Anda di halaman 1dari 2

RINGKASAN MATERI

Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa


Materi : KONDISI ALAM
Kelas : III (Tiga)
Hari : Rabu, 29 September 2021

MANGSA
(MUSIM)

Akeh banyu
Meh saben Tanduran
dina udan katon subur

MANGSA
Hawane RENDHENG
adem

Mangsa rendheng padha karo mangsa udan. Adate meh saben dina
udan. Kadhang kala malah nganti pirang-pirang dina udane ora terang-
terang. Yen kedadeyane kaya mangkono, bakal bisa nuwuhake banjir,
lemah jugrug lan sapanunggalane. Akeh kapitunan menawa wis katerak
banjir. Omah rusak, tetuwuhan rusak, kewan-kewan akeh sing mati.
Malah kadhang kala uga ana wong sing dadi kurban nganti tumakaning
pati. Mula kabeh wae kudu padha ngati-ati. Aja mbuwak resek utawa
uwuh sakepenake dhewe. Supaya yen mangsa rendheng, ora nuwuhake
banjir.

Mangsa ketiga yaiku mangsa sing ora ana udan. Kadhang kala
dirasakake abot banget dening masyarakat. Akeh wong sing kangelan

Ringkasan Materi/SD Islam Insan Kamil Tuban/ 1


BAHASA JAWA/Kelas III/Semester 1/2021-2022
golek banyu resik. Sumur-sumur padha asat. Saliyane iku para tani padha bingung amarga sawahe
padha nela. Saluran irigasi garing ora ana iline banyu babar pisan. Tetuwuhan kaya dene palawija,
padha mati amarga ora kumanan banyu. Wadhukwadhuk mau minangka tandhon banyukanggo
ngawekani tekane mangsa ketiga.

PEPELING
JENENGE MANGSA
1. Bedhiding : Tengah-tengahing mangsa ketiga, yen wayah
esuk adhem banget
2. Ketiga : Mangsa terang, ora ana udan
3. Labuh : Mangsa ngarepake rendheng
4. Mareng : Mangsa ngarepake ketiga (bakda rendheng)

Gawe Ukara Pitakon


1. (apa), ateges masalah utawa bab kang didadekake pawarta
2. (kapan), ateges wektu prastawa iku kadadean
3. (ing ngendi), ateges papan panggonan kadadean prastawa
4. (sapa), ateges paraga kang nindakake prastawa mau
5. (kenangapa), ateges sebabe prastawa mau kadadean
6. (kepriye,pira), ateges proses kadadean prastawa

Ringkasan Materi/SD Islam Insan Kamil Tuban/ 2


BAHASA JAWA/Kelas III/Semester 1/2021-2022

Anda mungkin juga menyukai