Kosim inggih punika industri
ingkang dipunsukani nami Batik Kembang Sore. industri puniki jumeneng ing warsa 1982
ingkang inggih punika usaha mandhiri. industri puniki wonten ing dhusun Mojosari,
Sidoluhur, RT 05/ RW 05. wiwiting industri puniki memproduksi batik sewek, nanging
amargi penjualanipun sepen mendel sekedhap, lajeng industri puniki mendel
memproduksi batik sewek nanging gantos memproduksi batik ageman lan batik serat.

Batik puniki pinten-pinten macem motif kados sekar jagad, brambangan, luntas,
barong, parang, daunan, keong, semanggi, rante, kamboja jene . pirantos pandamelan
batik puniki rupinipun canting lan cap, dene bahanipun rupinipun sinjang monten lan
dalu . cara pandamelanipun inggih punika dalu dipunmasak kaliyan campuran gajih,
enthem lan keplak, lajeng didinginkan, sasampunipun puniku dibatik wonten inggil
sinjang monten kaliyan teknik serat utawi cap lan dipunsukani warni. sasampunipun
bibar sinjang ingkang sampun dibatik dicelupkan dhateng toya atos|sora lan diobati,
lajeng dijemur. sasampunipun aking kainipun dicelup malih dhateng dalu / batik wedhok
lan diobati wangsul. sasampunipun puniku direbus, dicuci, lajeng dikanji, lan ingkang
pungkasan dijemur.

Batik puniki sampun nampi pesanan saking SMP 1 Kauman, SMP 2 Kauman, SMP 1
Rejotangan, PEMDA Tulungagung, lan LAPAS Tulungagung. amargi proses
pandamelanipun cekap rumit lan sisah mila batik puniki dipunsade kaliyan regi ingkang
cekap awis , wiwit saking 150 dumugi 700 ewu . bahan saking batik puniki dipunkintun
langsung saking pekalongan. batik puniki dipunsukani nami Batik Kembang Sore amargi
kathah-kathah dhayohipun dugi wanci sonten. Penghasilan industri puniki perbulan
mboten temtu . Industri puniki wonten cabang sanesipun inggih punika wonten nganjuk
ingkang naminipun Batik Putro Kembang Sore. Batik terlaris gumantung selera pembeli.
gaji karyawan ingkang nyambut damel inggih punika sadinten Rp. 75.000,-.
Karyawanipun kathah-kathah saking laladan mbancaan lan lare-lare wonten antawising
industri kasebat .

Contonipun batik puniko wonten dating gambar-gambar teng ngandhapuniko :


Alat Batik Cap Batik Kembangsore

Alat Batik Cap Batik Kembangsore


Alatt Batik Cap Batik Kembangsore

Proses Pendamelan Batik Tulis


Proses Pendamelan Batik Tulis

Hasil Produksi Batik Kebangsore


Hasil Produksi Batik Kembangsore

Hasil Produksi Batik Kembangsore

Anda mungkin juga menyukai