Anda di halaman 1dari 4

www.alangalangkumitir.wordpress.

com
Oleh : Mas Maskumitir 1

ILMU SIR KESEMPURNAAN HIDUP


Anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan
pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para
wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh
kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan wau
thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning
Pangeran, rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng Nabi.
Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa
iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji.

Inilah sebuah petunujuk yang benar yang menjelaskan tentang ilmu sirr
kesempurnaan hidup, yang berakar dari ajaran para ahli hikmah di tanah Jawa,
yang hendak membuka hakikat kesempurnaan sejati, sebuah pelajaran dari
kitab Tasawuf, tersingkapnya ajaran ini terpancar dari kebersihan jiwa
heningnya alam pikiran, yaitu tanggapnya rasa atas cipta Tuhan, dengan ihlash
mengawali pelajaran ini yakni dengan menukil Firman Allah kepada Nabi
Musa AS yang bermakna : Yang sebenar- benar manusia itu adalah kenyataan
(adanya) Tuhan, dan Tuhan itu Maha Esa.

Pangandikaning Pangeran ingkang makatên wau, inggih punika ingkang


kawêdharakên dening para gurunadi dhatêng para ingkang sami katarimah
puruitanipun. Dene wontên kawruh wau, lajêng kadhapuk 8 papangkatan,
sarta pamêjanganipun sarana kawisikakên ing talingan kiwa. Mangêrtosipun
asung pêpengêt bilih wêdharing kawruh kasampurnan, punika botên kenging
kawêjangakên dhatêng sok tiyanga, dene kengingipun kawêjangakên, namung
dhatêng tiyang ingkang sampun pinaringan ilhaming Pangeran, têgêsipun
tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi pangangên-angênipun
(ciptanipun).

Firman Allah yang demikian ini yang diajarkan oleh para ahli (mursyid)
kepada sesiapa yang diterima penghambaannya(salik). Dimana ajaran itu,
kemudian teringkas menjadi 8 hal, penyampaiannya dengan cara membisikkan
ke telinga murid sebelah kiri. Pemahaman semacan ini memberikan pengertian
bahwa ilmu 'kasampurnan' ini tidak seyogyanya diajarkan kepada sembarang
orang, kecuali kepada orang-orang yang telah mendapat hidayah dari Allah
SWT, artinya orang yang telah tercerahkan dirinya (ciptanya).

Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos sêrat punika
sayuginipun sinêmbuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning
sagêd anampeni saha angêcupi suraosing wejangan punika, awit suraosipun
pancen kapara nyata yen saklangkung gawat. Mila kasêmbadanipun sagêd
angêcupi punapa suraosing wêjangan punika, inggih muhung dumunung ing
ndalêm raosing cipta kemawon.

Maka dari itu, barang siapa yang sudi membaca tulisan ini seyogyanya
berlandaskan permohonan kepada Allah, agar kiranya dapat terbuka ciptanya

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir 2

hingga mampu menerima dan memahami maknanya, karena makna dari ajaran
ini ternyata sangat rumit/berbahaya. Maka bisanya memahami ajaran ini tidak
lain hanya berada di dalam cipta - rasa pribadi.

Mila inggih botên kenging kangge wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng
nunggil raos, inggih ingkang dereng kêparêng angsal ilhaming Pangeran.
Hewa dene sanadyana kangge wiraosing kaliyan tiyang ingkang dereng
nunggil raos, wêdaling pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi,
mangêrtosipun kêdah angen mangsa lan êmpan papan saha sinamun ing
lulungidaning basa.

Maka tidak boleh kiranya untuk didiskusikan dengan orang yang belum sapai
atau belum menunggal rasanya dengan kita, yaitu orang yang belum menerima
hidayah dari Allah SWT. Walau demikian seandainya harus disampaikan
kepada orang yang belum sampai, hendaknya disampaikan dengan sangat hati-
hati, melihat situasi- kondisi, waktu dan tempat yang tepat serta disampaikan
dengan kiasan bahasa yang indah.

Mênggah wontêning wêwêjangan 8 pangkat wau, kados ing ngandhap punika:

Delapan wejangan tersebut di atas, sebagaimana di bawah ini:

I, 1. Wêwêjangan ingkang rumiyin, dipun wastani: pitêdahan wahananing


Pangeran, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng Nabi Mohammad
s.a.w. Makatên pangandikanipun: Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih
awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku ingsun, ora ana
Pangeran nanging ingsun sajatine kang urip luwih suci, anartani warna aran
lan pakartiningsun (dat, sipat, asma, afngal).

I. 1 Wejangan yang pertama, disebut pelajaran akan sifat-sifat Allah.


Sebagaimana firman Allah kepada Nabi Muhammad SAW yang bermakna
kurang lebih begini: Sesungguhnya tidak ada apa-apa tatkala sebelum masa
penciptaan, yang ada (paling awal) itu hanya Aku, tidak ada Tuhan kecuali
Aku yang Hidup dan Maha Suci baik asma maupun sifatKu (dzat, sifat, asma,
af'al).

I, 2. Mênggah dunungipun makatên: kang binasakake angandika ora ana


Pangeran nanging ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sajatosipun inggih
gêsang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, mênggahing warna nama lan
pakarti kita, punika sadaya saking purbawisesaning Pangeran kita, inggih kang
sinuksma, têtêp tintêtêpan, inggih kang misesa, inggih kang manuksma,
umpami surya lan sunaripun, mabên lan manisipun, sayêkti botên sagêd den
pisaha.

I. 2. Yang dimaksud begini: Yang digambarkan tiada tuhan kecuali aku,


hakekat hidup yang suci, sesungguhnya hidup kita ini adalah melambangkan
citra Allah, sedang nama dan perbuatan kita itu semua berasal dari

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir 3

Kemahakuasaaan Allah, yang 'menyatu' ibarat matahari dan sinarnya, madu


dengan manisnya, sungguh tiada terpisahkan.

II, 1. Wêwêjangan ingkang kaping kalih, dipun wastani: Pambuka kahananing


Pangeran, pamêjangipun amarahakên papangkatan adêging gêsang kita
dumunung ing dalêm 7 kahanan, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng
Nabi Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Satuhune ingsun
Pangeran sajati, lan kawasan anitahakên sawiji-wiji, dadi padha sanalika saka
karsa lan pêpêsteningsun, ing kono kanyatahane gumêlaring karsa lan
pakartiningsun, kang dadi pratandha.

II.1 Wejangan yang kedua adalah : Pengertian adanya Allah., Wejangan ini
mengajarkan bahwa elemen hidup kita ini berada pada 7 keadaan,
sebagaimana firman Allah kepada Muhammad SAW yang maknanya begini:
Sesungguhnya Aku adalah Allah, yang berkuasa menciptakan segala sesuatu
dengan kun fa yakun dari qodrat dan iradatKu, yang demikian ini menjadi
pertanda bahwa Allah Maha Kuasa atas segala sesuatu.

II, 2. Kang dhihin, ingsun gumana ing dalêm awang-uwung kang tanpa
wiwitan tanpa wêkasan, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.

II.2. Yang pertama, Aku ada dalam ketiadaan yang tanpa awal serta tanpa
akhir, itulah alamKu yang Maha Gaib.

II, 3. Kapindho, ingsun anganakake cahya minangka panuksmaningsun


dumunung ana ing alam pasênêdaningsun.

II, 3. Kedua, Aku mengadakan cahaya sebagai manifestasiKu, berada dalam


kehendakKu.

II, 4. Kaping têlu, ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan


dadi rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaraning wiji.

II, 4. Ketiga, Aku menciptakan bayang-bayang sebagai pertanda citraKu, yang


berada pada alam kejadian/penciptaan (mula-jadi).

II, 5. Kaping pat, ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha


kauripaningsun, dumunung ana ing alaming gêtih.

II. 5. Keempat, Aku mengadakan ruh sebagai pertanda hidupku, yang berada
pada darah.

II, 6. Kaping lima, ingsun anganakake angên-angên kang uga dadi


warnaningsun, ana ing dalêm alam kang lagi kêna kaumpamaake bae.

II, 6. Kelima, Aku mengadakan angan-angan yang juga menjadi sifatku, yang
berada pada alam yang baru boleh diumpamakan saja.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir 4

II, 7. Kaping ênêm, ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan


pêncaring angên-angên kang dumunung ana ing dalêm alaming badan alus.

II, 7. Keenam, Aku mengadakan budi, yang merupakan kenyataan penjabaran


angan- angan yang berada pada alam ruhani.

II, 8. Kaping pitu, ingsun anggêlar warana kang minangka kakandhangan


sakabehing paserenaningsun. Kasêbut nêm prakara ing dhuwur mau tumitah
ana ing donya iya iku sajatining manungsa.

II, 8. Ketujuh, aku menggelar akal sebagai sentral/wadah atas semua


ciptaanku. Enam perkara tersebut di atas tercipta di dunia yang merupakan
hakikat manusia

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

Anda mungkin juga menyukai