Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kula Nuwun, Ibu Guru ingkang pantes sinudarsana, sarta


kanca-kanca ingkang kula tresnani. Puji syukur dhumateng gusti
ingkang maha agung. Ingkang sampun angluberaken rahmat
sarta hidayahipun. Dene kula panjenengan sami saged makempal
wonten ing Seminar Bahayanipun Rokok Kangge Kesehatan niki.

Ing sajroning rokok punika, wonten kandungan-
kandungan zat kimia ingkang saged mbahayanipun tiyang
ingkang ngerokok lan tiyang wonten sakitare kebul rokok. Dene
produsen-produsen rokok ing Indonesia punika inggih ingkang
paling ageng dening negara liya. Amargi sumber daya alam
utamanipun tembakau inggih punika bahan baku kagem rokok
katah wonten lemah Indonesia.

Ngerokok punika sadyane mboten ngelanggar aturan,
nanging ngelanggar hak asasine tiyang-tiyang manungsa kanggo
ngirup udara kang resik. Opo maneh kandungan ing kebul rokok
punika wonten unsur nikel kang samisalipun ngedep ing ginjal
lan marai kanker. Inggih mboten kanker paru mawon, nanging
saged nguripake katah sel-sel kanker wonten sajroning raga
amarga wonten kandungan radikal bebas ingkang saged
nguripake sel kanker dening sajroning raga.

Para rawuh ingkang satuhu lebda ing kawruh.
Produsen rokok punika inggih boten 100% salah. Nanging
inggih ingkang ngrokok dugi salah rumiyin amarga mboten
maos tulisen wonten bungkusipun rokok nek rokok niku
mbahayani. Perokok wonten Indonesia niku katah sanget amarga
rego rokok ing pasaran niku murah dumadine bocah-bocah
sekolah kaya kula niki nggih nggampang tumbase, nggih perihal
kayata niku saged ngrusakake moral cah enom. Apata kaya niku
inggih pantes?

Para rawuh ingkang minulya, kita sedaya pangerteni pajak
dening rokok niku nyumbangake katah kangge devisa negara.
Nanging mboten pas kayane, kanggo panarapane amargi katah
tiyang kang dirugiake.

Para rawuh sedaya ingkang tansah kinurmatan sampun
punika cekap saking kula mbok bilih menawi wonten kirang tata
krama lan kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging
samodra pangaksami.

Akhirulkalam, wabilahit taufiq wal hidayah,
Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai