Anda di halaman 1dari 5

Khutbah Jum’at Basa Jawa

Edisi : 77 12 Agustus 2022 M / 15 Muharram 1444 H

MENGETI DINTEN KAMARDIKAN INGKANG KAPING 77


Sumedi, S.Pd., MA

Khutbah I
َ
ً ْ َ َ َ َ ُ ْ َ َ ُ
َ ْ ُ َْ ْ َ َ ُ ْ ُ َ ْ ُ َ َ َ ْ ْ َّ ُ َْْ َ
،‫الدي ِن ك ِل ِه وكفى ِباهللِ ش ِهيدا‬ ِ ‫ى‬ ‫ل‬ ‫ع‬ ‫ه‬ ‫ر‬ ‫ه‬ ‫ظ‬ ‫ي‬
ِ ِ ِ ‫ل‬ ،‫ق‬ ‫ح‬ ‫ال‬ ‫ن‬ ‫ي‬
ِ ِ‫د‬‫و‬ ‫ى‬‫د‬ ‫ه‬ ‫ال‬ ‫ب‬ِ ‫ه‬‫ل‬‫و‬‫س‬ ‫ر‬ ‫ل‬‫س‬ ‫ر‬‫أ‬ ‫ي‬‫ذ‬ِ ‫ال‬ ‫هلل‬ ‫د‬ ‫الحم‬
َ َ َ ََّ ُ َ َ َ َ َ َُّ ََّ ُ ْ ُ َ ً َ ُ َّ َ ُ َ ْ َ َ ُ َّ َ َ َ ْ َ ُ َ ْ َ
‫ َّللَا ص ِل على س ِي ِدنا محم ٍد وعلى آ ِل ِه‬, ِ‫ وأشهد أن محَّمدا رسول اهلل‬,‫أشهد أن لا ِإله ِإلا اهلل‬
َ
ُ َْ َ َْ َ ْ َ ْ َ
‫ أما بعد‬,‫َوصح ِب ِه اجم ِعين‬
َ ْ َ ْ َْ َ ْ ُ ْ ْ ُ
َ‫ أ ُع ْو ُذ ب من‬،‫ث َق َال تَ َب َار َك َو َت َعالَى‬ُ ْ َ َّ َ َ َ َ َ
‫ أو ِصيكم ونف ِسي ِبتقوى اهللِ عز وجل حي‬، ِ‫ِع َباد اهلل‬
َ
ِ ِ‫ِ اهلل‬
َّ
َّ ‫الش ْي َطان‬:
‫الر ِج ْي ِم‬ ِ
َ ْ ُ ْ ُ ْ ََُْ َ َُْ َُ َ َ َُ َ َ َ ُ َ ُ َ َْ َ َ َُ َ
‫يا أيها ال ِذين آمنوا اتقوا اهلل حق تق ِات ِه ولا تموتن ِإلا وأنتم مس ِلمون‬
ً َ َ ُ ْ َ ََ َ َ ْ َ َ ْ ََ َ َ َ َ َْ ْ ْ ُ َ َ َ َ ُ
ُ َ َ َُ ُ َ َ َُ َ
‫احد ٍة وخلق ِمنها زوجها وبث ِمنهما ِرجالا‬ ِ ‫يا أيها الناس اتقوا ربكم ال ِذي خلقكم ِمن نف ٍس و‬
ُ َ َ ََّ َ َ َ ْ َ ْ َ َ َُ ََ َ ََّ َُ َ ً َ َ ً َ
ً‫ان َع َل ْيك ْم َرقيبا‬ ‫ك ِثيرا و ِنساء واتقوا اهلل ال ِذي تساءلون ِب ِه والأرحام ِإن اهلل ك‬
ِ

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.


Alhamdulillah sedaya pangalembana kagunganipun Allah Subhanahu wa
Ta’ala ingkang taksih gesangaken iman wonten ing salebetipun diri kita,
sahingga kita taksih pinaringan wekdal supados tansah nyelak dhumateng
panjenenganipun lumantar amal-amal ketaatan, lan mugi-mugi Allah tansah
paring kesabaran sarta istiqomah ingkang supados tansah wonten ing
marginipun kesaenan saha margi ingkang leres.

Shalawat lan salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng Nabi Muhammad


Shalallahu ‘alahi Wa Salam, dhumateng keluarga, para sahabat ingkang
minulya, para tabi’in lan tabiut tabi’in saha sinten kemawon saking umatipun
ingkang tansah sabar midherek saha nindakaken sunnah-sunnahipun. Mugi-
mugi benjang wonten ing dinten kiamat kita dipun akeni pinangka umatipun
saha pinaringan syafa’atipun. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.

