Anda di halaman 1dari 3

SESORAH JAWI

MIKUL DHUWUR MENDHEM JERO


HELMANU KURNIADI

Assalamu'alaikum wr wb,

Tresna asih Pangeran mugi tansah manunggal ing kita.

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh


ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-
pundhi saha kinabekten. Para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga
murdaning akrami.

Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng
Pangeran, mugi rahayuha sagung dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng
panjenengan sadaya hangluberna dhumateng kawula.

Nalikanipun Nabi Allah Ibrohim AS mboten diparingi putra sakin Allah SWT dangunipun
ngantos sedasa warso langkung. Nabi Allah Ibrohim AS ndedonga, munajad, nyenyuwun
dumateng Allah SWT. Nopo donganipun Nabi Ibrohim?
Wonten ingkang pirsa mboten? Wonten ingkang pirsa?
Nabi Ibrohim mboten nyuwun dumateng Allah putra ingkang pinter? Mboten.
Nabi Ibrohim mboten nyuwun dumateng Allah putra ingkang sugih? Mboten
Nabi Ibrohim mboten nyuwun dumateng Allah putra ingkang gagah kados kulo? Mboten.

Nanging nopo donganipun Nabi Allah Ibrohim?


Robbi habli minassolihiin (Allah)
Duh gusti Allah, mugi maringi dumateng kulo keturunan-keturunan ingkang sholeh
Menopo toh sebabipun Nabi Ibrohim nyuwun dumateng Allah putra ingkang sholeh dan
sholehah? Sebabipun, tiyang ingkang sholeh insya Allah pinter, tiyang ingkang pinter
dereng mesti

Menawi putro ingkang sholeh, piyambakipun yakin lan mangertos, bilih piyambakipun lair
saking guogarbonipun kang ibu, wonten kandutanipun dangunipun 9 sasi.

Ibu? Ibu wekdal ngandut keng putra awrat sanget nggih bu? Awratipun masa Allah nggih
bu?
Wonten ingkang 9 sasi, wonten ingkang 14 sasi, pas mbabar sampun kumisen. Dereng
malih, nalikanipun nyidam, nggih bu?

Meniko perjuangan ibu kito, nglairaken putronipun, kantun kito dados putronipun
kepripun? Menopo ingkang saged dipun aturaken dumateng tiyang sepah kalih kito?

Kedahipun, kito sami ndedonga, nyenyuwun dumateng Allah SWT,

Duh gusti Allah, kulo nyuwun ngapuro, sekathahe dosa kulo, ugi dosanipun tiyang sepah
kalih kulo. Mugi Allah paring welas asih dumateng tiyang sepah kulo, kados tiyang sepah
kulo welas asih dumateng kulo wiwit kulo alit.

Perjuangan tiyang sepah meniko sanget-sanget awrat, Subhanallah. Ibu kito, Subhanallah.
Tiyang sepah kito, mustokonipun dipun dadosaken samparan, samparanipun dipun
dadosaken mustoko, kangge putronipun. Selajengipun, nopo ingkang saget kito aturaken
dumateng tiyang sepah kito? Nggih meniko dados putro ingkang sho..., ingkang sholeh.

Ida matabnu adama inkoto'a amaluh ila min salasin: Sodaqotin jariatin, au ilmiyun tafa'u
bih, auwaladin sholih yad' ulah

Salah setunggalipun nggih meniko putro ingkang sholeh ingkang kerso paring donga
dumateng tiyang sepahipun. Kepripun menawi tiyang sepuh kito sampan nilar donyo?
Dongaaken, menawi taksih sugeng? Monggo sesarengan kitombiyantu ngagem tenogo kito!
Insya ...

Monggo sesarengan kito madosi ridhonipun tiyang sepah, monggo sesarengan kito madosi
berkahipun tiyang sepah, sebabipun menopo? Ridhollah bi ridhol walidain, wa sukhtullah
bi sukhtil ... walidain.

Ridhonipun Allah gumantung wonten ridhonipun tiyang sepah lan ugi murkanipun Allah
gumantung murkanipun tiyang ...

Menawi tiyang sepah kito ridho, insya Allah, Allah ugi ridho.

Ngibadah ingkang kathah, haji kaping tigo, dados kyai ingkang dipun hormati tiyang katha,
hananging, menawi kito durhoko dumateng tiyang sepah, sedoyo amal ibadahipun dipun
tolak dateng Allah Subhanahuwataala.

Ing kabudayan jawi wonten pitutur ingkang sae ,nggih punika:


MIKUL DHUWUR MENDHEM JERO
Dharmaning putra, mring yayah rena,
prayogi tansah nuladha lampah utama angreksa luhuring wibawa, kanthi sarana tumindhak
tumandhuk ingkeng susila anuraga.

Jangkebing andharan menika sumangga kita semak saklebeting pitutur cuplikan saking
pangandikanipun Begawan Abiyasa dumateng wayahipun Raden Janaka :

Mangkene yo ngger, senajanto wiwit cilik kowe wis ditinggal deneng sudarmamu prayoga
kowe ki teteb kudu bekti marang wong atuwamu. Ujaring para winasis kudu bisamikul dhuwur
mendhem jero. Tegese wajibe putra kudu njunjung kaluhurane wong tuwa nuladha laku utama lan
pakarti becik kang nate ditindakake wong tuwa. Bakal luwih prayoga menawa gelem nglestarekake.
Kejaba saka iku, kabeh pakarti ala kekurangan lan kacingkrangan kang disandang marang wong
tuwamu prayoga katutupana. Cukupa sinimpen tlenging kalbu menepna sak jroneng nala. Kang
tundhane bisa dadia kaca benggala sak jrongneng njangkah panjangka lan ngranggeh gegayuhan
kang kaidam idamake marang sedyamu.

Mugi-mugi mawon, kito sedoyo dados putro ingkang sholeh dan sholehah, amiin ya robbal
alamiin, ugi kito saged mikul duwur mendem jero tiyang sepah kulo lan panjenengan sami.

Minangka pungkasaning atur , menawi wonten gunyak-gunyuking wicara cawuh kliruning


basa kisruhing paramasastra miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama,
kawula nyuwun sihing samodra pangaksama. Matur Suwun, akhirul kalam wabilahi taufik
wal hidayah, wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai