• Geguritan yaiku wohing susatra kang basane cekak (ukarane ora nggladrah),
mentes (Duwe makna kang jero), lan endah (nggunakake tembung-tembung
rinengga: nganggo purwakanthi swara, sastra lan basa).
• Geguritan ing Bausastra Jawa (Widada Suwadji, dkk: 270) kedadeyan saka
tembung lingga gurit kang mengku tulisan, tatahan, tembang utawa kidung.
Banjur tesih manut Widada Suwadji, geguritan yaiku karangan kang pinathok
kaya tembang nanging guru gatra, guru lagu lan guru wilangane ora ajeg.
• Geguritan manut Subalidinata (1994:45) yaiku minangka iketaning basa kang
memper syair.
• Rong puluh
• taun kepungkur.
• Aku lan sliramu nate
• mlaku ana dalan kene.
• Saklawase ora nate ketemu.
• Saliramu lan saliraku wus beda.
• Ora kaya biyen nalika isih tak kanthi.
• Gandaning wengi mau isih sumrebak
• ngebaki pedhut wayah esuk.
• Wus aja mbok tangisi lakon kang wus kepungkur.
• Wus pirang wayah ketiga tak lakoni.
• Nganti rambut warna ireng lan putih.
• Ing dalan iki rong puluh taun kepungkur.
• Ana crita rinajut endah.
• Dik, kala-kala sliramu isih dadi impenku.
• Lan lintang panjer wengi sing isih kari sak menir gedhene
www.PresentationGO.com