Anda di halaman 1dari 2

Alief/Fuzail *(coret yang tidak perlu

Teks Pranatacara
Assalamualaikum Wr. Wb.
Para rawuh ingkang kula hormati, para kaluarga temanten ingkang bahagia, sumangga
kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Kang Maha Agung, ingkang
sampun maringi kita sedaya nikmat lan rahmat sahingga kula lan panjenengan saget
kempal wonten dinten niki kanthi sehat wal'afiat. Shalawat kaliyan salam sumangga ugi
kita aturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW.

Kita sedaya kempal wonten papan menika kangge sareng-sareng mirsani adicara temu
mantenipun Nimas Ayu Nanda (putri saking Bapak Bambang) kaliyan Dhimas Bagus
Rizal (putra saking Bapak Majid). Sakderengipun, kula dados pranatacara wonten
dinten niki badhe ngaturaken rantamaning adicara sakmenika, nun inggih:
1. Pambuka 7. Dulangan lan ngunjuk tirta
2. Panggih temanten 8. Kacar-kucur
3. Gantalan 9. Bobot timbang
4. Ngidak tigan 10. Sungkeman,
5. Ngumbah suku 11. Sabda Tama
6. Sinduran 12. Cucuk Lampah
13. Penutup

Para rawuh ingkang kula hormati, adicara kaping pisan inggih menika pambuka.
Sumangga adicara menika dipunbuka sesarengan maos Al-fatihah, mugi-mugi
adicara samangke saget lancar,(Al-Fatihah) aamiin. Saklajengipun, adicara
kaping kalih, panggih temanten. Sakmenika temanten putri mijil saking papan
anggene mbusanani awak kangge kepanggih temanten kakung.…(gentian
Pranadya 1)
Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika gantalan. (Pranadya 2) Mancik
adicara kaping sekawan, inggih menika ngidak tigan . (Pranadya 3) Adicara
ingkang kaping gangsal, ngumbah suku temanten kakung ingkang
dipuntindakaken dening temanten putri. (Pranadya 4) kaping enem inggih menika
sinduran (Pranadya 5) ajeng dhateng adicara kaping pitu, dulangan lan ngunjuk
tirta ingkang dipuntindakaken temanten putri kaliyan temanten kakung (Pranadya
6) . Adicara kaping wolu, kacar-kucur, ingkang nggadahi makna menawi
temanten kakung nggadah kawajiban nafkahi kaluarga. (Pranadya 7) Lajeng
mancik adicara kaping songo, bobot timbang (Pranadya 8) Saklajengipun inggih
menika adicara sungkeman temanten kakung kaliyan temanten putri dhumateng
Alief/Fuzail *(coret yang tidak perlu

bapak kaliyan ibu. (Pranadya 8) Adicara ingkang kaping sewelas inggih menika
Sabda Tama ingkang diaturake dening Bp. Andhika Gita
Adicara salajengipun inggih menika cucuk lampah kangge penganten kakung
tumuju ing papan penganten

Para rawuh lan kaluarga temanten ingkang bahagia, saking pangestu penjenengan
sedaya adicara panggih temanten dinten niki saget rampung nganthi lancar. Kula
aturakaen matur suwun ingkang kathah dhumateng panjenengan sedaya.
Saklajengipun, kula dados pranatacara ngaturaken pangapunten ingkang kathah,
menawi kula wonten kalepatan lan ugi babagan ingkang kirang trep dhumateng
panjenengan sedaya. Cekap semanten atur kula, mugi-mugi Mbak Nanda kaliyan
Mas Rizal saget mbangun kaluarga ingkang sakinah, mawadah, lan waramah.
Aamiin aamiin ya Rabbal'alamin.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai