Anda di halaman 1dari 5

NASKAH DRAMA LOMBA CERDAS CERMAT

Nama Anggota kelompok 3:

1.Aryasatya Nanda (pemain)

2.Maulida Amira Subarzah (pemain)

3.Mariel Nathaniel Nugraha (pemain)

4.Meutia salsabila putri (pemain)

5.M. Jofan Eka setya P (peralatan)

6.Nafilatu Shofiyah (pemain)

7.Shifa Marshita Aulia (sutradara)

8.Sonya Adira Putri (kostum)

Nang dina Jumat mulih sekolah, ana pengumuman babagan lomba cerdas cermat sing diadakake
dina Senin ing papan informasi.

Meutia : "Eh lha dalah, meh enek lomba cerdas cermat to"

Fila : "Iyo eh, piye mut awakmu melu apa ora?"

Meutia : "Prei ndisit aku Fil, iku lho Maulida mesti melu. Ya apa ora kieh?"

Maulida : "Hehe insyaallah cah" (isin-isin)

Banjur, bocah-bocah iku tumuju menyang perpustakaan. Nanging ing tengah dalan, Arya kepengen
lunga menyang toilet

Arya : "Eh cah, sek ya aku tak menyang toilet. Wis kebelet pol iki" (mlipir kudu mlayu)

Fila : "Haha, iya Ar wis lhang mrono" (ngguyu kemekel)

Sakwise Arya menyang toilet, dheweke pethuk karo Mariel ing ngarep Basement.

Mariel : "Ar Arya, mrene ya sek"

Arya : "Ana apa? Kok kowe reti jenengku?"

Mariel : "Aku reti jenengmu saka Fila"

Arya : "Ealah, ngunu ta. Jenengmu sapa?"

Mariel : "Aku Mariel, kelas 11 IPS 4. Awakmu arep ngendi Ar?" (mesem manis banget)
Arya : "Oiyo, aku lali arep menyang perpustakaan. Sepurane ya Mar, aku wis dienteni mbe kanca-
kanca"

Mariel : "Oala, iya Ar ati-ati"

Arya wis tekan ning perpustakaan banjur nggoleki kanca-kancane.

Meutia : "Hoooo... suwi tenan kowe ar" (muring-muring)

Fila : "Lha iya, wis uwakeh olehku maca buku iki" (ndeloke bukune)

Arya : "Hehe, sepurane. Ing tengah dalan mau aku ketemu karo Mariel kelas 11 IPS 4"

Fila : "Hayo... acie cie ngunu kowe Ar"

Meutia : "Cie.. jan nyeni tenan kowe Ar"

Arya : "Heh heh, ora... kowe iki kabeh onok-onok wae. Wis lhang ayo maca buku meneh" (mesem
karo raine abang ireng)

Banjur iku dheweke kabeh padha maca buku. Lan ora krasa sadhela meneh wis jam 15.00.

Maulida : "He cah, wis arep jam 15.00 iki. Ayo lhang siap-siap mulih"

Arya : "Oiyo, cepet tenan iki jam e. Padahal aku lagek sedhela"

Meutia : "Salahmu maeng ora teka-teka" (julid)

Fila : "Wis lhang ayo mulih. Ngko selak ditutup sekolahe"

Maulida : "Iya bener, ayo lhang"

Banjur iku dheweke kabeh mulih menyang omahe dhewe. Arya bareng karo Meutia lan Maulida
bareng karo Fila. Ananing ing tengah dalan Maulida murung.

Maulida : "Fil..." (sedih)

Fila : "Ana apa Lid, kok awakmu moro-moro murung"

Maulida : "Piye ya, aku wedi eg Fil" (dolanan tali tas)

Fila : "Wedi apa Lid? Kowe ditukari sapa?"

Maulida : "Ora Fil"

Fila : "Terus apa?"

Maulida : "Aku serondok pesimis meh melu lomba cermat mbesok iku"

Fila : "Oala, wis pokoke awakmu kudu yakin lek awakmu iso. Tur ojo lali sinau bereng" (nyekel
pundake Maulida)

Banjur iku Mariel weruh Maulida lan Fila. Mariel melu nimbrung.
Mariel : "Halo sist!" (njumbulke Fila)

Fila : "Hoala Mariel, ngagetno wae kowe iki"

Mariel : "Hehe, ana apa ta kok tak delok Maulida sedih ki" (kukur kukur gulu)

Maulida : "Hem.. aku serondok wedi arep melu lomba mbesok Senin"

Mariel : "Wis ojo wedi, awakmu iso kok. Kudu semangat"

Maulida : "Suwun ya Fil, Riel"

Sakwise iku dheweke kabeh padha menyang mulih ing omahe dhewe. Ora krasa wis sedina
kepungkur, pas dina minggu bengi Maulida nyiapke kanggo lomba mbesuk Senin. Dheweke dadi
optimis banget melu lomba cerdas cermat. Banjur iku Maulida turu amarga wis jam 9 bengi.