DEWAN DAKWAH ISLAMIYAH INDONESIA KAB. GUNUNGKIDUL


Sekretariat : Jl Wanagama No. 5 Gading, Playen, Gunungkidul. WA : 0878-3993-7878 www.ddiigk.or.id
KHUTBAH JUM’AT BASA JAWA- DDII KAB. GUNUNGKIDUL

Boten kesupen pinangka khatib ngemutaken sumangga tansah ningkataken


iman lan takwa kita dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu
ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah, kados Firmanipun:
َ َ َ َ ْ ُ َ
‫“ َوت َز َودوا ف ِإن خي َۡر ٱ َلز ِاد ٱلتق َۡوى‬Lan sira ngupadiya sangu. Mangka satemene sak
becik-becike sangu yaiku Takwa.” (Al-Baqarah: 197)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,


Wulan punika mujudaken wulan ingkang saestu bersejarah tumrap Bangsa
Indonesia. Inggih rikalanipun Bangsa Indonesia lepas saking penjajah. Wulan
punika ngemutaken kita supados muhasabah, mawas diri.
Saking Syaddad bin Aus ra, saking Rasulullah SAW sampun paring sabda:
ْ َ ْ َ َ َ ُ َْ َ َ َ ْ
‫الك ِي ُس َم ْن دان نف َسه َوع ِمل ِلما َبعد ال َم ْو ِت‬,
َ َ َ َ ََ َ َ َ َ ُ َ َْ َ ََْ ْ َ ُ َ ْ َ
‫اهلل‬
ِ ‫اجز من أتبع نفسه هواها وتمنى على‬ ِ ‫والع‬
“Wong kang lantip (cerdas) yaiku wong kang mawas diri, sarta ngamal kanggo
penguripan sak uwise matine. Dene wong kang ringkih yaiku wong kang nuruti
nepsune sarta duwe pengangen-angen marang Allah SWT.”
(HR Tirmidzi)

Bangsa Indonesia sampun sak mesthinipun sami mawas diri kados pundi
para pejuang saha para ulama sinengkuyung para santrinipun anggenipun
ngrebut kemerdekaan bangsa punika. Mboten namung raga kemawon
ingkang dipun korbanaken ananging ugi jiwa, tenaga, penggalihan, sedaya
dipun korbanaken kagem kamardikan Bangsa punika.

Negara kita sakmenika sampun aman sentosa saha langkung sae tinimbang
77 tahun ingkang sampun kawuri. Sampun sak mesthinipun kita ngaturaken
pamatur nuwun dhumateng jasa-jasa para pahlawan kita ingkang sampun
sowan dhumateng Allah. Rasulullah SAW. paring sabda:
َّ ُ ْ َ ْ َ َ َ ُ َْ َ ْ َ
(‫ (رواه أحمد والترمذي‬.‫من ل ْم يشك ِر الناس لم يشك ِر اهلل‬
“Sapawae kang ora matur nuwun marang pepadhaning manungsa, ateges
dheweke ora duwe syukur marang Allah.” (HR. Ahmad & Tirmidzi)

Pinangka wujud matur nuwun kita dhumateng para pejuang inggih punika
kedah njagi saha ngrimat persatuan bangsa Kita.

Edisi 77 | 12 Agustus 2022 M / 15 Muharram 1444 H 2


KHUTBAH JUM’AT BASA JAWA- DDII KAB. GUNUNGKIDUL

Allah SWT sampun paring firman:


ُ ََ َ ً َ َ َ َ ْ
‫اهلل ج ِميعا َولا تف َرقوا‬
ِ ‫َواعت ِص ُموا ِبح ْب ِل‬
“Lan padha gegondhelana sira kabeh marang tali Allah kanthi bebarengan lan
sira aja padha crah” (QS. Ali ‘Imron; 103)

Menawi kita niti priksa wonten ing sejarah Islam, kita badhe sumerep bilih
Rasulullah SAW mujudaken tokoh agung pejuang pembebasan saha
kemerdekaan.
Panjenenganipun sampun mbebasaken umat manungsa saking mawerni-
werni penjajahan saha penghambaan dhumateng sesaminipun manungsa.

Sejarah sampun paring bukti dhumateng kita ing rikalanipun kanjeng Nabi
dipun utus kawontenanipun manungsa sampun tebih saking paugeran saha
tuladha saking para rasul saderengipun.

Piyambakipun dados hamba tumrap hawa nepsunipun piyambak. Sami sasar


anggenipun ngupadi paugeran lan tumindak bodo kanthi nyembah patung lan
berhala ingkang dipun damel piyambak. Golongan ingkang kuat tumindak
sewenang-wenang kanthi ngrampas hakipun tiyang sanes ingkang ringkih.
Golongan ingkang ringkih tansah dipun tindhes saha dipun jajah. Kebodohan
awit mboten mangertosi pundi ingkang leres lan pundi ingkang lepat tansah
nyekethem sahingga zaman kala semanten kasebat zaman jahiliyah.

Awit makaten dipun utusipun Rasulullah SAW supados mbebasaken


masyarakat saking sadengah penjajahan sae ingkang jasmani utawi rohani.
Perjuanganipun kawitan saking Mekah saha maujud kanthi wetah wonten ing
Madinah ingkang tundhonipun pinangka modhel masyarakat madani. Model
saha tata cara perjuanganipun kanjeng Nabi saestu dados pandom wonten ing
salebetipun mujudaken negari ingkang merdeka lan berdaulat.

Sidang Jum’ah rahimakumullah,


Pengetan dinten kamardikan punika ngemutaken dhumateng kita menapa
ingkang sampun kita tindakaken kagem ngisi kamardikan pun ika. Allah
sampun paring firman wonten ing Al-Qur’an surah At-Taubah, ayat 105:
َ
َ ُ ُ َ ُ َ َ َ َّ َ َ َ َ َ ُّ َ ُ َ َ َ ُ ُ َ ُ ُ ُ َ َ ُ َ َ ُ َّ َ َ َ َ ْ ُ َ ُ
‫َوق ِل ٱعۡملوا فسيرى ٱهلل عملكمۡ ورسول ۥه وٱلۡمؤۡ ِمنون وستردون ِإلى ع ِل ِم ٱلۡغي ِۡب وٱلشهد ِة فين ِبئكم ِبما‬
َ ُ َ َ ُ ُ
‫كنتمۡ تعۡملون‬

Edisi 77 | 12 Agustus 2022 M / 15 Muharram 1444 H 3


KHUTBAH JUM’AT BASA JAWA- DDII KAB. GUNUNGKIDUL

“Lan kandhakna (he Muhammad): Makarya-a sira mangka satemene Allah lan
Rasul-e sarta wong-wong kang padha iman bakal mirsani apa kang sira
tindakake lan sira bakal den balekake marang (Allah) Kang Maha
Ngawuningani perkara-perkara kang gaib lan kang nyata, sabanjure
Panjenengane nerangake marang sira apa wae kang sira tindakake”

Ayat kasebat paring tuntunan dhumateng kita supados ngisi gesang punika
kanthi tumindak ingkang sae kagem kepantingan wonten ing donya ugi
akhirat. Mboten wonten alasan kagem lirwa awit Allah sampun paring
kamardikan dhumateng kita. Kita patut muji syukur awit Allah paring
dhumateng kita nikmat kamardikan sahingga kita saget bebas nindakaken
ibadah, nyambut damel, pasinaon saha nglampahi gesang ingkang aman lan
damai.
Kamardikan saestunipun sanes tujuan ananging mujudaken wasilah utawi
jembatan emas kagem nggayuh cita-cita luhur Bangsa Indonesia inggih dados
bangsa ingkang merdeka, bersatu, berdaulat, adil lan makmur. Bangsa
Indonesia anggadhahi budaya ingkang ndadosaken saget nglestantunaken
saha njagi negeri punika ingkang lelandhesan Pancasila, UUD 1945, Binneka
Tungga Ika ing salebetipun Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI).

Pramila sumangga sami makarya ingkang sak pas kalian peran lan fungsi kita
wonten ing masyarakat, kita isi kamardikan punika kanthi ngathah-
athahaken amal sae saha makarya sak sae-saenipun sahingga Indonesia
dados negari ingkang baldatun thayyibatun warabbul ghafur Amin ya rabbal
alamin.

