Anda di halaman 1dari 7

LAPORAN KEGIATAN WISATA

KANGGO TUGAS BASA JAWA

“LUNGA MENYANG WISATA BAHARI


LAMONGAN”
Dening :
Agnes Dwinda Puteri Maria
9D/20
Atur Sapala

Puji syukur dateng Gusti amarga sampun


maringi hidayah saengga kula bisa nyusun
“LAPORAN KEGIATAN WISATA” iki kanggo
nglengkapi tugas Basa Jawa kanthi apik.
Laporan iki disusun supaya bisa saling
mangerteni pengalaman sing diduweni kanca.
Penyusun ngucapake matur nuwun kanggo guru
Basa Jawa sing menehi bimbingan kanggo
penyusun saengga laporan bisa dadi.
Muga-muga laporan iki nduweni manfaat lan
bisa saling mbagi pambengen. Laporan iki mesthi
nduweni kekurangan utawa kaluwihan.
Penyusun nyuwun kritik lan saran. Matur nuwun.
Malang, 17 Februari 2014
Penyusun

DAFTAR ISI

Kata
pengantar……………………………………………………..
Bab I. Pendahuluan
………………………………………………
Bab II. Isi
………………………………………………………………
Foto
…………………………………………………………..
Bab III. Penutup
……………………………………………………
BAB I
PENDAHULUAN

1. LATAR BELAKANG
Sak suwene dina, kabeh pada ngelu mikirake
sekolah. Ing dina Minggu tanggal 21 Oktober
2012, aku lan keluwargaku nduweni kasempatan
kanggo nyegerake pikiran menyang Wisata
Bahari Lamongan. Sakliyane kanggo nyegerake
pikiran, kita uga bisa mbagi pambengen marang
kanca

2. TUJUAN
a. Maringi kahanan ati supaya dadi seneng
b. Ndeleng langsung kahanan panggonan
wisata saengga bisa saling ijol panemu

3. MANFAAT
a. Nambah rasa paseduluran marang tangga
b. Ngilangake rasa bosen
BAB II
ISI
Ing tanggal 21 Oktober 2012 aku lan keluwargaku
menyang Wisata Bahari Lamongan biasa disingkat WBL.
Menyang Lamongan aku bareng karo rombongan RT 06 ing
kampungku. Rombongan dadi saka 50 wong. Kita kabeh
budal saka Malang jam 6 isuk numpak bis, lan nganthi
Lamongan jam 10.
Sawise nganthi ing WBL, kabeh diutus ngenteni ing bis
lan pengkoordinir rekreasi pada mudun banjur tuku tiket
kanggo rombongan. Sing wis oleh tiket bisa mudun saka bis
lan melbu menyang taman rekreasi WBL.
Ing njero taman rekreasi WBL akeh dolanan sing
nyeremake kayata jet coaster, spinning coaster, roller
coaster, lan liya-liyane. Ing kono uga ana wahana kanggo
wong tuwa-tuwa karo arek-arek cilik sing durung oleh
dolanan wahana nyeremake kayata ndeleng iwak-iwakan
kanggo wong tuwa, permainan nganggo koin kanggo arek
cilik-cilik. Amarga hawa ing Lamongan sumuk, aku lan
adikku malih pingin renang. Banjur renang kira-kira jam 3
sore, sawise iku mlaku-mlaku mubengi WBL. Rombongan
bareng-bareng mulih jam 4 sore. Kabeh rombongan nganthi
Malang jam 8 bengi.

FOTO
BAB III
PENUTUP

Rekreasi menyang WBL iki apike yen


dilaksanaake wektu preian sekolah, supaya bisa
luwih entheng nang pikiran.
Cukup sakmene wae laporan sing bisa
daktulis, muga-muga bisa ngasilake manfaat
kanggo pamaca. Yen ana salah panulisan utawa
kalimat sing kurang enak, aku nyuwun
pangapura. Matur nuwun.

Anda mungkin juga menyukai