Anda di halaman 1dari 6

GEGURITAN

Dening : SITI NURJANAH, S.Pd


Geguritan yaiku puisi jawa gagrak anyar kang
ora kaiket dening paugeran.
Geguritan kapantha dadi 2:
1. Geguritan Tradisional : tembang macapat
2. Geguritan Modern :
a. Diafan (transparan) – gampang dipahami
b. Prismitis – tembung pralambang, ngrembakake daya imajinasi
c. Kontemporer – ngendalikke permainan bunyi/komunikasi estetik
d. Mbeling – nakal, ora manut aturan
Unsur pandhapuk Geguritan
• Intrinsik • Ekstrinsik
- Tema : inti prakara geguritan - Unsur biografi : latar
- Rima : unen-unen dibolan-baleni belakang penyerat
kanthi ngetokake swara kang endah - Unsur sosial : kahanan
Tuladha : aja banter-banter masyarakat sekitar
mengko mundhak keblinger - Unsur piwulang :
- Dhiksi : pamilihing tembung amanat geguritan
- Purwakanthi
- Gambaran pangindran
- Amanat
Teknik maca geguritan
• Nulis Geguritan
1. Mangertosi wosing
geguritan - Nemtokke tema
2. Bener sajroning medhot - Nemtokke dhiksi kang pas lan khas
tetembungan, koma (/) lan
titik (//) - Nggunakane rima lan purwakanthi
3. Pas anggone munggah
mudhune swara
- Milih wujud fisik geguritan
4. Praupan lan obahe awak - Milih irah-irahan kang jumbuh
kang jumbuh kalian wos wosing geguritan
geguritan
Ngapura

Nyawang cumploroting lampu saka nduwur gunung


Ngrasa awakku cilik temenan
Atiku ciut, krasa awakku digebyuri dosa
Penggalihku rep nangis kaya diiris-iris
Ngapura Gusti …
Ngapura …
Dalem naming tiyang kang lemah
kang mboten saged mlampah piyambak
Gusti …
Dalem naming tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kagodha kasenengan donya
Gusti …
Hamung setunggal panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang Gusti
Duh Gusti …
Tuladha Analisis:
Unsur intrinsik Katrangan
• Tema • Agama
• Rima • Atiku arep nangis koyo diiris-iris
• Dalem naming tiyang kang lemah
• Tansah kagodha kasenengan donya
• Dhiksi • Wancahan : rep (arep), kang (ingkang)
• Rinengga : hamung
• Dasanama : penggalihku, dalem
• Gambaran pangindran • Pangindran : atiku ciut, penggalihku rep
nangis kaya diiris-iris
• Dadi manungsa kudu eling marang dosane
• Amanat
banjur pangapura marang Gustine

Anda mungkin juga menyukai