Anda di halaman 1dari 2

Hans : “Lasmi, lain kali jangan pulang terlambat lagi.

Aku akan kembali ke Kantor untuk urusan


penting.”

(Lasmi mantuk mantuk karo nyawang Hans.)

(Hans ngaleh ninggalno Lasmi lan ibune)

(Lasmi ngusap selendange lan dienggo saya anggun)

Adegan 6

Narator : Esuke Lasmi mlaku-mlaku menyang omahe Bupati Rekso. Saliyane dadi penari,
dheweke uga dadi pembantu ing omahe Bupati Rekso.

(Lasmi bersenandung karo ngelus selendang)

Joko : (Ngadek nang sebelah e Lasmi) “Lasmi, wes suwi ora ketemu.”

(Lasmi gk nggatekno Joko)

Joko : “Selendang apik tenan, cocok karo kowe. Nambah ayu tenan.”

Lasmi : “Kowe iso tuku selendang ngene iki? Larang iki regane.” (Lasmi nggudo/ngece Joko)

Joko : “Halah, sewu selendang koyok ngene iki tak tukokno gawe kowe. Pisan sak tokone.”

Lasmi : “Halah, mbel gedhes. Aku luwih percoyo sapi iso ngendog, tinimbang percoyo
omonganmu kuwi Ko, Joko.” (Lasmi kesel karo Joko)

Joko : “Lha sapi iso ngendog tho? Kok sapiku ora iso?”

Lasmi : “Pikiren dhewe kunu. Wes ndang minggat, wegah aku nyawang rupamu koyok gombal
lungset.”

Joko : “Sek talah, aku kate ngomong sedilut.” (Karo narik tangan e Joko)

Lasmi : (Menepis tangan Joko) “Kate ngomong opo kowe?”

Joko : “Aku tresno karo kowe. Kowe gelem dadi bojoku?”

Lasmi : “Wegah aku. Adus sek kunu. Kowe karo sapimu ae, wes cocok jodohne.”

Joko : “Oalah Mi, Lasmi. Jan angel tenan kowe iki.”

Lasmi : “Wes talah, pokoke tuan Hans seng bakale dadi jodohku. Selendang iki dadi saksine.”

Joko : “Sopo? Tuan Hans koncone tuan Residen iku? Seng nukokne selendang iki, Mi?”
Lasmi : “Yo iyo talah. Ora percoyo kowe? Kowe kudu percoyo, mben mene aku bakal
sesandingan karo tuan Hans seng gantenge ngalahne Arjuno.”

Joko : “Asline aku yo ganteng, Mi. Koyok Raden…”

Lasmi : “Raden Anoman, si kethek putih. Duuuhhh Gusti, jan podho tenan rupamu Ko, Joko.”
(Lasmi guyu ngece Joko)

Joko : “Ancen kowe seneng geguyonan karo aku, Mi. Nanging aku tresno tenan karo kowe.”

Lasmi : (Terus mlaku karo mlengos)

Joko : “Masio ngunu, kowe kudu ati ati karo wong Walanda iku. Polahe ancen apik, nanging
njero atine sopo seng ngerti.”

Lasmi : “Wes, ra usah melu-melu. Sapimu wes keluwen, ndang mangkat nggolek suket kono.”

(Joko sing kesel milih meneng lan ngaleh ninggalno Lasmi)

Adegan 7

(Ing dalan Joko ketemu Van Dedrick, Joko nunduk lan Van Dedrick mandek)

Van Dedrick : “Sapi-sapi milik bapakmu bisa kau jual pada kami. Mengapa kau jual pada Cina-
Cina lintah itu?”

Joko : “Ampun, Tuan Residen. Rego seng ditawarake Cino gedhi. Kulo manut bapak mawon.”

Van Dedrick : ”Halah, Keparat betul bapakmu itu. Bilang kalau mau usaha sapi-sapi itu masih
terus berjalan. Jangan pernah kau jual sapi ke Cina. Paham kowe?” (Sambil ngerayah klambine
Joko)

Joko : “Paham tuan.”

Van Dedrick : “Bagus, bagus.”

Joko : “Maaf tuan, njenengan tahu Tuan Hans?”

Van Dedrick : “Ono opo dengan Hans? Kowe ada curang sama dia?”

Joko : “Bukan tuan. Lasmi, kekasih saya dibelikan selendang sama tuan Hans. Saya mau lihat
wajah tuan Hans.”

Van Dedrick : “Hans membeli selendang? Lasmi? Siapa dia?”

Joko : “Nggeh mpun, Tuan Residen. Kulo mau pamit dulu.”

(Joko ngaleh ninggalno Van Dedrick sing bingung)

Anda mungkin juga menyukai