Anda di halaman 1dari 2

SESORAH PERPISAHAN SISWA KELAS XII

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing kampus SMA
N 1 XXX ingkang kita remeni menika. Kita sedaya ngempal ing kampus menika nggadahi
maksud utawi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para siswa kelas XII menika sampun
ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SMA kangge ngelanjutaken
ing jenjang luwih dhuwur. 

Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan, Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula urmati,
sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun kula
matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih samodra
pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami.

Para rawuh, mangga kita sesarengan mucap padya puja padyastuti wonten ngarsanipun
Gusti ingkang Maha Agung, inggih menika Gusti Allah SWT. Ingkang sampun paring taufik
walhidayahipun dumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin.
Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan,
sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita
kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur “pedhot kekancan”.
Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah.
Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung
ngunduraken rencang-rencang kelas XII mawon, ananging luwih saking menika supados
rencang-rencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi
mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun.
Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih
abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah
dipunrampungaken. Mula kita kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon
ongkang para erncang cita-citaaken saged dipungayuh. Boten namung kita mawon ingkang
bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga.
Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging
wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge do’a
mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bapak lan Ibu guru
katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.  
Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu
kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai