Seni lukis mujudake ekspresi lan kreasi kang ngandhut nilai seni budaya adiluhung, sing bisa dinikmati para seniman lan masyarakat. Maneka coretan sing bisa mbedhah rasa tresna marang seni lukis, saengga bisa ngungkap informasi magepokan karo asil karyane. Pangembrakane seni lukis kanthi maneka warna aliran, pranyata bisa ditonton, diolah, dinikmati lan dirasakake dening pelukis sarta pengagume. Maneka gaya aliran seni lukis yaiku aliran Realisme, Romantisme, Impresionisme, Kubisme, Naturalisme, Fauvisme, Dadalisme, Futurime, Surealisme lan Abstrak. Secara harfiah seni lukis klebu kesenian bidhang Seni Rupa kang ngandhut pengalaman estitika "Dua Demensi" srana medium garis, werna, taktur, ruang lan cahaya (sinar). Trep kaya sing dituturake M. Agus Burham dosen FSRD- ISI Yogyakarta. Kanthi perubahan lan majune seni lukis Indonesia, malah dadi panguripane para pelukis sing layak, saengga dadi "On the ploced person" jroning ranah masyarakat. Iku kabeh gumantung jati dhirine seniman iku dhewe. Manut katrangane Dr. Kusumawardani, Msn ngandharake, kahanan seni lukis Indonesia wektu jaman sadurunge mardika, para pelukis kinungkung kahanan penjajahan VOC. Bareng wis mardika seniman lukis padha ngisi kamardikan mau kanthi entuk kebebasan, senajan didominasi kekuwatan pasar lan esklusif wacana. Kaya sing diandharake M. Agus Burham, ora liya sistem kapitalisme kesenian ing tingkat nasional lan international. Kabeh mau sifate cerdhas, luhur sarta mikolehi tumrap seniman kang nggugah kekuwatan pasar. Pusat kesenian kaya ing Jakarta, Bandung, Yogyakarta lan Denpasar nganti tumeka aktivitas dol tinuku lukisan terus lumaku. Sing nduweni modhal kanggone para seniman kang mbutuhake ragad pribadi utawa panguripan. "Persaingan antarane kang nduweni modhal simbolis lan ekonomis pasar durung ana keseimbangan kang mapan. Mulane para pelukis padha golek slamet, kanthi cara ekstrim pasar utawa wacana", tandhese Kusumawardani marang wartawan Panjebar Semangat minggu wingi. Tempe Bakar Dr. Kusumawardani, Msn nambahi katrangan, pelukis jaman ndhisik (Sadurunge kamardikan) wis wareg mangan uyah, kanthi nyambut gawe tenanan tumuju intensif "karya" kabeh mau tuntutan hati nurani, kaya contone maestro pelukis Affandi. Seniman Affandi Koesoema, mujudake pelukis kaliber donya, sing bisa mbedhah pameran nganti tumeka seantero Jagat. Pelukis Affandi nduweni sifat sedherhana sarta ramah, bisa ngladeni tamu ing ngendi papan. Dheweke iku kelairan Cirebon (Jawa Barat) rikala taun 1907, dene ramane asmane R. Koesoema kang nyambut gawe mantri Pabrik Gula Ciledug, Cirebon Jawa Barat. Wiwit cilik Affandi wis nganthongi bakal "melukis", saengga dadi kembang pocapane masyarakat. Dheweke dadi anak kang ditresnani bapake lan bisa nggawa citra pelukis kang disegani wong akeh. Senajan Affandi dadi pelukis kondhang, nganti tumeka Asia, Eropa, Eropa lan Australia. Sing nggumunake maestro Affandi, saploke duwe hobi melukis ora lali karemane mangan sega pecel sarta lawuh tempe kang dibakar. Wangune sega pecel lan tempe bakar wis dadi klangenane (hobi) wiwit cilik mula, mulane saben esuk wis nyangga pencuk neng plataran omah ngarep. "Wektu nggarap lukisane Affandi mung nganggo kaos oblong lan sarungan, sinambi ngematake tempe bakare sing dadi "idolane". Wis nate pelukis Affandi krasa awake krasa gregegreges semu kadhemen , nuli enggal ngaturi dokter. Bareng wis dipriksa dening dokter nuli disuntik sarta diparingi obat Affandi awake krasa kepenak (mari). Gegandhengan pelukis Affandi ora duwe (nyekel) dhuwit, kanggo ngaturake panuwune marang dokter, dheweke ngaosi wujud lukisane," critane Kusumawardani marang wartawan PS. Five Painters Pelukis Affandi sekolahe cukup dhuwur sing bisa diranggeh, wiwit HIS, MULO nganti tumeka AMS. Wis nate pelukis kawakan iki entuk tawaran beasiswa menyang India, emane rektore Universitas India ora gelem nampa jalaran dosene wedi yer kuwalahan. Pancen rikala semana Affandi anak ningrat iki, wis kondhang "pelukis dunia". Udakara taun 1930, seniman Affandi Koesoema nggabung karo kelompok pelukis liyane mawa jeneng "Five Painters" (Lima Pelukis), dene ketuane Affandi dhewe. Saka seniman Bandhung mau dumadi Hendra, Gunawan, Barli, Sudarso lan Affandi. Para seniman mau sepisanan ngadani pameran ing Gedung Putra Jakarta, kanthi pengunjunge lumayan. Wektu iku isih kinungkung penjajahan Jepang, luwih maneh salah sijine seniman mau nglukis kenya Jepang "Geisha Maikosan". Seniman mau bubar pameran entuk penghargaan saka panguwasa Jepang. Kegawa saka karya lukisan kenya Jepang mau pemerintah Jepang salut rimangsa diunggulake, nanging sejatine pelukis mau mung golek sensasi. Kanthi sesidheman Affandi karo kanca-kancane nggawe poster kang ditonton para masyarakat umum. Pranyata poster mau ngandhut inspirasi perjuangan kamardikan, saengga tentara Jepang semu miris. Sing njalari kahanan Indonesia ora suwe maneh "diambil alih" dening Voc "Para pejuang kamardikan Indonesia wis bisa ngrasakake, pait getire wektu jaman penjajahan" pratelane Dr. Kusumawardani, Msn marang wartawan PS. Asil karyane pelukis Affandi sing cacahe ora kurang saka 850 lukisan, klebu coretan potlot lan lukisan ing njaban rangkah sarta ing njeron Indonesia. Mula ora barang aneh lukisan mau dadi pandhemen seniman masa kini. Rikala taun 1974, maestro Affandi entuk gelar Doktor Honoris Causa saka Universitas Singapura. Hebate maneh anggone nglukis Affandi tanpa kuas utawa palet, mung cukup nganggo driji lan telapak tangan, engga asile gawe eram utawa nggumunake banget.