Anda di halaman 1dari 13

PUSAKAWEDA

Amratelakaken warna-warnining dedamel


agemipun para Dewa, para Nata,
para Satriya, tuwin para Adipati
ing jaman kina,
ingkang sadangunipun taksih dados
sawarni cangkriman
samangke kawedaraken genahipun,
kabeber kawruhipun ingkang
migunani ing akatah

Karanganipun
R.SADJIMUN KOESOEMODIRDJO
Tiyang mardika ing Surakarta ingkang amarsudi
Kawruh kasukman
Cetakan yang pertama
Diterbitkan dan terjual oleh:
Boekhandel SADOE-BOEDI SOLO
-1940-

Hak pengarang diperlindungi oleh wet.

BEBUKA
Ing sasumerep kula kados dereng wonten serat Jawi
ingkang nerangaken kados pundi kajatosanipun, kawontenaning
dedamel-dedamel agemipun para Dewa, para Raatu, para
Satriya, para Adipati, ingkang sami kangge rumeksa
karaharjaning jagad, saha ingkang sami kangge damel risaking
karahayon; mangka saking pangraos kula, bab punika kawruh
ingkang perlu sanget, awit sajatosipun punika kawruh ingkang
anedahaken sabab-sababipun karisakaning jagad, saha
anedahaken cara-caranipun manawi andadosi; punapa dene
anedahaken kawruh ingkang dados pamurunging kamuksan,
saha kawruh marginipun dateng kamuksan utami. Awit saking
punika, sanadyan pasajanipun seserepan kula dateng prakawis
punika dereng sapintena, ewadene lajeng kadugi anggelaraken
dados serat punika, estining manah namung kenginga kangge
catetan pengetaning kawruh ingkang sampun kepanggih; dados
prakawis dereng saged ngarang ingkang sampurna, boten
adamel munduring sedya pangarang kula. Serat punika kula
namakaken: Pusakaweda, tegesipun: papakem pusaka, nanging
kajeng kula namung kula tegesi: catetan pusaka. Ingkang punika,
sadaya kekiranganipun, saha kalepatanipun, kula ingkang
ngarang nyuwun genging pangapuntenipun para maos.
Pangarangipun wonten ing Surakarta, tinengeran:
Kumbuling pandita pujangganing jagad=1871.
R. SADJIMIN KOESOEMODIRDJO

CAKRA
Cakra dedamelipun Batara Wisnu
Cakra dedamelipun Batara Wisnu punika rupi jemparing
kados punika ingkang langkung prelu sanget kacariosaken
rumiyin, amargi dedameling dewa prajurit ingkang rumeksa
kaluhuraning karatonipun Sang Hyang Jagadnata. Dados Cakra
dedamelipun Batara Wisnu, punika pamunahing satru sakti
ingkang sami dados mengsahing karatonipun Sang Hyang
Jagadnata, saha mengsahipun Sang Hyang Wisnu piyambak.
Kacariyos boten wonten satru sakti ingkang kuwawi nadahi
sanjata Cakra agemipun Batara Wisnu, boten wonten teguh.
Sadaya ingkang dipun-lepasi sanjata Cakra agemipun Batara
Wisnu, sampun tamtu tatas.
Kasebut ing serat Jadi Kina, nalika para dewa saweg sami
ngunjuk toya gesang, wonten danawa, nama Lembuculung,
dateng lajeng tumut ngombe toya gesang; Batara Wisnu priksa,
enggal anglepasaken sanjata Cakra; ditya Lembuculung
anggenipun ngombe toya gesang saweg dumugi tenggak,
gulunipun pagas kenging sanjata Cakra. Gembongipun dawah
gumebrug gumuling ing siti, pejah, nanging sirahipun boten
pejah, sabab sampun ngombe toya gesang; lajeng mumbul ing
awang-awang, rupi danawa tampa gembung. Dados sanjata
Cakra agemipun Batara Wisnu punika, ingkang linangkung
namung landepipun, dede ampuhipun.
Serat Jawi enggal wonten ingkang nyariosaken: Paksi dara
mukjizatipun Nabi Isa kalangan angedalaken wisa, dipundawahi sanjata Cakra dening Batara Wisnu, kenging dawah ing
siti, dados talaga upas.

