Anda di halaman 1dari 4

Pasinaon 1.

Modhel Teks Pinilih : Nyinau Teks Artikel

Kegiatan kapisan, para siswa diwenehi kalodhangan nyinaoni babagan


artikel. Kanggo sarana sinau para siswa bakal kaajak mbedhah teks artikel
kanthi irah-irahan ―Rusake Lingkungan Hidup‖
Garapan 1 : Nyemak Teks Artikel Bab Lingkungan Hidup
Semaken kanthi premati, teks artikel kang diwaca dening kancamu!

Rusake Lingkungan Hidup

Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan kawistara saka


ilange sumberdaya bumi, banyu, hawa/udara, curese kewan lan rusake
ekosistem. Rusake lingkungan bisa mujudake salah sijine bebaya tumrap
uriping manungsa. Bab iku wis nate dielingake dening ―High Level Threat
Panel PBB‖. Rusake lingkungan amarga saka maneka warna sebab,
sing paling gedhe pangaribawane yaiku krana pokal gawene manungsa.
Lingkungan alam
sing rusak bakal
nduweni efek tumrap
uripe manungsa lan
nduweni potensi bakal
kelakon anane
bencana ing tembene.
Rusake alam bisa
disebabake dening
faktor alam lan uga
manungsa. Manungsa
saya srakah lan ora
nggatekne lingkungan.
Kamangka menawa
kita bisa njaga
lingkungan, mesthi ora
bakal gawe
kapitunan tumrap awake dhewe lan generasi sabanjure. Kosok baline, yen
kita bisa njaga, agawe kestarine alam, kaendahan lan mumpangate bisa
kanggo anak putu.
Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga
supaya sumberdaya alam tetep lestari lan ngasilake paedah kang
maksimal kanggo karaharjane manungsa. Lingkungan kalebu lingkungan
biotik lan abiotik. Yen lingkungan rusak, bab iki bisa anjalari ekosistem
darat, segara lan kabeh makhluk kang ana ing jagad iki rusak uga. Alam
sing rusak nyebabake panguripane bakal ngalami owah-owahan. Kewan-
kewan bakal pindhah panggonan golek papan sing bisa nyukupi
kabutuhane.
Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa
katimbang faktor alam kang dumadine ora saben dina. Owahe iklim global
ndadekake negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap rusake
Alam. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu
amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake
Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara
berkembang uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif
tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale
manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap
manungsa dhewe.

Rusake Lingkungan Saka Rubedaning Alam


Akeh dhahuru kang anjalari rusake lingkungan hidup, salah sijine
amarga gunung njeblug. Gunung njeblug mujudake salah sawijine
aktivitas vulkanisme lan dumadine gejala alam. Kahanan iki ora ana sing
bisa nyegah panjebluge gunung mau. Akibat mbledhose/njebluge gunung
bakal ngrusak lingkungan amarga gunung muntahake sawernane
material padhet sing nibane sawah, omah, alas lan apa wae sing ana
sakupenge. Saliyane iku lindhu lan siklon uga kalebu bencana alam sing
ngrusak lingkungan.
Rusake Lingkungan
Amarga Pokale
Manungsa
Manungsa nduweni
akal budi kanggo
nyukupi kabutuhane.
Nanging, sifat
manungsa kang
murka (srakah) njalari
tumindake dhemen
ngeksploitasi alam
kanggo nggolek
kauntungan tanpa
winates, tanpa
migatekake efek
liyane.
Maneka warna tuladha rusake alam amarga pokale manungsa yaiku banjir,
longsor, illegal loging, alas gundhul, penambangan liar, pencemaran udara,
pencemaran air, lan sapunanggalane. Yen manungsa isih tumindak kaya
mangkono terus-terusan, mesti wae alam ora bakal bisa awet lan kapitunan
bakal dirasakake manungsa dhewe.

Bausastra
1. curese = entek/ilange
2. karaharjane = keslametan, kebegjane
3. dhahuru = bencana, pageblug
4. gunung njeblug = gunung mbledhos
5. illegal logging = mbabat alas sembarangan
6. kapitunan = rugi
Sumber http://www.konsultankolesterol.com/kerusakan-lingkungan-
hidup.html

Ing garapan 1 iki ana pitakon-pitakon kang gegayutan karo wacan.


Pitakon iki wigati banget kanggo nyumurupi isine wacan Rusake
Lingkungan Hidup. Artikel kang kokwaca mau ana perangan-
perangane yaiku pambuka (pengantar), isine masalah, dudutan.
Perangan-perarangan mau diarani perangan strukturing artikel. Kanggo
njajagi kawruhmu ngenani wacan mau, wangsulana pitakon-pitakon ing
ngisor iki!
1) Apa kang bakal dumadi menawa lingkungan rusak?
2) Kepriye akibate manawa lingkungan kita rusak?
3) Apa mupangate yen alam dijaga kanthi becik?
4) Terangna apa wae kang njalari rusake lingkungan!
5) Geneya negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap
owahe iklim global?
6) Apa kang koktindakake nalika meruhi rusake lingkungan?

Garapan 2 : Medhar Strukture Artikel


Kaya kang diandharake mau, sawijine artikel nduweni struktur tartamtu.
Ayo diudhal miturut strukture, teks artikel kanthi irah-irahan ―Rusake
Lingkungan Hidup‖ mau !
Cathetan :
Struktur teks artikel mujudake gegambaran kepriye artikel kasebut
diwangun. Bisa kokjingglengi sawijine artikel kasusun kanthi struktur :
irah-irahan, pambuka, isi, lan dudutan.

1. Apa irah-irahan teks artikel iku mau?


2. Sawise nyemak artikel ―Rusake Lingkungan Hidup‖, apa jinise teks
arikel mau?s
3. Tulisen gagasan pokok sing koktemokake ing tabel ngisor iki!
Tulisen 1 paragraf wae kanggo saben struktur teks!

Struktur Teks Gagasan Pokok/Inti gagasan

Pambuka

Isi
Dudutan

Anda mungkin juga menyukai