Anda di halaman 1dari 5

JAKETE DOLAN

Adegan Golek Ramban

Shabari : beehh, jan ra ndlomok ane

Lha kok gembagusmen kowe, golek ramban wae kok jaketan

Torin : Ya sak karepku ta kang, rep jaketan po kaosan po ote-ote, wong iki ya jaket-jaketku
dewe

Shabari : Ngono ke yo ra umum, yen gulek ramban patute nggawe klambi telesan

Torin : Jane piye ta? Sing ra umum ki malah kono, klamben kok telesan, iso-iso malah masuk
angin pisan sidamu.

Shabari : maksudku kuwi, klambi nggo dinan kuwi lhooo

Torin : Owalah, ngomong mbok ya sing cetha

Shabari : Jaket nyar sajake? Po ra eman ngono kuwi, mengko lek reget kenek tlutuh? Ya masiyo
gablek jaket lek caramu ngunu kuwi, padha karo anggak, ngece, tak kandhani, mulane
lek ra mbutuhi mbok yo ngehne aku kene, aku ya gelem lho nggawe.

Torin : Kuwi lek karepmu! Nyapo to wong kok usil men, kenek tlutuh mbok ya ben, wong
mandak jaket ra nduwit ae lho kang

Shabari : Sik-sik…jaket kok ra nduwit! sanu lek mu ngutil ya!

Torin : Muni angger mlinyeh ae! Jaket iki jaket olehe dum-duman lho kang

Shabari : Dum-duman? piye kuwi? kok ra nggenah?, dum-duman hadiah lomba, ngono ye?

Torin : Ora usum lomba yaaaaa! Sik rame coronaaa ngerti?!

Shabari : Ya mbok menawa tenan, hadiahe lomba balap mlayu ta apa?, mlayu munggah po
mudhun?

Torin : Mlayu mudhun gen nerak cengele kuwi. Jaket iki maeng olehe dum-duman saka Kento,
mbuh kok ndingaren gableg duwit wonge, iso njaketi bala-bala mbarang

Shabari : lha yaaa,… sik, aku krungu-krungu Kento kok tas mari kapusan? Po Iyooo?

Torin : Kapusan piye ta kang? Kok lagi krungu iki infone?

Shabari : Jarene tangga-tangga kae lho, mari kapusan tukon dagangan on line.

Torin : O,..pancen sembarang kudu sing ngati-ngati saiki kang, garangan saiki wis pinter-
pinter, akeh modus on line nggo aksi kejahatan.

Shabari : Iya, Lha saiki perkara dum-duman jaket maeng, aku masuk daftar po ra ngene ki?

Torin : Lha po rung keduman?

Shabari : Kok urung!

Torin : Ya njajal diparani kono nyang omahe, mbok menawa kebagean, wong aku ki meng ya
lagek nampa, dititipne nyang John kono maeng terus langsung tak jajal.
Shabari : wah iya iki, mathuk!

Lha awakmu piye? Melu aku pisan po piye? Mbang Wung Timbang Suwung ngono ki

Torin : lha terus wedhusku piye le kluwen ngko? Pakane ki lho, awakmu ngerti dewe jik lagek
arep gulek jal?

Shabari : Byungalah, Wong kok gelem di garap wedhus

Torin : lha piyeee, apa tak culne ae wedhuse gen gulek pangan dewe, cekeli duwit gen
marung gegok ngono po piye?

Shabari : wkwkwk,…jane ki wedhusmu pira ta, gulek pakan kok akeh men?

Torin : wedhusku papat kang, gabage siji, babon siji wis manak loro kae. Weh iyo malih
kelingan aku, gabagku ki jane ya sik nyang nggone Kento ta lho kang. Wis eneng sesasi
kok rung diulihne.

Shabari : lha kok iso, po nggadho ngono po piye?

Torin : Ngakune nggo pembibitan jare

Shabari : Lha umume sepira suwine lek nyilih nggo mbibit?

Torin : Ya sing ajeg rong dina tekane telung dina kang, paling suwi ya seminggu lah, ning
gabagku iki biasane yen babagan ngonokan wis kondhang propesional tekan ngendi-
ngendi kang, jam terbange wis lumayan tinggi, garapane ra suwi-suwi, tur langsung cez
pleng asile.

Shabari : Ya mbok menawa babone nek e Kento sik prawan lek e dadine suwi

Torin : hlah sak prawan-prawana ya ra ngasi lek sesasi suwine. sik ta awakmu opo ngerti to
kang? Jane Kento ki po ya ngingu wedhus barang ?

Shabari : Sing ngerti ki ya sapa? Wong ra ngurusi bothekane Kento kok takoni! Yo ngene ae
timbang awakmu penasaran, ya ayo melu aku sisan marani wonge, karo nggenahke
gabag mu maeng

Torin : Ya jelas tak urus ki engko, lek kesuwen mesakne keluargane , terutama babone. Ya wis
dhisik a wae kang lak ngono, aku tak nutukne gulek ramban dhisik, aku nyusul engko!

Shabari : Ya wis tak dhisik aku ya!