Panglaras
Cakra punika tegesipun ubeng utawi mubeng, kajengipun
ubenging gesang, inggih punika kawruh sangkan-paran, inggih
turuning tumuwuhm panjing suruping pati, pangracut, miwah
pangukud, dumugi babaring gesang, kasampurnan, punapa
dene panitisan, utawi sawarnaning kauwusan sadaya.
Batara Wisnu dedamelipun Cakra, tegesipun: Batara Wisnu
punika sampun lebda dateng kawruh kauwusan sadaya, boten
kewran angulahaken ing satunggal-tunggalipun, saged mubeng
anjajah ing sadaya dedunungan. Inggih kawruhipun punika
ingkang minangka dados dedamelipun, kangge anggarap
pakaryanipun, utawi ngrampungaken pakaryanipun.
Ingkang dados mengsahipun karatonipun Sang Hyang
Jagadnata, utawi ingkang dados mengsahipun Batara Wisnu,
punika sejatosipun watak lan pandamel ingkang dados
pamurunging kamuksan utami. Inggih watak lan pandamel
ingkang dados pamurunging kamuksan utami, punika ingkang
dipun-sirnakaken sarana sanjata Cakra agemipun Batara Wisnu,
utawi sarana kawruh kauwusa, inggih kawruh kamuksan utami.
Watak lan pandamel ingkang sami dados pamurunging
kamuksan utami, mila kenging dipun-sirnakaken sarana kawruh
kamuksan utami; amargi angger tiyang anggayuh kamuksan
utami, tamtu inggih anyirnakaken sadaya ingkang dados
pamurungipun. Angger boten anyirnakaken sadaya ingkang
dados pamurung, inggih punika boten anggayuh. Angger tiyang
kenging tinuntun anggayuh dateng kamuksan utami,
tamtunipun tumandang nyobi anyirnakaken sadaya ingkang
sami dados pamurung.
Dados larasanipun ing pangulah kabatosanipun piyambak,
ingkang nama nyirnakaken mengsahing karatonipun sang
Hyang Jagadnata utawi mengsahipun Batara Wisnu, sarana
lepasing sanjata Cakra, punika pangrasuking manusa dateng
kawruh kamuksan utami, utawi lampahing manusa anggayuh

kamuksan utami, mawi nyirnakaken sadaya ingkang dados


pamurungipun.
Dene larasanipun ing pangulah kalahiran, ingkang nama
nyirnakaken mengsahing karatonipun Sang Hyang Jagadnata,
utawi mengsahipun Batara Wisnu, sarana lepasing sanjata Cakra,
punika panyebaring kawruh kamuksan utami, supados tiyang
katah sami anggayuh kamuksan utami, anyirnakaken sadaya
ingkang dados pamurung. Asarana lampah makaten, dados
sarana panjireping kala murka, ingkang dados werining bawana
angrisakaken karaharjan.
Sanjata Cakra agemipun Batara Wisnu landep, naging
boten ampuh, tegesipun, namung amisahaken manusa lan
reregedipun, boten anyirnakaken manusanipun. Rereged sirna,
manusanipun nunggil Wisnu Murti, jumeneng gesang sajati,
tetep kamanusanipun.
Katrangan:
Batara Wisnu punika sinebut: juru-ngupakara, inggih
punika dados panutaning agami, sasaminipun. Sarta ugi sinebut
Batara Panyarikan, kajengipun dewa ingkang ulah kapujanggan,
utawi damel pitedahan. Dados manawi Batara Wisnu adedamel
sanjata Cakra, tegesipun kawruh, utawi pitedahan, punika
sampun mantup sanget.

