Anda di halaman 1dari 6

Nama Kelompok:

Citra Ayu Jannata R. (5)


Elok Fadlillah M. (9)
Haura Hurmayla A. (12)
Rahma Meilia S. (24)
Yayang Olivia Y. (36)
Pengerten Drama Miturut Asal-Usul Basane
• Drama yaiku gancaran kang gambarake wataking manungsa lumantar
solah bawa, tingkah laku, paguneman sing dipeentasake.
• Sandiwara saka tembung sandi+wara. Sandi tegese wadi lan wara
tegese piwulang utawa pitutur, dadi sandiwara iku duweni teges
piwulang kang ditindakake kanthi pralambang.
• Ciri utama drama yaiku obahing awak kanggo nyethakake
panggawene manungsa.
• Tulisan utawa naskah drama diarani repertoire.
Struktur Drama
• Orientasi
Para paraga ditepungake watake uga pandhapuke ing drama.
• Komplikasi
Para paraga diadhepake ing prakara dhewe-dhewe nganti klimaks.
• Resolusi
Para paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungake prakarane.
• Koda
Pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiyarsa.
Unsur-Unsur Drama
1) Tema
Mujudake gagasan pokok sawijine crita drama.
2) Alur (plot)
Dalan cerita saka sawijine tontonan drama wiwit babak kapisan nganti pungkasan.
Alur dibedakan dadi 3 werna, yaiku: alur maju, alur mundur, lan alur campuran.
3) Paraga
yaiku wong kang didhapuk ngayahi jejibahan maragani, nindakake lelakon kaya kang
wis dirantam dening pangripta utawa sutradara.
4) Watak
yaiku perilaku kang diperananake dening paraga drama. Watak
dibagi 3 werna, yaiku: Antagonis, Protagonis, lan Tritagonis.
5) Latar/Setting
yaiku gambaran panggonan, wektu, situasi prastawa sajrone cerita
drama. Latar dibagi 3 werna, yaiku: latar wektu, latar papan, lan latar
suwasana.
6) Amanat
yaiku pesan kang disampekake pangripta marang penonton.
7) Basa
Basa sing digunakake sajrone drama duweni kekhasan kang diangkat
adhedhasar masyarakat, pendhidhikan, budaya, lsp.

Anda mungkin juga menyukai