َ ُْ َ َ ُ َُ َْ ْ ُ
ُ‫العل ْيم‬ َ َ ْ
ُ َ
َ َ ْ َ ْ َ َ َ ْ َ ُْ َُ
ُ
ِ ‫أقول قوِلي هذا واستغ ِفر اهلل ِلي ولكم و ِلس ِائ ِر المس ِل ِمين ِإنه هو الس ِميع‬

Edisi 77 | 12 Agustus 2022 M / 15 Muharram 1444 H 4


‫‪KHUTBAH JUM’AT BASA JAWA- DDII KAB. GUNUNGKIDUL‬‬

‫‪Khutbah II‬‬
‫َ‬
‫َ َْ َ َ ُ ََ َ َ َ‬
‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َْ‬ ‫َ‬ ‫َ ْ َ َ َ َُ َ َ َ ُ َ َ ْ‬ ‫َ‬ ‫َْ ُ‬
‫اء والمرس ِلين ن ِب ِينا محم ٍد وعلى آلِ ِه‬ ‫المين والصلاة والسلام على أشر ِاف الأن ِبي ِ‬ ‫الحمد هللِ ر ِب الع ِ‬
‫َ‬
‫ْ َ َْ‬ ‫َ ْ‬
‫َوصح ِب ِه أجم ِعين‬
‫َ ُ َ‬ ‫َ َ َ َ َ ََ ََ ْ َ َُْ ْ َ َ‬ ‫َ ََ َ َ َُ َْ‬ ‫ََ َْ ُ َ َ َ ُ َ َ ُ َُ‬
‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫احش ماظهرومابطن‪ .‬واعلمواان اهلل امركم ِبأم ٍر‬ ‫َ‬
‫اما بعد ‪ :‬فياا يهاالناس ِاتقوااهلل تعالى‪ .‬وذروالفو ِ‬
‫َََ َ َ َ ُ ْ‬ ‫َََ ْ َْ‬
‫بدأ ِفي ِه ِبنف ِس ِه‪ .‬وثنى ِبملا ِئك ِة قد ِس ِه‪.‬‬
‫َ‬ ‫َ ََ َ َ َ ُ ُ َ ُْ َ َ‬ ‫َ َ َ َ َُّ َ َ َ َ‬
‫ْ َ َم ُ ْ َ ُ ْ َ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ ْ ً‬ ‫َ‬ ‫ُ‬ ‫َ ََ‬
‫ْ‬ ‫َ‬
‫فقال اهلل تعالى‪ِ :‬ان اهلل وملا ِئكته يصلون على النبى يا يهاال ِذين آ نواصلواعلي ِه وس ِلموا تس ِليما‬
‫ِ‬
‫َ‬ ‫ُ َ‬ ‫َ‬ ‫َْ ْ َ ََ ْ َ‬ ‫َ‬ ‫ُ ََ َ َ َ َْ َ َ َ َْ ْ َ َ َ‬ ‫َ َُّ َ َ َ َ ُ َ َ َ َ َ‬
‫اهيم‪ ،‬وب ِارك على محم ٍد‬ ‫آل ِإبر ِ‬ ‫اهيم وعلى ِ‬ ‫آل محم ٍد كما صليت على ِإبر ِ‬ ‫َّللَا ص ِل على محم ٍد وعلى ِ‬
‫َ َ َ ٌ َ ٌ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫اه ْي َم‪ِ ،‬إنك ح ِم ْيد ِمج ْيد‬ ‫ر‬ ‫َو َعلى آل ُم َح َم ٍد ك َما َب َارك َت َعلى إ ْب َراه ْي َم َو َعلى آل إ ْب َ‬
‫ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫َ َ‬ ‫َ‬
‫المؤم َنات الأ ْح َياء م ْن ُه ْم َوالأ ْم َ‬ ‫َ‬ ‫َ ْ َْ َ ْ‬ ‫ُ َ ْ ْ ُ ْ َْ َ ْ َ‬ ‫ْ‬
‫ات ِإنك َس ِم ْي ٌع‬ ‫ِ‬ ‫و‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫و‬ ‫ن‬ ‫ي‬ ‫ن‬ ‫م‬
‫ِ ِ‬ ‫المؤ‬ ‫و‬ ‫ات‬‫َّللَا اغ ِفر ِللمس ِل ِمين والمس ِل ِ‬
‫م‬
‫َ ْ‬ ‫ُ ْ‬ ‫َ‬
‫ق ِر ْي ٌب ِمجي ُب الدع َو ِة‬
‫َ َُ َ َ َ َ َ َ‬ ‫َُّ َ َ َ ْ َ ُ َ ُ َ‬
‫الغنى‬ ‫َّللَا ِإنا نسألك الهدى والتقى والعفاف و ِ‬
‫َ‬
