Anda di halaman 1dari 2

Sejarah Kebudayaan Wayang

Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing
Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo
isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing
diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya
kabudayan asline bangsa.
Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan
animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia. Miturut kapercayan Animisme
roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan
uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa.
Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa
kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para
leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang,
nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane
menungsa. Upacara ritual mau dianake dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang.
Kira-kira wiwitane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau,
bangsa Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi imigran menyang Indonesia.
Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire
iya bisa diterima karo dening penduduk asli Indonesia. Ing sakjroning jaman kuwi, basa
Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse banjur mempengaruhi basa asli
Jawa lan Bali.
Ing kene kesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan
wedharake budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan
kaya mangkono kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa
Indonesia karo budaya Hindu.

Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi
sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan ditampa ing masyarakat Indonesia. Mulane ing
jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.miturut kitab Sastra Centhini
kasebutake mula wiwitane kesenian wayang purwo kuwi cinipta dening Raja Jayabaya soko
Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure
sing terus ditulisake ing godong lontar.
Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing ditiru soko gambarane relief crita
Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget
katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing ayembah
dewa Wishnu, sing uga nganti seprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep
panjelmaane lan titisane Betara Wishnu.
Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake
wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa.
Sakteruse dadi apik lan indah. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau
banjur diklumpukake lan disingahke ing jeroning peti khusus sing nyeni indah. Bebarengan
karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake saben ana
upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.
Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake
lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah kana-kene sing disike dadi kekurangane, terus
digulung dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane
dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber.
Wiwit ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah
metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat sakjabane keraton bisa melu
ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber. Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman
Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Mulane
dening para wali lan sunan kesenian wayang kuwi uga dienggo media effektif medharake
ajaran agama Islam.
Kahanan kaya mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan
wujud sing cukup akeh, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi
diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing
jaman kuwi, wujude wayang diowahi, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya
simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti sakprene wujude
wayang mung kaya lan dadi arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa.

Disalin dari : http://www.burung-net.com/2014/11/contoh-artikel-basa-jawa-tentangwayang.html

Anda mungkin juga menyukai