Nang dina Senin, Maulida budhal sekolah kanthi rai lhawatir amarga dheweke deg-degan. Sakwise
dheweke ketuk ing sekolah, kanca-kancane padha moro.

Meutia : "Assalammualikum..."

Fila : "Assalammualikum..."

Maulida : "Eh, waalaikumsalam"

Arya : "Ngopo ta Lid isuk-isuk kok wis ngelamun bae"

Maulida : "Aku deg-degan cah"

Fila : "Wis ga usah ndredeg, kowe iso kok"

Meutia : "Heh tapi lo ya, ki maeng aku ngerti Vio kelas Mipa 5 sg pinter tur ayu wi mlebu ing aula.
Koyoe iku ya melu deng. Haduh piye ikieh Lid, sainganmu Vio lo" (karo diding diding aula)

Fila : "Heh apa to Meut kowe iki!" (neblek pundake Meutia)

Meutia : "Lho... bener Fil iki aku ora mbijuk kok"

Maulida tambah ndredeg pas wektu Meutia ngomong iku. Awake malah adem panas arep melu
lomba. Gang sedhela, Mariel melu nimbrung.

Mariel : "Halo cah, piye Lid awakmu wis siap durung?"

Maulida : "Halo Mar, insyaallah aku siap tapi yo ngunu iku ndredeg sithik. Hehe.."

Mariel : "Wis pokoke awakmu kudu yakin karo awakmu dhewe. Ojo kehasut karo omongane wong-
wong"

Arya : "Nah bener kuwi Mar, kowe kudu optimis Lid"

Maulida : "Hem.. suwun ya kanca-kanca"

"Iya padha-padha" (serempak njawab)


Fila : "Wis awakmu lhang budal menyang aula Lid, sedhela kas diwiwiti iki lombane"

Meutia : "Iya, wis akeh bocah mrunu"

Maulida : "Iya cah, tulung dongane ya"

Mariel : "Iya wis mesti Lid"

Banjur iku Maulida menyang aula. Maulida kanthi yakin ngerjakne tugas sing akeh kuwi, ora krasa
wayah wis kari 5 (limang) menit meneh, lan Maulida wis ugo meh ngrampungke soal-soal ana lomba
kuwi. Sanajan dheweke ngadhepi soal sing angel ning dheweke ora nyerah, guru-guru lan kanca-
kancane kabeh menehi motivasi marang dheweke, wayah wis entek lan Maulida uga wis
ngrampungke kabeh soal sing akeh kuwi.

Maulida : "Alhamdulillah, wis rampung olehku ngerjake soal" (ngelus ada)

Kanca-kancane padha mara

Fila : "Piye Lid, lancar to..?"

Maulida : "Alhamdulillah, lancar"

Meutia : "Wis saiki kari ngenteni sapa sing menang. Kira-kira sapa ya cah, antara Maukida karo Vio
sing bakal menang. Vio bocahe ya pinter tur ayu tenan" (ngelirik ngelirik pinggir)

Mariel : "Wis ta Meut, kowe iki ojo seneng ngunu kuwi"

Fila : "Lhaiyo, mbok ya kancane disemangati ngunu lo"

Meutia : "Huhh, iya iya. Semangat Lid"

Maulida : "Iya, suwun ya"

Arya : "Piye nik saiki awake dhewe menyang kantin ae karo ngenteni pengumuman"

Fila : "Nah iya, muasokkk iki"

Ora krasa wayah sing gawe deg-degan iki wis kliwat, amarga saiki wektune kanggo meruhi sapa
pemenang saka lomba cerdas cermat kuwi.

Meutia : "Heh!! Ayo ayo menyang basement, pengumuman lomba wis diumumke nang papan
mading"

Mariel : "Lah iya ta, ayo ayo"

Pemenang saka lomba cerdas cermat akhire diumumke, pemenang saka lomba cerdas cermat nang
dina iki yaiku Maulida, sakwise dheweke dadi juara dheweke banjur bersyukur lan ngucapke
panuwun marang kabehe sing wis menehake semangat marang dheweke.

Arya : "Lho... ya ta Lid kowe iki iso, selamet ya...!!"


Maulida : "Alhamdulillah, iya cah. Suwun ya dukungan lan donga tekan sakabehe, aku seneng
banget!!!" (jingkrak seneng banget)

Fila : "Walah jos tenan kancaku ikiehhh"

Mariel : "Melu bangga aku Lid mbe awakmu"

Meutia : "Selamet yo Lid! Sepurane iki maeng aku sempet ngeragukake awakmu"

Maulida : "Iya gapopo Meut. Wis ayo menyang tuku es, tak traktir ikiehh hahaha"

"OKE GAS BUDHAL BANTERRRR" (serempak njawab)

Lan akhire Maulida dikenal dadi bocah sing cerdas ugo pinter neng sekolahne.

Anda mungkin juga menyukai