Anda di halaman 1dari 2

TEKS EKSPOSISI JAWA

PUKIS

Diatur dening :
Kelompok 3 X-8
1. Muhammad Jundi Fadlan Firdaus (17)
2. Nabila Nur Fauziah (19)
3. Nadia Fatikah Ariqoh (20)
4. Shafiyah Al Hanun (30)

SMA NEGERI BANJARNEGARA


TAHUN PELAJARAN 2022/2023
Pukis

Pukis yaiku jajanan pasar ingkang asale saka kabupaten Banyumas, Jawa Tengah.
Kue Pukis nggadahi maneka warna kang khas yaiku ing nduwur kue pukis nduweni warna
jene lan ing bagian ngisor nduweni warna kacoklatan. Kue pukis uga nduweni rupa setengah
lingkaran kang nyerupani perahu, amargi migunakake cetakan khusus sajrone nggoreng. Kue
pukis nggadahi rasa gurih kang asale saka santan lan manis kang asale saka gula. Tekstur kue
pukis nggadahi tekstur kang lembut lan empuk, menawi bahan kanggo damel pukis kasebut
sae.
Kue pukis biasane diwenehi toping ingkang variatif, tuladhane toping keju, messis,
susu kental manis lan sepadane. Toping iku diwenehi supaya kue pukis katon lewih menarik
tampilane, lan bisa nambah utawa nggugah rasa ne kue pukis.

Bahan bahan kang perlu disiyapake kangge damel kue pukis yaiku :
1. 250 gram glepung terigu
2. 350 gram santen cair
3. 180 gram gula pasir
4. 2 butir tigan
5. 75 gram margarin
6. 10 gram ragi

Cara pengolahane yaiku :


1. Kocok tigan lan gula pasir ngagem mixer kanti ngembang.
2. Lajeng lebetaken glepung terigu lan santen mlebet ing njero kocokan tigan wau, lan di
ubek-ubek nganti adonane kecampur rata.
3. Lebetaken Ragi instan lan aduk malih nganti adonane alus. Lajeng lebetaken margarin
cair mlebet adonan, lan diubek-ubek malih nganti adonane rata.
4. Menawi adonan sampun dados di damel, adonan dipunengaken sawetawis 30 menit
ngantos adonan ngembang.
5. Saderenge adonan ngembang, panasi cetakan pukis.
6. Lajeng menawi sampun panas, tuang adonan pukis saben cetakan, cekap 3/4 bagian.
(mboten ngantos penuh sebab adonane saged ngembang)
7. Lajeng tutup cetakan lan ngantosi sawetawis pukis mateng lan ngembang

Anda mungkin juga menyukai