‫َُّ َ ْ َ َ َ َ َ ْ َ َ َ َ ْ َ َ ْ َ َ َ ْ َ َ‬
‫َّللَا اك ِفنا ِبحلا ِلك عن حر ِامك وأغ ِننا ِبفض ِلك عمن ِسواك‬
‫َ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬
‫َ‬ ‫َُْ َ َ َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ُ َ َ َْ‬ ‫ُ‬ ‫َُّ َ ْ ْ َ َ َ َ‬
‫الآخر ِة‬
‫اب ِ‬ ‫ور ك ِلها وأ ِجرنا ِمن ِخز ِى الدنيا وعذ ِ‬ ‫َّللَا أح ِسن ع ِاقبتنا ِفى الأم ِ‬
‫َ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬
‫َ َُّ َ ْ ْ ُ َ َ ُ ْ َ َ َُّ َ َ ْ ُ ْ َ ْ َ َ ُ ُ ْ َ َ َ ُ ْ ْ َ َ ْ ُ ْ ْ َ َ َُّ َ ْ ْ‬
‫َّللَا أص ِلح ولاة أمو ِرنا‪َّ ،‬للَا و ِفقهم ِلما ِفي ِه صلاحهم وصلاح ا ِلإسل ِام والمس ِل ِمين َّللَا أب ِعد‬
‫َ‬
‫َْ َ َ َ َْ َ َْ‬ ‫ْ َ َ َ ْ َ ْ ْ ْ َ َْ ْ َ َ‬ ‫َ ْ ُ ْ َ ََ ُ ْ َ ُْ ْ‬
‫اص ِحين يا رب العال ِمين‬ ‫ِ‬ ‫الن‬ ‫و‬ ‫ر‬ ‫ِ‬ ‫ي‬ ‫خ‬ ‫ال‬ ‫ل‬ ‫ه‬ ‫أ‬ ‫م‬ ‫ه‬ ‫ي‬
‫ِ ِ ِ‬‫ل‬ ‫إ‬ ‫ب‬ ‫ر‬ ‫ق‬ ‫و‬ ‫ن‬ ‫ي‬ ‫د‬ ‫ِ‬ ‫س‬ ‫عنهم ِبطانة السو ِء والم ِ‬
‫ف‬
‫َ‬
‫ْ‬
‫ك أ ْن َت ال َو َهابُ‬ ‫ََ َ َ ُ ْ ُ ُ َ َ َْ َ ْ َ َََْ َ َ ْ ََ ْ َُ ْ َ َ ْ َ ً َ َ‬
‫ربنا لا ت ِزغ قلوبنا بعد ِإذ هديتنا وهب لنا ِمن لدنك رحمة ِإن‬
‫َ‬ ‫َ‬
‫ين إ َماماً‬ ‫ََ َ َ ْ ََ ْ ْ َ َ َ ُ َ َ ُ َ َ ْ ُ َ ْ َ َْ ُْ َ َ‬
‫اجنا وذ ِرياتِنا قرة أعي ٍن واجعلنا ِللمت ِق ِ‬ ‫ربنا هب لنا ِمن أزو ِ‬
‫َُْ َ َ ًَ َ ْ َ َ َ ًَ َ َ َ َ َ َ‬ ‫َ‬ ‫ََ َ‬
‫اب الن ِار‬ ‫آخر ِة حسنة و ِقنا عذ‬ ‫ربنا آتِنا ِفي الدنيا حسنة و ِفي ال ِ‬
‫َ‬ ‫اهلل َع َلى َنبي َنا ُم َح َمد َو َع َلى آله َو َص ْحبه َ‬
‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬
‫ان ِإلى يو ِم الدين‬ ‫س‬ ‫وم ْن َتب َع ُه ْم بإ ْح َ‬ ‫ِ‬ ‫َو َص َلى ُ‬
‫ٍ‬ ‫ِِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ٍ‬ ‫ِِ‬
‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬
‫َ َْ‬ ‫َْ ُ‬ ‫َ ْ َ‬
‫آخ ُر دع َوانا أ ِن الحمد هلل ر ِب العال ِمين‬
‫َ‬
‫و ِ‬
‫َ‬

‫‪Diedarkan untuk kalangan sendiri, bila terdapat kesalahan mohon untuk menghubungi redaksi.‬‬
‫‪Redaksi menerima sumbangan naskah khutbah Jum’at dengan mengirimkan‬‬
‫‪ke email : ddiigunungkidul@gmail.com atau Nomor Contact 0813 9200 3282‬‬
‫‪Naskah Khutbah dapat dibaca dan diunduh di www.ddiigk.or..id‬‬

Anda mungkin juga menyukai