Anda di halaman 1dari 2

Sugeng siyang pemirsa,

Kula ........................................, , badé maosaken Wewara siyang puniki.

Gubernur Propinsi Jawa Barat, Ridwan Kamil ngresmiaken Alun-alun Sangkala


Buwana Kasepuhan Cerbon, dinten Jemuah sonten, kaping sekawan sasih Pebruari taun
kalih ewu rolikur. Sedéréngé acara niku, Ridwan Kamil ugi ngresmiaken akses dalan
teng tapel wates Jawa Barat-Jawa Tengah dugi teng inggil kali Cisanggarung, yaniku
Jalan Kapten Piéré Téndéan, Kecamatan Ciledug, Kabupaten Cirebon.
Angin lan jawoh ageng boten saged mbendung antusias warga Cerbon kanggé
tumut nyakseni peresmian alun-alun punika. Warga Carbon sami ngrasa bingah
merwata suta, sebab saniki sampun nggadahi alun-alun ingkang énggal kalian nuansa
wangunan kados déné keraton.
Gubernur Jawa Barat, ingkang biasa akrab dipun sapa Kang Emil puniku,
ngungkapaken; sanésé kanggé wargi ugi masarakat umum, alun –alun Sangkala Buwana
ugi dipersembahaken kanggé almarhum Sultan Sepuh XIV, PRA Arief Natadiningrat.
"Kula matur sembah lan kesuwun, khususé kanggé almarhum Sultan Sepuh
XIV, Pangeran Raaja Adipati Arief Natadiningrat. Kula pancén sampun janji prihal
niki teng wanci kang sampun krihin" ujaré Kang Emil.

Kang Emil nambahaken, yén tah revitalisasi alun-alun Sangkala Buwana sengaja
diwujudaken rupi nuansa keraton Cerbon, cumi sakedik polesan gaya moderené.
Menurut Kang Emil, alun-alun sing lokasié persis teng ajeng Keraton Kasepuhan lan
masjid Agug Sang Cipta Rasa, puniku pancén dirancang ngarah kerasa nilai sejarah
tenimbang unsur moderené.

“Teng riki pancén kedah kerasa kentel nilai l seniki, kula tresna lan peduli
sejarah khususé bangunan pusaka rupa keraton. Ayo pada ngunjungi keratin ning
Cerbon, tapi kudu sadar lan inget, aja klalén nganggo masker, wisuh, njaga jarak,
lan tetep nerapaken protokol kesehatan ya…. Ambir kabéh t nyingkir ilang, sing
jagat Cerbon, lunga sing I kudu inget, éling, sadar lan sabar, unggal pusaka
warisan leluhur apa baé rupané, kudu bareng-bareng njaga, dirawat, lan
nglestariaken” ujaré kan

Sekait sareng punapa ingkang dipun tegesaken déning Kang Emil, Wali Kota
Cirebon Drs. Nasrudin Azis, S.H. nggambaraken, upami dugi teng alun-alun Sangkala
Buwana, pengunjung kaya-kayaé ngrasa lagi ana ning jero keraton, kaya jaman kerajaan.
Cobi mawon, teng unggal lawang mlebet wonten gerbang rupa bata abang khas keraton
Cerbonan. Lanjeng teng selebeté alun-alun, wonten ruang lan panggung tontonan
terbuka. Ingkang maksad kanggé pagelaran kesenian daerah uga kearipan lokal sanesé.
Teng iring wétan, khusus kanggé area gelar produk UMKM utawa Usaha Mikro, Kecil,
Menengah.
Sementawis niku, Sultan Sepuh XV Keraton Kasepuhan Cirebon, Pangeran Raja
Adipati Luqman Zulkaedin, ngucapaken sukur lan takjub wontené owahan alun-alun
ingkang tambih pengkuh, gagah, lan saé pisan.
"Pokoké luar biasa, alun-aluné kerén, indah, kentel sejarah, kesawangé aman,
tertib, adem lan nyaman. Owahan puniki minangka bukti kepedulian pemrintah,
khususé Mama Gubernur Jawa Barat Kang Ridwan Kamil ingkang gadah tekad lan cita-
cita kanggé nglestariaken keraton-keraton teng Cerbon. Mugia, pembaruan puniki
kathah paedah kanggé masarakat, saged ndongkrak kunjungan para
pejiarah, wisatawan, lan kegiatan ekonomi masy
Zulkaedin nandesaken.
Teng selebeté acara peresmian niku uga hadir tumut nyakseni tamu-tamu para raja
lan sultan se-nusantara.

Pemirsa,
Wewara siyang selajengé yaniku widang pendidikan.
Dinas Pendidikan Kabupaten Cerbon taksih dereng wantun nerapakan PTM utawa
Pembelajaran Tatap Muka 100 persen. Kanggé murid-murid Sekolah Dasar khususé,
taksih nerapaken PTM terbatas. Umpamane 50 persen. Hal puniki ditempuh demi
keslmetan para murid lan warga sekolah saking sumebaré covid-19.
Kepala Bidang Pendidikan Sekolah Dasar Drs. Heri Purnama, MM. nuturaken,
belajar cara tatap muka pancén penting kanggé murid-murid Sekolah Dasar, ananing
kesehatan lan keslametan jiwa langkung utama. Mila mekaten, kanggé nugel mata ranté
nyebaré virus corona, lan uga nangkal virus omicron, kanggé murid Sekolah Dasar
kedah divaksin krihin.
Prihal niku diaturaken dening Heri Purnama, nalika ndampingi kunjungan Komisi
IV Dewan Perwakilan Rakyat Daerah (DPRD) Kabupaten Cerbon teng Sekolah Dasar
Negeri 2 Pabedilankaler Kecamatan Pabedilan, dinten Jumat, ingkang sampun keliwat.
Selajenge, mama Herri Purnama matur ngucap, pihak Disdik ngraos priatin, upami
taksih wonten guru boten junun nggunakaken waktu blajar lan mulang teng sekolahan.
Tetep sumanget ngadepi punapa mawon. Setunggal kuncine, yaiku netepi ketentuan lan
aturan.
“Jajaran Pemerintah Kabupaten Cerbon taksih terus waspada, teliti, lan ngati-ati
sederengé netepaken dibuka malih PTM 100 persen kanggé murid-murid teng
Kabupaten Cerbon, lantaran kedah konsentrasi krihin upaya kanggé
ngutamakakenDrs.HeriPurnama, k

Pihak Dinas Pendidikan Kabupaten Cerbon ngarepaken dukungan lan bantuan


saking para guru, kepala sekolah, komite sekolah, tiyang sepuh, walimurid, uga sedaya
warga masarakat, perihal vaksinasi kanggé lare-lare SD.

“Disdik terus kordinasi gugus Covid-19 sekait kaliyan kebijakan pola Satgas
belajar mengajar Guru. Wondéné PTM masih diterapaken, temtu kedah
diterapaken protokol kesehatan ingkang langkung ketat malih. Sebab dedasar
saking Instruksi Menteri Dalam Negeri (Inmendagri) Republik Indonesia nuduhaken
yén tah wilayah Kabupaten Cirebon taksih status PPKM utawa Pemberlakuan
Pembatasan Kegiatan Masyarakat level 1 utawa 2, niku uga taksih gonjang-ganjing lan
déréng ajeg. Mila mekaten kudu pada iktiar lan dedonga nyuwun pituduh lan pasrah
sumerah maring Kuwasané Gusti Allahé Kabid PSD.

Mekaten, wewara siyang puniki.


Matur suwun
Kula ......................................

Anda mungkin juga menyukai