Adegan Ngomahe Kento

Kento : Heeeehhhhhh,…yen tak rasak-rasakne kok soyo sumpek ngene. Hla tapi wis kadhung
nyemayani bala-bala, lek batal rencana iki ngeko malah bisa kewirangan, heeeeehhh

Dewi : Mas, eneng apa ta? Yen tak sawang-sawang wajahmu kuwi…

Kento : Wajahiyaaa…

Dewi : Iiiih,…mas Kento ki kok muesti. Jane eneng masalah po piye ta?

Kento : hla gene wis iso niteni ngono, dideleng saka praupan iki, rak ya wis paham ta

Dewi : Iya jane, yen praupane lungset ngene iki, kaya sarungmu nang pemeyan kae, jelas
biasane mesti lagi kebak masalah ki

Kento : Ya ngono, bojone di lungset-lungsetne? Jan ra pokro!

Dewi : nesuu nehh,…aku wis berusaha semanis mungkin lho iki, menghibur kowe, kok le
wangsulan megelne

Kento : Lha nyatu, kata-katamu wangune nyemoni, sapa sing ra pegel

Dewi : Ora-ora masss,…ojo nesu ta, coba critanana masalahe, menawa iso menehi solusi

Kento : Naaa yo ngonooooo,..dadi ati ngene ki malih piyeeee ngono, wis gek kono gawekne
wedang aku

Dewi : Heleh gombial…jebule malah kongkon, wong lanang ming sak penake dewe

Shabari : Kulonuwuuunnn

Kento : Monggooooo, wahhh Kang Shabari njanur gunung

Shabari : Iya toooo,…tas unak-unuk kono maeng, ngumbah moto

Kento : Lha giniyo matane kang, pa larahan thok kok diumbah?

Shabari : Matane dewe kuwi, ngumbah moto ateges gulek hiburan, sesawangan kang sarwa
endah ngono kae lhooo

Kento : OOOO…., Ngono ae wis nesuuu, wis paham aku, dingaren eneng perlu apa?

Shabari : Ya sepisan silaturahmi bisaa weruh kahanan awakmu sekluarga, ping pindhone arep
ngertakne dum-duman To

Kento : Dum-duman apa meneh iki?

Shabari : Kuwi lhooo To, Jaket kaya nek e Torin, mosok aku ra kok katutne

Kento : (hadheh, kok ya tekan wong iki barang ) owalah jaket ta kang, iya sik kang. Sik ben
dijipukne bojoku ya, dikkkkk,..ddiiikkkkk

Dewi : Iyaaa maaassss,….(mara njur takon) eneng apa ta mas, ehh Kang Shabari, wis suwi ta
kang?
Shabari : oooo lagek wae ki maeng

Kento : Dik, tulung jipukna Jaket wingi sing nang kamar, nggo Kang Shabari iki, Ukuranmu apa
kang?

Shabari : Biasane ukuran klambi aku L To

Dewi : Ya wis sik tak jipukna ya, (Ra let suwi teka menehne jaket) Nyo Mass jakete

Kento : Iki kang Jakete, tapi welingku ja ngomong-ngomong liyane ya, samar dho mrene njaluk
Jaket soale stoke wis entek iki

Shabari : ealaah,..jebul aku terakhir ta ki meng, tapi ra papa, lumayan isih kebageyan

Torin : Kulonuwuuuunnnn

Kento : Monggooooo,…hloh awakmu Rin? Kene-kene pinarak, hla jaketmu wis titipne John apa
rung teka nggen mu

Torin : Ya wis!,…tujuanku mrene ki mau ora mbahas perkara jaket, aku mung rep nakokke
gabag ku sing mbok silih wingi

Kento : Owalah perkara kuwi ta,..Ya sik ta sabar jagongan sik kene mumpung Kang Shabari ya
pas mampir kene ki meng, Ya ta Kang? (Shabari manthuk-manthuk)

Torin : Weh piye ta kowe ki,..wong rep ngertakne wedhuse kok malah dadak dikon jagongan,
terus terang ya To tak omongi, aku ki meng aku rep njipuk wedhusku ngertiyo!

Kento : Iya iyaaa Rin, tapi jo nggrusu ngono ta, nyantai disik jagongan kene, ngko tak jelaske

Torin : Yo gek ndang!, iki lagi umup-umupe, kudune di dhem, lha iki ndi kok suguhane ra
eneng, kawit maeng kon nyonta-nyante, jagongan sik, kok ming garingaaaan.

Kento : lha ya ngono sabar sik, pingine apa awakmu, teh, kopi, kopi tok apa kopi karo susu?

Torin : Ora sah ngrayu-ngrayuuu, perkarane ki ngko selak lali

Kento : Ditawani ngombe apik-apik,saurane nylomot-nylomoti ati

Torin : Ya wis, sing sederhana ae, kopi susu lak nu

Kento : hiliiihhh, ketok e kipo2 jebul ya lambene nggames ae (njupukne ngombe), ki lho Rin
kopi susune, wis gek diombe

Torin : Ya, ndi kene!

Shabari : wis disuguhi apik-apik lho Rin mbok ya sing cetha

Anda mungkin juga menyukai