Anda di halaman 1dari 5

Nama: Astuti Fidia Utami Kelas : XB / TKJ 1 No : 10

TUGAS BAHASA JAWA

Babad Wedhi Pasisir Sorene sore jingga wengine wengi biru kembang pandhan mesem marang mbulan tangane ngawe-awe sajak kemayu apa hiya iki dayane layang atimu sing jare bakal ditulis kalane ijen lan sendhang mung amping-ampingann jendhela sing wengi iki isih panggah binuka? biyen aku nate apal gojegmu kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan ing lemah suwung pinggire taman ora ketang mbalang liring sambi mungkur nyamudana wingkis sakehing kekarepan nutup kudhuping kekembangan iki babad wedhi pasir pinaes ganda aruming mawar rarasing riris dhadha kumesar

Nama: Astuti Fidia Utami Kelas : XB / TKJ 1 No : 10

PETENGING WENGI sumribit angin ngelus langit sore manuk sriti bali ing pucuking cemara nganti tekaning wengi sing nyenyet gawang-gawang katon pasuryanmu gawe tambah kekesing angin sore tumlawung rasa kang ngulandara wengi bakal tumeka maneh bareng karo wewayanganmu kang bakal ngebaki impen petenging wengi lumaku turut petenging lurung bakal gawang-gawang campur mega-mega apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

Nama: Astuti Fidia Utami Kelas : XB / TKJ 1 No : 10

PEPADANG BAKAL TUMEKA angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun bumi kang kapidak kebak sinengker anggawa ganda bacin manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore peteng kang gemuleng ing angganing manungsa wus sinerat ana ing kitab duk ing uni pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah kanggo kita sami jalma manungsa kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun amadhangi sakendhenging jagat raya mara gage kita sami tumenga ing angkasa mangayubagya rawuhipun sang pepadhang kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga mangestu nampi pepadhang ..

Nama: Astuti Fidia Utami Kelas : XB / TKJ 1 No : 10

WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene saklawase ora nate ketemu saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur ana cerita rinajut endah dik, kala kala sliramu isih dadi impenku pirsanana ana nduwur kae ana teja manther ing sela-selaning gegodongan lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen simpenen kangenmu ana impen ***

Nama: Astuti Fidia Utami Kelas : XB / TKJ 1 No : 10

SEDYAKU Wis, Jeng Aku sumeleh nyelehake pangarep-arepku marang katresnan lan kawigatenmu sing semu yen nyatane amung semene cunthele lelakonku Pepenginku tansah sumandhing lan nresnani sliramu kudu dakprunggel sing luwih wigati, Jeng donga lan pengestumu wae tansah mili kanggo aku Wis, Jeng aku pamit becik njembarake pikir nggayuh kabegjan mring ati lan katresnan satuhu tan ora binagi ing liyan sempurna ing guritan siji

Anda mungkin juga menyukai