CIS
Ringgit Batara Guru punika astanipun angasta cis,
karsanipun ingkang miwiti damel ringgit Batara Guru, namung
kangge candra-sangkalaning warsa nalika miwiti damel,
ungeling candra-sangkala: Dewa dadi angecis bumi
Dewa watak 1
Dadi, watak 4
Angecis watak 5
Bumi watak 1
Dados dewa dadi angecis bumi, kajengipun warsa angka
1541.
Sajatosipun ing serat cecriyosan, boten wonten ingkang
nyariosaken Batara Guru kagungan dedamel cis.
Dene menawi dipun-padosi larasanipun, saged ugi
karsanipun ingkang miwiti damel wewangunaning ringgit Batara
Guru punika, kajawi kangge candra sangkala, inggih kangge
pralambang kawruh. Pamanggihipun ingkang ngarang serat
punika makaten:
Dewa dadi, kajengipun: dumugi ing kamuksan utami, raga,
inggih amejahaken hawa napsu, dados sampun saged ingkang
binasakaken: wijang lan raga, utawi benggang lan raga, inggih
punika benggang ing saderengipun benggang.
Dados kajengipun ingkan saged dumugi ing kamuksan
utami punika ingkang sampun saged mati raga, utawi benggang
lan raga.
Mila ingkang ngarang serag punika pamanggihipun
makaten, awit: Batara Guru punika inggih Sang Hyang Siwah.
Siwah tegesipun beda, kajengipun: wijang, utawi benggang
ingkang wijang utawi benggang: sukma, kaliyan: raga.
Utawi manawi kajumbuhaken kaliyan kawontenanipun
pepetan ing candi, Batara Siwah punika kaadep Lembu Andini,
Lembu Andini punika titihanipun. Punika ugi sinebut Lembu
Prakriti, dene prakriti punika kawadagan. Dados Lembu Andini
punika pralambang kawadagan. Nitik Lembu Andini utawi

kaadep Lembu Andini tegesipun: sampun saged mangreh


kawadagan, utawi wijang lan kawadagan.
CAKRA
Gadanipun Sang Hyang Yamadipati
Sang Hyang Yamadipati punika dedamelipun Gada.
Ingkang dipun-gada ing Sang Hyang Yamadipati punika, nyawa
ingkang ambangkang daten parentahipun. Sang Hyang
Yamadipati punika pakaryanipun anjabut nyawa, sarta aniti
pariksa nyawa, lajjeng angirid dateng swarga, utawi dateng
neraka. Sang Hyang Yamadipati wenang mangsulaken nyawa
ingkang sedya dateng swarga, mangka leresipun boten gadah
wewenang dateng swarga, manawi meksa, wenang lajeng dipungada. Kaping kalih wenang meksa dateng naraka dateng nyawa
ingkang mestinipun kedah kacemplungaken neraka, manawi
boten purun kenging kaglandang, manawi bangga kenging
lajeng dipun-gada. Gadanipun Sang Hyang Yamadipati punika
saged damel luluh amor kisma, utawi ajur dados saglepung
miber, ananging boten saged adamel pejah, malah ingkang
sampun luluh utawi ajur punika tungtum pulih malih, nanging
angger ambangkang malih dateng parentahipun inggih dipungada malih. Makaten salajengipun, tanpa kendel manawi dereng
nurut.
Panglaras
Cariyos ing nginggil punika namung prelu kangger ngajrihajrihi dateng manahing tiyang muda punggung, supados ajrih
nglampahi pandamel ingkang dados awisaning agaminipun,
purun nurut dipun-pardi dateng kasaenan.
Satunggaling pamanggih sajatosipun: ingkang binasakaken
sedya dateng swarga, dipun wangsulaken dening Sang Hyang
Yamadipati, manawi meksa bade nekad, dipun-gada, luluh lajeng
pulih, manawi taksih adreng, dipun-gada malih, makaten
salajengipun, boten sampun-sampun manawi dereng purun

mundur ing sedya; punika tegesipun: tiyang gadah pepenginan,


mangka sedya nuruti pepenginanipun, kaliyan dipun-sembadani
ing pambudi, ngantos dipun-jangkah kaliyan sarosa, boten saged
kacepeng, sampun tamtu manahipun sangsara kados dipun-gada
wesi. Manawi taksih adreng, dereng sedya mundur. Dereng
sagek narimahaken manahipun, sangsaraning manah tamtu bade
kapanjang-panjang anglantur. Muhung menawi sampun sedya
mundur, saha sampun saged narimahaken manahipun, punika
ingkang binasakaken sampun mundur sedyanipun adreng
dateng swarga, gadanipun Sang Hyang Yamadipati sampun
boten mumawah malih. Dene ingkang binasakaken dipuncemplungaken dateng naraka sedya bangga, inggih dipun-gada,
luluh pulih bangga malih, inggih dipun-gada malih, makaten
salajengipun, ngantos nurut, saweg kendel panggadanipun,
punika tiyang ingkang ajrih ing manah jalaran rumaos bade
manggih sangsara utawi pituna, utawi sampun manggih
sangsara utawi pituna manahipun nglumba jola-jola karoncalan
boten wantala, punika raosing manah saestu inggih kados dipungada wesi. Beda kaliyan manawi sangsara utawi pituna punika
sampun dipun-ajengi, tamtu boten adamel gemparing manah
sanget-sanget, tarkadang kados boten wonten punapa-punapa
kemawon.
Manusa punika prelu sanget angupakara manahipun,
kaulah supados boten gampil kataman ing sedih prihatin,
ingkang jalaran boten saged katurutan pepenginipun; saha
supados boten sanget geter jalaran giris angadepaken baya
pakewed, utawi kalebet ing bilahi. Sagedipun makaten,
pepenginan punika sampun sanget-sanget dipun-kajengaken;
bilahi punika sampun sanget-sanget dipun-tampik. Mila wonten
piwulang: Aja bungah-bunggah yen nemu kauntungan; aja susah
yen nemu kapitunan. Malah wonten piwulang: Pepenginan
punika kaanggep bebaya ingkang anuntun dateng pakewed;
ingkang limrahipun dipun-wastani bilahi kapurih nantang
supados anempuh. Sawenehing ahli pamikir, pamanggihipun:

Sadaya ingkang pinanggih ing manusa boten wonten ingkang


boten saged damel seneng, sadaya saged damel seneng, dados
sadaya sami kemawon, boten wonten ingkang kedah dipuntampik
dipun-pilih.
Ahli
pamikir
sanesipun
malih
pamanggihipun: Ing alam donya punika pancen panggenan sakit
sakeca, begja cilaka, sapanunggilanipun kalih-kalihipun punika
tamtu pinanggih, tiyang boten saged nampik salah satunggal
utawi namung bade manggih salah setunggal, sadaya kedah
dipun-ajengi, pundi ingkang pinanggih kedah sinandang. Awit
sampun pacanganipun, dados namung kados pundi supados
saged ajeng. Saking pamanggihipun ingkang ngarang serat
punika, wewarahipun para ahlih pamikir sadaya wau wosipun:
manusa punika prelu kedah nyantosakaken manahipun, sampun
ngantos sanget-sanget gampil kebanting dening ombaking
kadonyan.
GADING
Gadingipun Batara Gana, inggih Sang Hyang Durmaka
Batara Guru kagungan dedamel Gading, inggih punika
gadingipun piyambak, amargi mustakanipun rupi sirah dirada,
mila ugi kasebut Sang Hyang Durmuka, awit dene
mustakanipun rupi sirahing sato.
Nalika prang mengsah Prabu Nilarodraka, Jaksendra ing
Lenapura, gadingipun dipun-tamakaken dateng Prabu
Nilarodraka, boten tumama, malah ngantos putung, nanging
sareng sampun putung, putunganipun dipun-tamakaken sarana
kasawataken angengingi, malah tumama, Sang Jaksendra
Nilarodraka pejah ing adilaga.
Panglaras
Jaksa punika danawa siluman, pralambanging hawa napsu,
pepenginan, kamurkan, sapanunggilanipun, bangsanipun
pamurunging lampah dateng kamuksan-utami, ingkang

10

mestinipun kedah kasirep, dipun-pepejah. Sato, punika inggih


pralambanging hawa napsu, satwa, satwam. Sirah dirada utawi
sirah sato, kajengipun: angagem warana (topeng) badan hawa
napsu. Gading punika dedameling dirada, utawi dedameling
sato, kajengipun: dedameling hawa napsu, Jakasendra
Nilarodraka boten saged pejah dening gadingipun Sang Hyang
Gana, tegesipun: pepenginan punika boten saged kandeg dening
dipun-pituruti kajengipun. Bade mejahi kamurkan sarana dipunpituruti kekajenganipun punika, saminipun bade mejahi latu
sarana dipun-grujug lisah, boten saged pejah malah mubal.
Nanging sareng gading sampun putung, dipun-tamakaken
malih, Sang Jakasendra anemahi pejah, tegesipun: sareng hawa
napsu boten dipun-pituruti kajengipun, polahipun boten kangge
nuruti pepenginanipun, kantun nindakaken pandamel kemawon,
boten melikaken wohipun, punika hawa nepsu, pepenginan,
kamurkan, sapanunggilanipun, anemahi pejah.
Batara Gana, asirah dirada, sampun putung gadingipun,
tegesipun: nindakaken pandamel kados sacaranipun tiyang
ingkang abadan hawa napsu, nanging sajatosipun boten
melikaken wohing pandamelipun kados salimrahing tiyang
ingkang taksih abadan hawa nepsu.
Nindakaken pandamel ingkang boten melikaken dateng
wohipun punika, dipun-wastani seleh pandamel sarana
kawicaksanan,
mila
Batara
Gana
sinebut
dewaning
kawicaksanan.
KALANADAH
Kalanadah punika duwung, kadadosan saking siyungipun
Sang Hyang Kala, nalika Sang Hyang Kala taken bapa dateng
Sang Hyang Guru, kadawuhan sujud, sareng saweg sujud,
enggal dipun-jengku, sarta kaputung siyungipun, putunganipun
dados duwung, sinung nama kalanadah.

11

Panglaras
Lampahing pangastuti punika ingkang wigatos piyambak
memejah hawa napsu.
JEMPARING SEKAR
Jemparing sekar punika jemparingipun Batara Kamajaya,
inggih Sang Hyang Kusumasara, inggih Sang Hyang
Kusumayuda, inggih Sang Hyang Kama, inggih Sang Hyang
Asmara, ing kahyangan Cakrakembang; janipun saged nenarik
asmara, akarya kung lulut; angrancana tiyang ingkang sedya
mesu brata mati raga, mangun tapa, angeningaken jiwangga.
Kacariyos nalika Sang Hyang Jagadnata saweg mangun tapa
brata mati raga angeningaken jiwangga, wonten sukuning redi
Mahameru, lenggah sangajenging guwa, sangandaping kajeng
Darsana, kaprenah ing gumuk angongkang talaga; Sang Hyang
Kamajaya supedya mungu anggenipun anggenipun Sang Hyang
Jagadnata mangun tapa pinda kapati nendra, lajeng anjawahi
jemparing sekar; Sang Hyang Jagadnata kagyat ngantos dawah.,
wungu pungun-pungun kengetan memanisipun Dewi Uma,
temah kangen mangun langening asmara; dupi priksa ingkang
ngrancana sariranipun punika Batara Kama, sangat duka
sanalika tiwikrama, Sang Hyang Kama pinandeg kobar luluh
dados awu.
Panglaras
Kama, punika basa Sangskrita, ingkang tegesipun: Kajeng
(karep), pepenginan,. Asmara tegesipun sengsem. Jemparing
sekar, kajengipun: ingkang sarwa adi endah, sarwa edi peni,
sarwa manis arum, sarwa nenarik ing manah, sarwa
nengsemaken, sarwa milangeni, sarya mikatoni. Punika saestu
dados pangrancana dateng ingkang sedya anggayuh kamuksan
utami. Jemparingipun Sang Hyang Kama punika sajatosipun
inggih namung nunggil misah kemawon kaliyan sariranipun
Sang Hyang Kama, mila Sang Hyang Kama inggih jejuluk Sang

12

Hyang Kusumasara, ingkang ugi ateges jemparing sekar. Sang


Hyang Kama angrancana temah kinarya lena ing asmaragni
dening Batara Guru, kajengipun: pepenginan punika sarehning
dados pamurunging kamuksan utami, kedah binengkas, ingkang
ngantos sirna basmi.

13

Anda mungkin juga menyukai