Anda di halaman 1dari 12

GEGURITAN

DENING : W.B.A
PANGERTOSAN GEGURITAN
Miturut Bausastra Jawa, geguritan iku karangan kang
pinathok kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan
lan guru lagune ora ajeg.

Geguritan menika iketaning basa ingkang kados syair (Subali Dinata, 1994
: 45)

Geguritan saking tembung gurita owah-owahan saking tembung gerita.


Tembung gerita lingganipun gita, tegesipun tembang utawi syair.
KARYA SASTRA MITURUT
ZOETMOELDOER
A. JAWA KUNA
KAKAWIN ( Parwa)
B. JAWA TENGAHAN ( Majapahit)
KIDUNG
C. JAWA ANYAR ( Mataraman/ Surakarta)
- tembang gede ( suluk)
- tembang tengahan ( wirangrong, jurudemung, girisa,
balabak)
- tembang alit ( tembang macapat
D. Jawa Modern
- Geguritan - tembang Keroncong – tembang Campursari-
Koplo
UNSUR –UNSUR FISIK
GEGURITAN
A. DIKSI
B. CITRAAN / IMAJI/ PENGINDRAAN
C. MAJAS/ GAYA BASA
D. RIMA/ BUNY
E. TIPOGRAFI
UNSUR-UNSUR BATIN
A. TEMA
B. PERASAAN
C. NADA/ IRAMA
D. AMANAT
JENIS GEGURITAN
A. ODE
Guruku
wingi nalika sikil iki
tumapak sandhuwure bumi
durung paja-paja ngerti ha, na, ca, ra, ka
alip, ba’, ta’, apa dene good morning teacher! 
lumakuning srengenge wis ganti
panyawangku dadi padhang
terawangan
B. HIMNE
Gusti
(Intan Nukhi Adhiya)
 Dalem namung tiyang kang lemah
Kang boten saged mlampah piyambak
Gusti
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti
C. ELEGI
Tsunami
 Banyu laut kang maune antheng glinteng kaya bayi
turu angler kepati
Esuk kang padhang njingglang tanpa mendhung…
putih suci
Nuduhake marang manungsa kabeh sektine Gusti
Cahyane bagaskara padhang nyinari bumi pertiwi
Angkasa kang bawera dumadakan peteng ngglimeng
Netesi bumi pertiwi kanthi luhe kang tumetes
Angkasa dadi peteng, bumi horeg
D. EPIGRAM
Rumangsaku
rumangsaku kabeh uwong mesthi
kudu ngerti benere dhewe
amung luput salahe
kang tumiba janma liya
padha anggega kersane pribadhi
ngugung nguja luntaking angkara
yen kepagol asesanti
rawe-rawe rantas malang-malang putung
singa lena nemahi pralaya
E.SATIRE
MANGAN AWAN
Dening : Sudi Yatmana
Asune The Sie Ing kae
Susu saliter ngombene
Daging rong ons lawuhe
Sega sapiring dicampur vitamin-vitamin warna telu minangka
sarapane
Kala-kala yen njegoge kurang banter
Nyerege ora mak wer-wer
Nyatheke rada ngleler
Digawa numpak mobil dipriksakake dokter
Disuntik antilelarane ing gulune
Sing duwe nukokake obat-obat sarta kabutuhane
F. ROMANSA
Kapang
Menawa rasa matine ati
Mesti jiwa tansah kapang
Umpama ati kapenjara asmara
Apa bisa jiwa ngapusi
Menawa saperangan ati ngantu-antu
Mesti separo liyane ngenteni
Umpamane setengah ati tansah (han)jaga
Bisa ora saperangan liyane nglaleake
Menawa ati tiba sengsara
G.BALADA
Kartini 
Kartini …
Sapa kang ora kenal panjenengan
Pahlawan kang mbela kaum wanita
Pahlawan kang berjuwang nentang paugeran
walanda
Kartini …
Sanajan tinitah dadi priyayi
Duweni trah bangsawan
Kartini mbela emansipasi wanita
mbela rakyat jelata 
Kartini …

Anda mungkin juga menyukai